Khutbah Jumat NU Singkat PDF: Tahun Baru Hijriyah Momentum Muhasabah (B. Jawa)

Gambar Ilustrasi Bulan Muharram
Gambar Ilustrasi Bulan Muharram

Taqwa menika mboten namung wonten ing lesan kemawon, nanging kedah saged kaukur saking cocokipun pangandikan saha lampahing gesang. Boten mung ngerti menawi menika dilarang dening Allah, utawi pinter ngendika menawi menika mboten cocok kaliyan ajaran agami. Nanging menawi saben-saben sanes ing lesan, sanes ing manah, lan sanes ing lampah, lajeng taqwa kita punika patut diragukan.

Maasyiral Muslimin jamaah Jumat rahimakumullah,

Bacaan Lainnya

Alhamdulillah, sapunika kita sami pinanggih wonten ing masa peralihan tahun hijriyah. Saking wulan Dzulhijjah ingkang dados pungkasan, lajeng digentos dening wulan Muharram ingkang dados wiwitan tahun hijriyah.

Pergantian taun menika mboten kedah dipun wastani dados pergantian wekdal kados lumrahipun. Menika ngantos makna saha hikmah ingkang lumayan jero. Menawi saged kita manfaataken kanthi sae, mesthi badhe paring kaberkahan lan kasuksesan ing gesang.

Gentosipun taun menika kedah kita ginakaken kangge muhasabah, evaluasi, introspeksi dhateng lampahing gesang kita, supados tembe langkung sae.

Mugi mboten dados, sanajan wekdal tansah lumampah, nanging kita mboten saged mendet ibrah, hikmah saha piwulang. Kanthi ngelingi masa kepungkur, kita saged ninggalaken perkawis ingkang awon lan ngagem perkawis ingkang sae dados sangu ngadhepi masa ngajeng.

Kita kedah optimis saged ndadosaken perubahan ingkang langkung sae ing masa tembe kanthi tansah nglampahi ikhtiar ingkang paling sae. Rasulullah saw ngendika, kados ing riwayat:

مَنْ كَانَ يَوْمُهُ خَيْرًا مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ رَابِحٌ. وَمَنْ كَانَ يَوْمُهُ مِثْلَ أَمْسِهِ فَهُوَ مَغْبُوْنٌ. وَمَنْ كَانَ يَوْمُهُ شَرًّا مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ مَلْعُوْنٌ

Artosipun: “Sapa wae kang dina iki luwih apik tinimbang wingi, kuwi termasuk wong skang bejo. Sapa wae kang dina iki padha wae karo wingi, kuwi termasuk wong kang rugi. Lan sapa wae kang dina iki luwih ala tinimbang wingi, kuwi wong kang dilaknat (cilaka).” (HR Al-Hakim).

Allah ugi sampun ngelingaken ing Al-Qur’an surat Al-Hasyr ayat 18:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ

Artosipun: “He wong-wong sing padha iman, padha wedia marang Allah lan saben wong kudu nggatekake apa kang wis ditindakke kanggo dina sesuk (akhirat). Wedia marang Allah. Saktemene Allah Maha Teliti marang apa wae kang siro lakoni.”

Maasyiral Muslimin jamaah Jumat rahimakumullah,

Salajengipun, saliyanipun muhasabah dhateng punapa ingkang sampun kita tindakaken ing masa kepungkur, kita ugi kedah nyiapaken diri kangge ngadhepi masa tembe wonten ing warsa enggal. Menika wigati sanget, amargi saben lelampahan mesthi mbutuhaken sangu, supados saged nggayuh tujuan kanthi sae.

Wonten ing nglampahi gesang kaliyan ikhtiar punika, kita kedah eling menawi kita mboten sumerep punapa ingkang badhe kelampahan sesuk.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait