Saking Ibnu Abbas sesambetan kaliyan Firman Allah:
فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ
Artosipun: “Mula aja siro nganiaya dhiri siro jroning sasi kang papat iku …”. (Qs. At Taubah: 36).
Ing sadayaning sasi, lajeng dipunkhususaken ing 4 sasi haram, Allah sampun dasosaken sekawan sasi punika sasi haram, ngagungaken kehormatanipun, ndadosaken dosa ingkang dipuntindakaken ing bulan-bulan kasebat langkung abot, mekaten ugi amal sholih lan pahala dados tikel-matikel. Dipunanjuraken ngatah-ngatahaken siyam sunnah lan amalan ibadah sanesipun.
Ma’asyiral muslimin,
Sayangipun kathah kaum muslimin lalai lan mboten rumaosi keagungan sasi menika. Kita sibuk kaliyan donya, kesupen siap nyambut Dzulhijjah lan Idul Adha, malah mboten njagi sasi suci Dzulqodah, Dzulhijjah, Muharram, dan Rajab saking tindakan reged lan dosa.
Kados Firman Allah Lebet QS. Yunus Ayat 7:
اِنَّ الَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ لِقَاۤءَنَا وَرَضُوْا بِالْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَاطْمَـَٔنُّوْا بِهَا وَالَّذذِيْنَ هُمْ عَنْ اٰيٰتِنَا غٰفِلُوْنَۙ
Artosipun: “Sabenere wong-wong kang ora ngarepake (ora percaya arep) partemon karo kita, lan ngrasa marem karo kauripan donya sarta ngrasa tenteram karo kauripan iku lan wong-wong kang melalaikan ayat-ayat kita.”
Lebeting Al Qur’An serat yunus ayat 7 dipunjlentrehaken menawi tiyang ingkang lalai inggih menika tiyang ingkang mboten ngajeng-ajeng menapa mboten percados badhe pepanggihan kaliyan Allah ta’ala, rumaos marem lan tentram kaliyan sugeng donya, lan mboten merhatosaken dhateng ayat-ayat Allah ta’ala.
Manungsa inggih menika makhluk ingkang labil. Manungsa sering lalai. Lalai kaliyan badanipun piyambak, kaliyan tiyang sanes, kaliyan lingkungan, lan kaliyan pengeranipun.
Lalai memang manusiawi, nanging bilih lalai menika sering dipuntindakaken lan dipunsengaja, menika sampun ngeliwati wates kemanungsan. Menika lah lalai ingkang dilarang, inggih menika lalai ingkang sering dipuntindakaken lan dipunsengaja.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..