Khutbah Jumat Menjelang Idul Adha PDF: Luruskan Niat dalam Berkurban (Bahasa Jawa)

Ilustrasi Niat Berkurban Idul Adha
Ilustrasi Niat Berkurban Idul Adha

KHUTBAH JUMAT I

   اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.  

Bacaan Lainnya

وَ إِنَّ أَصَدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ ، وَأَحْسَنَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ ، وَشَرَّ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا ، وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ ، وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلالَةٌ ، وَكُلَّ ضَلالَةٍ فِي النَّارِ

Hadirin jamaah jum’at, rahimakumullah

Sumangga Kita tilar sekedhap urusan donya kagem bertakwa dhateng Allah SWT kelawan nindakaken dhawuhipun Allah, inggih menika ngelampahi sholat jemuwah berjamaah wonten masjid ingkang suci menika.

Sholawat lan salam mugio tansah kunjuk katur dhumateng junjungan Kita Nabi Muhammad SAW kluwarginipun, sahabatipun lan mugi-mugi wonten ing yaumil qiyamah mangke Kita keparing syafaat saking kanjeng Nabi. Aamiin.

Perlu dipunmangertosi bilih judul Khutbah jemuwah dinten menika, inggih menika Lurusaken Niat Lebeting Berkurban.

Mboten dangu malih Kita badhe dumugi dinten Riyadin Idul Adha. Lan wonten dinten riyadin kasebat wonten ibadah ingkang agung inggih menika ibadah al-Udhiyyah, utawi ingkang asring Kita sebat kaliyan ibadah kurban. Lan ibadah kurban menika termasuk perintah saking Allah lan Rasul-ipun. Allah ta’ala berfirman:

 فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ

Sholato kanggo pengeran-mu lan nyembeliho (kanggo pengeran-mu) (QS. al-Kautsar: 2).

Rasulullah shallallahu ’alaihi wa sallampun bersabda:

 مَنْ كَانَ لَهُ سَعَةٌ وَلَمْ يُضَحِّ فَلَا يَقْرَبَنَّ مُصَلَّانَا

Sopo wonge nduweni kelonggaran rizki, nanging dheweke ora berqurban, mula aja tekani mushalla kita. (Hr. Ahmad 1/312, Ibnu Majah 3123, dihasankan al-Albani lebet Shahih Ibnu Majah).

Mila kita ngajak dhiri kita piyambak lan hadirin sedoyo kagem nindakaken ibadah ingkang mulia menika, lebet taat dhateng dhawuhipun Allah lan Rasul-ipun.

Hadirin jamaah jum’at, rahimakumullah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait