Khutbah Jumat NU Singkat PDF: Tahun Baru Hijriyah Momentum Muhasabah (B. Jawa)

Gambar Ilustrasi Bulan Muharram
Gambar Ilustrasi Bulan Muharram

Kita dipun dhawuhake supados nglampahi ikhtiar, lan sasampunipun punika dipun elingaken supados tansah tawakal, nyerahaken dhiri dhateng Allah. Ing surat Luqman ayat 34 sampun kapratelak:

اِنَّ اللّٰهَ عِنْدَهٗ عِلْمُ السَّاعَةِۚ وَيُنَزِّلُ الْغَيْثَۚ وَيَعْلَمُ مَا فِى الْاَرْحَامِۗ وَممَا تَدْرِيْ نَفْسٌ مَّاذَا تَكْسِبُ غَدًاۗ وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌۢ بِاَيِّ اَرْضٍ تَمُوْتُۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ

Bacaan Lainnya

Artosipun: “Saktemene Allah kagungan kawruh bab dina Kiamat, nurunke udan, lan ngerti apa kang ana ing kandungan. Ora ana siji wae wong kang ngerti tenan apa kang bakal ditindakke sesuk. Uga ora ana siji wae kang ngerti ing endi papan dheweke bakal mati. Saktemene Allah iku Maha Ngerti lan Maha Teliti.”

Ayat menika nedahaken kakuatan Allah dhateng masa tembe lan keboten sumerep kita dhateng punapa ingkang badhe kelampahan sesuk.

Wonten ing ayat menika, Allah nedahaken gangsal perkawis:

Kaping setunggal, Allah piyambak ingkang mangertos wekdalipun kiamat. Mboten wonten satunggaling manungsa ingkang saged mangertos wekdal punika.

Kaping kalih, Allah piyambak ingkang mangertos naliko punapa udan badhe tumurun kangge maringi panguripan.

Kaping Tigo, Allah piyambak ingkang mangertos punapa ingkang wonten ing kandhutan. Sanajan sampun wonten alat canggih kados USG, nanging menika namung perkiraan.

Kaping sekawan, Allah piyambak ingkang mangertos nasib kita masa tembe. Kita namung saged usaha, nanging Allah ingkang netepaken.

Kaping gangsal, Allah piyambak ingkang mangertos kala lan papan pungkasaning umur. Mboten wonten manungsa ingkang saged ngrancang kaping pira yuswaipun, ing pundi séda, lan ing pundi dipun makamaken. Nanging pati menika satemenipun pasti. Allah ngendika ing QS Al-A’raf: 34:

وَلِكُلِّ اُمَّةٍ اَجَلٌۚ فَاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَّلَا يَسْتَقْدِمُوْنَ

Artosipun: “Saben umat nduweni batas wektu (ajal). Yen wis tekan ajale, ora bisa njaluk ditundha sedhela wae, lan uga ora bisa njaluk dicepetake.” (QS: Al-A’raf: 34)

Maasyiral Muslimin jamaah Jumat rahimakumullah,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait