Khutbah Jumat NU Singkat PDF: Tahun Baru Hijriyah Momentum Muhasabah (B. Jawa)

Gambar Ilustrasi Bulan Muharram
Gambar Ilustrasi Bulan Muharram

KHUTBAH PERTAMA

الْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن.

أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ نَسُوا اللّٰهَ فَاَنْسٰىهُمْ اَنْفُسَهُمْۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ

Bacaan Lainnya

Maasyiral Muslimin jamaah Jumat rahimakumullah,

Sampun dados kewajiban kita sedaya, kawulanipun Allah ingkang tansah ngaturaken panuwun saha syukur dhumateng Gusti Allah kanthi ngucap Alhamdulillahirabbilalamin, keranten sampun paring nikmat ingkang boten saged kita itung.

Nikmat ingkang kita tampi ing gesang menika kedah ndadosaken kita pribadi ingkang tansah eling syukur saha saged ngaturaken panuwun. Kanthi sikap menika, insyaAllah nikmat punika badhe tansah kita raosaken, lan langkung saking punika, badhe tansah ditambahi dening Gusti Allah. Kados ing pangandikanipun:

لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ

Saderengipun khatib nglajengaken khutbah menika, khatib ngajak dhumateng para jamaah Jumat sedaya supados tansah ningkataken, nguwataken, saha nindakaken taqwa dhumateng Allah swt wonten ing saben detik gesang punika.

Wondenten ukuranipun, menapa kita kalebet tiyang ingkang taqwa utawi mboten, punika saged dipun tingali saking kemampuan kita nglampahi sedaya dhawuhipun Allah lan nebihi sedaya laranganipun.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait