Teks Khutbah Jumat Pasca Idul Adha: Tiga Kunci Kesuksesan Nabi Ibrahim (B. Jawa)

ilustrasi nabi ibrahim
ilustrasi nabi ibrahim

Kala wingi, kita sampun nglaksanaaken Idul Adha. Secara bahasa, ‘îd tegesipun dinten riyaya, dene ‘adhâ tegesipun kewan sembelihan. Tegesipun, ing dinten punika kita diprentah déning Gusti Allah supados peparek dhateng Gusti Allah kanthi nyembeleh kewan kurban.

Dinten punika ugi dipun sebat Riyaya Haji, amargi sedinten sadèrèngipun umat Islam ingkang nglaksanaaken ibadah haji, wukuf wonten Arafah. Riyaya Idul Adha ugi dipunsebat Riyaya Besar, Idul Kabir, amargi ngélingi kedadosan ageng sejarahipun Nabi Ibrahim AS lan Nabi Ismail AS.

Bacaan Lainnya

Senadyan Idul Adha sampun kaliwat, mangga kita sinau saking kasuksesanipun Nabi Ibrahim AS.

Imam Nawawi bin Umar al-Bantani al-Jawi wonten ing kitab Nashaihul Ibad halaman 10 nyariyosaken bilih Nabi Ibrahim dipun paringi kaluhuran dados khalilullah (kekasihipun Allah) amargi tigang perkawis.

Nabi Ibrahim dhawuh, alesanipun yaiku: Sepisan, Nabi Ibrahim tansah ngedepaké prentah-ipun Gusti Allah. Kaping kalih, tansah pasrah lan tawakkal dhateng Gusti Allah. Kaping tiga, Nabi Ibrahim punika pribadi ingkang remen nulungi lan ngopeni liyan.

Hadirin ingkang kinurmatan

Rahasia sepindhah saking Nabi Ibrahim dados kekasih Allah yaiku tansah ngedepaké perentahipun Allah. Kedadosan punika nuwuhake pangeling dhumateng kita sedaya babagan kedadosan nalika Nabi Ibrahim dipun perintah nyembeleh putranipun, Nabi Ismail AS. Kados dhawuh ipun Allah ing surat As-Shaffat ayat 102-111.

Saking lelampahanipun ingkang dangu, kanthi perjuangan lan ujian ingkang boten alit, pungkasane Nabi Ibrahim pikantuk kamenangan, kasuksesan lan lulus saking ujian ageng saking Gusti Allah SWT.

Kedadosan punika dipun éling-éling déning umat Islam ing alam jagad, supados ajaran Nabi Ibrahim saged dipun tiru lan dipun tindakna déning generasi ingkang badhé kalampah.

Jamaah rahimakumullah

Rahasia kaping kalih kasuksesanipun Nabi Ibrahim punika tansah tawakkal dhateng Gusti Allah SWT. Tegesipun, piyambakipun punika nabi ingkang tansah ngupadi kanthi sregep, cerdas, ikhlas, lan tansah rampung nglampahi perentah saking Allah.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait