Naskah Khutbah Jumat Terbaru: Nggayuh Ngapuro Ing Wulan Muharram (Bahasa Jawa)

ilustrasi bulan muharram
ilustrasi bulan muharram

Artikel ini menyajikan materi khutbah jumat muharram jawa dengan judul Nggayuh Ngapuro Ing Wulan Muharram. Materi ini tersedia dalam dua bahasa, Indonesia dan Jawa.

Kami juga menyediakan PDF gratis yang dapat diunduh untuk memudahkan Anda mempersiapkan khutbah jumat muharram jawa.

Bacaan Lainnya

Setiap paragraf dalam artikel ini ditulis singkat, maksimal 30 kata, agar mudah dibaca dan dipahami oleh para khatib.

Mari bantu share ke grup relasi, agar lebih banyak yang terbantu mempersiapkan khutbah jumat muharram jawa pada bulan penuh keberkahan ini.

(Penulis: Ustadz Muhaimin Yasin, Alumnus Ponpes Ishlahul Muslimin Lombok Barat. Editor: redaksi khutbahsingkat.com)

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG

KHUTBAH I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الْغَفُوْرِ الرَّحِيْمِ، الْعَلِيْمِ الْحَكِيْمِ، الْوَاسِعِ الْكَرِيْمِ، الَّذِيْ يَقْبَلُ ٱلتَّوْبَةَ عَنْ عِبَادِهِ، وَيَغْفِرُ الذُّنُوبَ بِفَضْلِهِ. نَحْمَدُهُ حَمْدَ الشَّاكِرِينَ، وَنَسْتَغْفِرُهُ اسْتِغْفَارَ الْمُذْنِبِيْنَ. وَنَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، غَافِرُ الذَّنْبِ، وَقَابِلُ التَّوْبِ، شَدِيْدُ الْعِقَابِ ذُو الطَّوْلِ الْعَظِيمِ. وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، أَرْسَلَهُ رَحْمَةً لِّلْعَالَمِيْنَ، وَحُجَّةً عَلَى الْخَلْقِ أَجْمَعِينَ، وَدَاعِيًا إِلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ.

اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَىٰ آلِهِ وَصَحَابَتِهِ الطَّيِّبِيْنَ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَىٰ يَوْمِ الدِّينِ. أُوْصِيْكُمْ أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ، وَقَدْ قَالَ:  وَاَقِمِ الصَّلٰوةَ طَرَفَيِ النَّهَارِ وَزُلَفًا مِّنَ الَّيْلِ ۗاِنَّ الْحَسَنٰتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّاٰتِۗ ذٰلِكَ ذِكْرٰى لِلذّٰكِرِيْنَ

Jamaah kaum muslimin ingkang dipun muliaaken Allah, sumonggo kito sami ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, ingkang smapun paring welas asih lan paring sedoyo nikmat ingkang boten saget kito hitung.

Keranten rahmatipun ugi, kito taksih kaparingan kesempatan kangge ndandosi pribadhi, nambah amal, soho bali dhumateng margi ingkang dados ridlanipun Allah SWT.

Sholawat soho salam mugi tansah kunjuk katur dhumateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun mbeto pepadhang pituduh, lan dados teladan paling saé kanggé umat manungso sedoyo.

Mugi rahayu ugi tansah kaparingaken dhumateng kulawarga beliau ingkang suci, poro sohobat ingkang mulya, poro tabi’in ingkang tumut jejakipun kanthi ikhlas, soho poro ulama ingkang tansah nglestarèkaken ilmu soho dakwah ngantos dumugi kito dinten meniko.

Khatib atur wasiat dhumateng awak pribadi lan jamaah sami, sumonggo kito sami nginggilaken taqwa dhumateng Allah SWT.

Amargi kanthi taqwa, Allah badhé maringi dalan medal saking saben kesusahan lan maringi rezeki saking panggenan ingkang boten dipun songko-songko.

Kados dene dawuhipun Allah wonten ing surat Ath-Thalaq ayat 2-3:

وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مَخْرَجًا ۙ وَّيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُۗ

Tegese: “Sapa wae sing padha wedi marang Allah, mesthi Allah bakal menehi dalan metu soko saben masalah lan menehi rejeki soko panggonan sing ora dikiro-kira.”

Jamaah kaum muslimin ingkang dipun muliaaken Allah,

Ing gesang meniko boten wonten satunggaling tiyang ingkang lepatipun sampurna. Kito sedoyo puniko namung manungso ingkang ringkih, asring kesupen, soho gampil keserang dosa, enten ingkang dipun sengaja utawi boten.

Ananging sumonggo kito sami mangertos, bilih rahmat Allah puniko langkung ombo tinimbang dosa-dosa kito. Allah boten namung mbikak lawang tobat, nanging ugi paring kathah dalan kanggé ngilangaken kalepatan lumantar amal kebagusan.

Salah satunggaling wujud welas asihipun Allah puniko, paring kesempatan ndandosi pribadhi lumantar ibadah-ibadah ingkang sampun dipun syari’ataken.

Kados dene dawuhipun Allah wonten ing surat Hud ayat 114:

اِنَّ الْحَسَنٰتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّاٰتِۗ ذٰلِكَ ذِكْرٰى لِلذّٰكِرِيْنَ

Tegese: “Satemene kabecikan-kabecikan iku bakal ngilangake ala-ala (dosa). Kuwi minangka pangeling kanggo wong-wong sing tansah eling marang Allah.”

Al-Mawardi ing tafsiripun ngendikakaken wonten sekawan panemu ulama ngengingi makna “hasanat” (kabecikan) wonten ayat meniko. Sepisan, shalat gangsal waktu kados panemune Ibnu Abbas, Al-Hasan, Ibnu Mas‘ud, lan Adh-Dhahhak. Kapindo, dzikir kados tasbih, tahmid, tahlil, lan takbir miturut Mujahid. Katelu, saben amal sae ingkang dipun tampi dening Allah. Papat, ganjaran taat ingkang saged ngilangaken hukuman maksiat.

Jamaah kaum muslimin ingkang kinasiha dening Allah,

Sawise mangertos sedoyo puniko, temen bilih prayogi sanget menawi kito paring kawigatosan langkung wonten ing wulan Muharram meniko.

Amargi Muharram puniko boten namung wiwitaning taun Hijriyah, nanging ugi salah satunggal saking sekawan wulan haram ingkang dipun mulyaaken dening Allah. Ing wulan meniko, saben amal sae dipun tikelaken ganjaranipun, soho saben dosa dipun abotaken hisabe.

Kados dene dawuhipun Allah wonten ing surat At-Taubah ayat 36:

اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌ

Tegese: “Satemene cacahing wulan ana ing ngarsane Allah iku ana rolas wulan, kaya wis ditetepake Allah wektu nggawe langit lan bumi, ana papat wulan kang suci (Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharram, Rajab).”

Imam Ibnu Katsir njlentrehaken ing tafsiripun, bilih kezhaliman ingkang dipun lampahaken ing wulan-wulan haram puniko dosaipun langkung ageng tinimbang ing wulan sanesipun. Nalika kezhaliman piyambak sampun kalebet dosa ageng nalika dipun lampahaken kapan wae, nanging Allah ngagungaken perkawis tartamtu manut karsanipun.

Amargi puniko, amal kebagusan ingkang dipun lampahaken kanthi ikhlas lan manut tuntunan syari’at puniko dados dalan ngilangaken dosa ingkang sampun dipun janjikaken dening Allah, mliginipun amal kebagusan ing wulan Muharram meniko.

Mula saking puniko, mangga kito sami ngambah amal kabecikan kathah ing wulan Muharram meniko. Lampahen shalat, dzikir, puasa, soho amal shalih sanesipun. Dadosaken wiwitaning taun Hijriyah meniko minangka wekdal ingkang kebak tobat, kebak amal, lan kebak pangajab ampunan saking Allah SWT.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

KHUTBAH II

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ عَلَى إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إِلَى رِضْوَانِهِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا المُسْلِمُوْنَ اِتَّقُوْا اللّٰهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللّٰهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلَآئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعَالَى إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيَآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلَآئِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيِّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الأَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتِ اَللّٰهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الْفِتَنِ وَالْمِحَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ الْبُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَ اِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَ اللّٰهِ ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِيْ الْقُرْبٰى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوْا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ وَ اللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG

Pos terkait