Khutbah Jumat PDF Terbaru: Tahun Baru Amalan Baru (Bahasa Jawa)

Ilustrasi Lembaran Baru
Ilustrasi Lembaran Baru

Sedaya tumindak kita wiwit enjing wau sampun kacathet. Ing dinten enggal punika, wulan enggal punika, saha taun enggal punika, monggo kita wiwiti kalihan lembaran ingkang resik saking dosa, supados nalika pungkasane taun, buku cathetan kita resik saking sumbatan akhirat.

Kita wiwiti kanthi tobat dhumateng Gusti Allah, nggetuni dosa-dosa ingkang sampun kita lampahi taun kepengker saha taun-taun sakderengipun. Nyuwuna pangapunten, wangsulaken menawi haké tiyang sanes, utawi nyuwuna ridhané tiyang punika.

Bacaan Lainnya

Kita wiwiti kanthi nahan diri saderengipun tumindak, saderengipun ngendika, saha saderengipun nulis utawi nyebaraken wonten ing media sosial. Teliti rumiyin, punapa punika kalebet ingkang halal utawi haram. Manawi sampun yakin, insya Allah buku cathetan kita boten wonten warna abrit (abang).

Allah ngandika ing Al-Qur’an:

يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓا۟ إِن جَآءَكُمْ فَاسِقٌۢ بِنَبَإٍ فَتَبَيَّنُوٓا۟ أَن تُصِيبُوا۟ قَوْمًۢا بِجَهَٰلَةٍ فَتُصْبِحُوا۟ عَلَىٰ مَا فَعَلْتُمْ نَٰدِمِينَ

Tegesipun: “He wong-wong kang padha iman, yen ana wong fasik teka nggawa kabar marang siro, priksa dhisik sing temenan, supaya siro ora nimpakake musibah marang sakgolongan wong tanpa ngerti kahanane, kang bisa nggawe siro menyesal merga tumindakmu kuwi.” (QS Al-Hujurat: 6)

Ayat punika maringi pepeling dhumateng kita supados tansah eling, ati-ati kaliyan sedaya ingkang kita tingali, kita mirengaken, lan kita maos. Teliti, priksa kanthi cermat. Manawi sampun yakin, enggal lampahi.

Elinga! Boten sedaya ingkang kita tingali punika leres, boten sedaya ingkang kita mirengaken punika sae, boten sedaya ingkang medal ing sosial media punika prayoga.

Malah ing pergaulan sadinten-dinten, kita sering angsal laporan, gunjingan, fitnah lan sanesipun. Sampun wekdalipun, wiwit taun punika, kita kedah cancut taliwondo, ngencengi tekad:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait