Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa PDF Singkat Padat 10 Menit tentang Ridlo dan Murka Allah Itu Rahasia

Ilustrasi Rahasi Allah SWT
Ilustrasi Rahasi Allah SWT

Materi khutbah jumat singkat padat berikut ini membahas tentang Ridlo dan Murka Allah itu merupakan rahasia. Kedua hal tersebut memang tidak ada yang mengetahui kecuali Allah SWT sendiri.

Itu sebabnya, orang yang rajin beribadah belum tentu masuk surga dan orang yang berbuat maksiat belum tentu masuk neraka. Semua itu tergantung Ridlo dan Murka Allah SWT.

Bacaan Lainnya

Khutbah jumat singkat terbaru ini bahasa jawa yang ditulis oleh Muqorrobin, Wakil Katib PCNU Ponorogo. Khutbah ini juga telah dipublish di website resmi PCNU Ponorogo.

Silahkan download teks khutbah jumat singkat padat versi PDF pada menu yang telah disediakan. Khotib cukup download, print dan potong kertas menjadi dua bagian sehingga ukuran kertas lebih simpel. Smeoga bermanfaat.

MUKADIMAH KHUTBAH JUMAT

اَلحَمْدُ لِلّهِ الَّذِى جَعَلَ الدُّنْيَا مَزْرَعَةَ الْآخِرَةِ. فَأَمَرَهُ بِإِكْثَارِ الصَّالِحّاتِ وَالْإِنْتِهَاءِ عَنِ الْمَعَاصِى وَالسَّيِّئَاتِ الشَّئِيْمَةِ. وَأشْهَدُ أنْ لَا إلهَ إلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ رَبُّ الْبَرِيَّةِ, وَأشْهَدُ أنَّ سَيِّدَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. حَثَّ أُمَّتَهُ بِالْمُبَادَرَةِ إِلَى الصَّالِحَاتِ وَالْمُحَافَظَةِ  عَلَيْهَا قَبْلَ لُحُوْقِ الْمَنِيَّةِ

اَللَّهمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ عبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ ذِى السِّمَاتِ الرَّفِيْعَةِ والدّرَجَاتِ الْعَلِيَّةِ.  وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الْمُتَحَلِّيْنَ بِالْأَخْلَاقِ الْكَرِيْمَةِ. وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِالْإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ

أمَّا بَعْدُ: فَيَا عِباَدَ اللّهِ!! اِتَّقُوا اللَّهَ! وَاعْلَمُوا أنَّ تَقْوَاهُ هُوَ الزَّادُ الَّذِى لَا يَفْنَى, وَهُوَ المُوْصِلُ اِلَى اللَّهِ, وَهُوَ الَّذِى يَقِى مَصَارِعَ السُّوْءِ فِى الدُّنْيَا وَالآخِرَةِ

Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh

Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kitho sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh

Kawontenan kito wonten dunyo meniko sementara. Umur dunyo meniko terbatas. Dunyo meniko sifatipun fana. Waktu terus lumampah mboten saget dipun endek, lan umur kito meniko terbatas. Menawi kito mendel kemowon, umur mboten kendel, terus lumampah. Menawi kito bergerak, umur ugi bergerak. Lajeng menopo ingkang bade kito tindaaken? Mboten sanes namung pados ridhonipun Alloh swt.

Sedoyo tiyang muslim meniko mesti ambudidoyo saget nindaaken kewajiban, taat soho amal solih, supados pikantuk ganjaran soho ridhonipun Alloh swt. Ananging kadang ugi kepleset nindaaken kemaksiatan utawi doso.

Ganjaran meniko werninipun macem-macem, semanten ugi doso meniko werninipun ugi macem-macem. Ananging wonten setunggal ganjaran ingkang ndadosaken ridhonipun Alloh swt. Lan ugi wonten setunggal doso utawi maksiat ingkang ndadosaken bendu utawi murkonipun Alloh swt.

Dzu an-Nun al-Misri ngendiko:

إِنَّ اللَّهَ أَخْفَى ثَلَاثًا فِى ثَلَاثٍ, أَخْفَى غَضَبَهُ فِى مَعْصِيَتِهِ وَأَخْفَى رِضَاهُ فِى طَاعَتِهِ وَأَخْفَى وِلَايَتَهُ فِى عِبَادِهِ

Saktemene Alloh ngumpetake (ndelekne) telung perkoro ono telung perkoro kang weneh. Alloh ngumpetne bendune ono maksiat, Alloh ngumpetne ridhone ono taat, lan Alloh ngumpetne sifat kewalian ono kawulo-kawulone.”

Maasyirol muslimin, hafidlo kumulloh

Sepisan, Bendu utawi murkonipun Alloh swt meniko dipun rahasiaken wonten maksiat dateng Alloh. Tiyang ingkang asreng nindaaken maksiat dereng tamtu pikantuk bendunipun Alloh. Ananging kadang nindaaken maksiat ingkang alit utawi sepele (remeh) malah nyebabaken bendudnipun Alloh. Padahal tiyang ingkang dipun benduni Alloh mesti bade mlebet neroko, na’udzubillah min dzalik. Contohipun maksiat ingkang sepele utawi alit: kados nyolong kayu, nyakiti kucing lan lintu-lintunipun. Rosululloh saw dawuh:

دَخَلَتْ إِمْرَأَةٌ النَّارَ فِى هِرَّةٍ رَبَطَتْهَا فَلَاهِيَ أَطْعَمَتْهَا وََلَاهِيَ أَرْسَلَتْهَا تَأْكُلُ مِنْ خَشَاشِ الْأَرْضِ حَتَّى مَاتَتْ. (رَوَاهُ مُسْلِمٌ)

Wong wadon mlebu neroko sebab kucing. Dewekne nencang kucing banjur dewekne ora maringi maem, dewekne ora ngeculne kucing supoyo maem gegremetane bumi, hinggo kucinge mati.” HR. Muslim

Dados ingkang dadosaken murko utawi bendunipun Alloh meniko arupi perbuatan maksiat utawi doso, ananing maksiat ingkang pundi? Sedoyo mboten wonten ingkang mangertosi.

فّلَاتَحْقِرَنَّ شَيْئًا مِنْ مَعَاصِيْهِ فَلَعَلَّهُ أَنْ يَكُوْنَ فِيْهِ غَضَبُهُ

Pramilo kita ampun ngremehaken maksiat dateng Alloh senahoso ketawisipun ali utawi remeh. Sinten mangertos maksiat kasebat justru ndadosaken murko utawi bendunupun Alloh.

Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh

Kalih, Ridhonipun Alloh meniko dipun rahasiaken wonten nindaaken maksiat dateng Alloh swt. Tiyang ingkang pinaringan ridhonipun Alloh meniko mesti bejo, gesangipun bahagia pejahipun husnul khotimah soho mlebet suwargo.

Tiyang ingkang kathah ta’at soho ibadah ipun dereng tamtu mesti pinaringan ridhonipun Alloh. Ananging kadang-kadang nindaaken ta’at ingkang remeh soho alit malah pikantuk ridhonipuna Alloh. Kados cerito wonten hadist: bilih wonten pelacur (tiyang fasik) mlebet suwargo sebab namung maringi ombenan dateng asu ingkang melet-melet ngelak. Artsosipun, pelacur niki pas maringi mimik asu ingkang ngelak dadosaken ridhonipun Alloh. Dadsos, ridhonipun Alloh dipun gantungaken kalian wekdal pelacur maringi minuman asu kasebat.

Kados Imam Ghozali ingkang pinaringan ridhonipun Alloh mboten sebab kathahipun ibadah soho luasipun ilmu, ananging namung sebab ngetokne (ngejarne/membiarkan) lalat ingkang menclok wonten wadah tintanipun Imam Ghozali supados saget mimik tintanipun.

فّلَاتَحْقِرَنَّ شَيْئًا مِنْ طَاعَتِهِ فَلَعَلَّهُ أَنْ يَكُوْنَ فِيْهِ رِضَاهُ

Pramilo kita ampun ngremehaken nindaaken taat dateng Alloh senahoso ketawisipun alit utawi remeh. Sinten mangertos taat kasebat justru ndadosaken ridhonipun Alloh.

Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh

Tigo, Alloh ngumpetaken utawi ndelikaken (merahasiakan) wali utawi kekasih-Ipun wonten kalangan kawulo-kawulo nipun. Saben-saben tiyang islam meniko wonten kemungkinan dados walinipun Alloh. Sami ugi tiyang meniko tukang jahit, tukang kayu, tukang becak, tukang sepatu, pengemis, utawi kyai lan lintu-lintunipun.

فّلَاتَحْقِرَنَّ أَحَدًا مِنْ خَلْقِهِ فَلَعَلَّهُ أَنْ يَكُوْنَ وَلِيًّا مِنْ أَوْلِيَاءِ اللَّهِ

Pramilo kita ampun ngremehaken lan ngino dateng tiyang sanes, sinten mangertos tiyang kasebat walinipun Alloh.

Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh

Alhasil, Ampun ngremehaken dateng maksiat senahoso namung alit, sinten mangertos maksiat alit kasebat ndadosaken murkonipun Alloh. Ampun ngremehaken perbuatan taat senahoso namung alit, sinten mangertos taat ingkang remeh kasebat ndadosaken ridhonipun Allah. Lan ampun ngino soho ngremehaken tiyang sanes, sinten mangertos tiyang kasebat langkung sae, lagkung taqwa soho mungkin dados wali utawi kekasihipun Alloh.

Mugi-mugi Alloh paring pitulung dateng kito sedoyo, saget nindaaken taat, ibadah soho amal solih ingkang andadosaken rindhonipun. Lan dipun paringi kekiatan saget nyingkrihi kemaksiatan utawi doso ingkang nyebabaken murko soho bendunipun Alloh swt. Lan ugi saget ngajeni dateng tiyang sanes. Aamiin.

وَاللَّهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى يَقُوْلُ, وَبِقّوْلِهِ يَهْتَدِى الْمُهْتَدُوْنَ. أعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, اَفَمَنِ اتَّبَعَ رِضْوَانَ اللّٰهِ كَمَنْۢ بَاۤءَ بِسَخَطٍ مِّنَ اللّٰهِ وَمَأْوٰىهُ جَهَنَّمُ ۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ

بَارَكَ اللَّهُ لِى وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِى وَإيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلَاوََتَهُ, إنَّهُ جَوَادٌ كَرِيْمُ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ

KHUTBAH JUMAT KEDUA

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الْوَاحِدِ الصَّمَدِ. اَلَّذِى لَمْ يَلِدْ وَلَمْ يُوْلَدْ وَلَمْ يَكُنْ لَهُ كُفُوًا أحَدٌ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ الْكَرِيْمِ الْمُمَجَّدِ. وَعَلَى آلِهِ وَأصْحَابِهِ الَّذِيْنَ شَيَّدُوْا الدَّيْنَ بِعَزْمٍ قَوِيٍّ وَعَزِيْزِ الْمَدَدِ

أمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ! قَدْ أشْبَعَ لَكُمْ أنْوَاعُ الْخُطَبِ الْجُمْعِيَّةِ وَكَأَنِّى أنْظُرُ فِى أسْمَائِكُمْ بِهَا مَلْآن. وَلَكِنْ مَا أرَى مِنْكُمْ اِلّأ عَلَى جُمُوْدٍ عَرِيْقِ. قَلَّمَا تُغَيِّرُ أعْمَالَكُمْ تِلْكَ الْخُطَبُ اِلَى تَرْقِيَةِ الْأعْمَالِ وصَلَاحِ الْجَنَانِ. وَمَا اُمَثِّلُكُمْ اِلَّا كَالْحَدِيْدِ الْبَارِدْ. يُضْرَبُ كُلَّ وَقْتٍ لِيَمْتَدَّ فَلَمْ يَمْتَدِدْ. فّتَبَصَّرُوْا وَاَفِيْقُوْا ثُمَّ أحْسِنُوْا, اِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. إنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ, وَقَاضِى الْحَاجَاتِ. . اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِاُمَةِ مُحَمَّدٍ. وَارْحَمْ أُمَّةَ مُحَمَّدٍ. وَأَصْلِحْ أُمَّةَ مُحَمَّدٍ. واسْتُرْ لِاُمَةِ مُحَمَّدٍ. اَللّٰهُمَّ انْصُرْهُمْ عَلَى أَعْدَائِهِمْ وَوَفِّقْهُمْ لِعَمَلٍ صَالِحٍ يَنفَعُهُمْ فِى دُنْيَاهُمْ وَأُخْرَاهُمْ. اَللّٰهُمََّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا وَعُلَمَائَنَا وَزُعَمَائَنَا وَاجْعَلْ هِمَّتَهُمْ فِى اِزَالَةِ الْمُنْكَرَاتِ وَالْمَعَاصِى وَاهْدِهِمْ سَبِيْلَ الرَّشَادِ. اللهمَ ارْفَعْ وَادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْن وّقَرَنَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْعَفْوَ والْعَافِيَةَ وَالْمُعَافَاةَ الدَّائِمَةَ فِى الدِّيْنِ وَالدُّنْيَا وَالْآخِرَةَ. رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيأ حَسَنَةً, وَفِى ألآخِرَةِ حَسَنَةً, وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعّالّمِيْنَ

إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُؤْتِكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Icon Download Khutbah Singkat Png
Khutbah Bahasa Indonesia

Pos terkait