Momen kurban dados ajang kagem pamer banda, nginggilaken pamor, berlomba-lomba pamer kesugihan, nunjukaken bilih gadah pangkat utawi kedudukan wonten ing masyarakat.
Menika sedaya ingkang wajib dipuntebihi. Wajib kagem Kita supados ngikhlasaken sedaya amal ibadah semata namung ngajeng-ajeng Ridho Allah SWT, sanes kagem lintunipun Allah. Allah ta’ala berfirman:
وَمَا أُمِرُوا إِلَّا لِيَعْبُدُوا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ حُنَفَاءَ وَيُقِيمُوا الصَّلَاةَ وَيُؤْتُوا الزَّكَاةَ ۚ وَذَٰلِكَ دِينُ الْقَيِّمَةِ
“Kita ora perintah, kajaba kanggo nyembah allah semata lan murniake amal ngibadah mung kangge Allah ing ndalem (ngelakoni) agama kang lurus, lan supaya dheweke kabeh ngedegake shalat lan nglakoni zakat; lan kang mangkono iku lah agama kang lurus.” (QS. al-Bayyinah 5).
Ma’asyiral mukminin, rahimani wa rahimakumullah!
Wajib kagem ngikhlasaken sedaya ibadah Kita namung ngarep-ngarep Ridho Allah semata. Lan tiyang ingkang ngibadah kagem pados pujian saking manungsa, menika lah ingkang dipunwastani Riya’.
Tiyang ingkang ngibadah keranten riya, piyambakipun mboten angsal pahala babar pisan. Ibadah sia-sia mawon sepinten keselipun, sepinten agengipun banda ingkang dipun-dalaken. Nabi shallallahu ’alaihi wa sallam bersabda:
إِنَّمَا الْأَعْمَالُ بِالنِّيَّاتِ وَإِنَّمَا لِكُلِّ امْرِئٍ مَا نَوَى
“Sabenere kabeh amalan iki kedadeyan kelawan niyat, lan saben wong ngolehake sesuai karo apa kang dheweke niatke.” (HR. Bukhari no.1).
Hadirin jamaah jum’at, rahimakumullah
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..