Teks Khutbah Jumat Pasca Idul Adha: Keteladanan Keluarga Nabi Ibrahim (B. Jawa)

ilustrasi nabi ibrahim as
ilustrasi nabi ibrahim as

Saking peristiwa meniko kathah sanget tulodho ingkang saged kito pundhut kagem dipunterapaken lebet gesang meniko. Nabi ibrahim inggih meniko setunggaling Nabi ingkang sanes namung taat dhateng Allah, nanging ugi bijak sanget ing ndalem komunikasi kaliyan kluwarganipun: dhateng ramanipun, garwanipun, lan putranipun.

Pertama, kito pirso kados pundi Nabi Ibrahim komunikasi kaliyan ramanipun, ingkang wekdal meniko taksih menyembah berhala, malah dados profesi ingkang ndamel berhala.

Bacaan Lainnya

Lebeting al-Qur’an serat Maryam ayat 42-47 dipun dawuhaken:

 اِذۡ قَالَ لِاَبِيۡهِ يٰۤـاَبَتِ لِمَ تَعۡبُدُ مَا لَا يَسۡمَعُ وَلَا يُبۡصِرُ وَ لَا يُغۡنِىۡ عَنۡكَ شَيۡــًٔـا‏ ٤٢

Wonten ing ayat kasebat, Nabi Ibrahim ngendiko dhateng ramanipun kaliyan sopan santun, sanadyan room-nipun nolak. Nabi Ibrahim ngagem ucapan-ucapan ingkang alus: “Wahai Bapaku…”, sanes “wahai tiyang sepuh tambeng…”

Meniko piwucalan penting kagem kito, utaminipun poro putro ingkang taksih enom. Tiyang sepuh kito mungkin mboten sepemahaman, mboten sempurna, nanging dados putra, tugas kito inggih meniko ngendiko kaliyan hormat lan tetep njagi unggah-ungguh.

Kaping kalih, Nabi Ibrahim ugi maringi tulodho komunikasi ingkang sae kaliyan garwanipun, Siti Hajar. Wekdal panjenenganipun kedah nilaraken Hajar lan Ismail alit wonten padang pasir tandus keranten perintahipun Allah, panjenenganipun mboten nginggilaken suwanten utawi kagungan sikap kasar.

Siti hajar nggih tangket kaliyan tenang, “menapa meniko perintahipun Allah?” lan nabi Ibrahim mangsuli kaliyan singkat lan kebak keyakinan, “nggih..” komunikasi piyambakipun singkat sanget, nanging sami-sami percados.

Meniko tulodho menawi kakung putri kedah kagungan kepercayaan lan sami-sami pangertosan. Mboten kedah ngucap panjang lebar, nanging cekap kaliyan panggalih ingkang sami-sami mangertosi.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait