Kaping tiga, Nabi Ibrahim ugi maringi contoh komunikasi luar biasa dhateng putranipun, Nabi Ismail. Naliko angsal ngimpi saking Allah supados nyembelih putranipun, panjenenganipun mboten meksakaken. nanging panjenenganipun ngajak rembagan:
قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ
Artosipun: “Wahai anakku, sabenere aku weruh jero ngimpi menawa aku menyembelihmu. Mula pikirno piye pendapatmu.”
Meniko luar biasa. Tiyang sepah ingkang angsal perintah saking Allah, justru tetep menghargai pendapat putranipun. Mila, tiyang sepah dinten meniko ugi kedah sinau saking Ibrahim.
Sampun ngantos namung merintah utawi nyeneni, nanging libatkan putra ing ndalem musyawarah, kito paring kesempatan kagem putra putri kito supados ngedalaken uneg-uneg ipun.
Jama’ah ingkang dimuliakan allah,
Saking tigang tulodho meniko, kito sinau bilih Nabi Ibrahim inggih meniko sosok ingkang ngutamaaken komunikasi ingkang sae ing ndalem keluargo. Piyambakipun alus dhateng tiyang sepuhipun, pengertian dhateng garwanipun, lan menghargai pendapat putranipun. Meniko lah teladan ingkang patut kito tiru.
Sumonggo kito dadosaken Nabi Ibrahim dados inspirasi ing ndalem gesang meniko. Ing ndalem keluargo, sumonggo kito jogo pangucap kito, agem tembung-tembung ingkang alus, sami-sami pangertian, lan purun saling midhangetaken.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..