Teks Khutbah Jumat Pasca Idul Adha: Tiga Kunci Kesuksesan Nabi Ibrahim (B. Jawa)

ilustrasi nabi ibrahim
ilustrasi nabi ibrahim

Nabi Ibrahim tansah ikhtiar, nyenyuwun dhateng Gusti Allah, lan nyerahaken sadaya urusan dhateng Gusti Allah. Allah dhawuh ing surat Ar-Ra’d ayat 11:

   إِنَّ اللَّهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتَّىٰ يُغَيِّرُوا مَا بِأَنْفُسِهِمْ  

Bacaan Lainnya

“Inna Allaha laa yugayyiru maa biqoumin hattaa yugayyiruu maa bianfusihim.”

Tegesipun: “Satemene Gusti Allah boten badhé ngowahi kaanan siji kaum, kajaba kaum punika ngowahi dhiri dhéwé.”

Ing ajaran Islam, kita dipun perentah ngupadi, ndedonga lan tawakkal dhateng Gusti Allah SWT. Ing konteks Idul Adha, Nabi Ibrahim tansah nyambut damel kanthi sregep nglampahi perentah Allah.

Piyambakipun ngupadi kanthi pinter, klarifikasi mimpi kaping tiga, diskusi kaliyan putranipun Nabi Ismail AS, lan pungkasanipun nampa perentah punika kanthi ikhlas, kagem Gusti Allah SWT, lan nglampahaken kanthi rampung.

Nabi Ibrahim punika pribadi ingkang wicaksana, cerdas lan pinter. Nalika dakwah dhumateng masyarakatipun, piyambakipun nguwasani basa manéka warna, mangertos ajaran lan adat istiadatipun, dados masyarakat boten saged mbantah dalil-dalil Nabi Ibrahim.

Hadirin ingkang kinurmatan

Rahasia kaping tiga kasuksesan Nabi Ibrahim punika sifat dermawan lan remen nulungi. Nabi Ibrahim boten naté nedha énjing lan sonten kajawi mawa kanca, sanajan kedah lumampah adoh kanggé golèk kanca dhahar bareng.

Wonten ing konteks refleksi Riyaya Idul Adha, kita dipun perentah supados nutuladha Nabi Ibrahim AS. Bilih boten namung bandha, tenaga lan pikiran, sanajan anak shalih ugi badhé dipun kurbanke demi nglampahi perentah Gusti Allah.

Nanging kita boten dipun perentah ngorbanke anak, namung dipun perentah nyembeleh kewan kurban kagem nyedhaki dhiri dhateng Gusti Allah SWT.

Kajawi punika, kita ugi dipun perentah dados tiyang ingkang remen nulungi sesami, utaminipun para sedherek kita ingkang katimpa musibah.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait