Khutbah Jumat Singkat Padat: Aksi Demo, Bahaya Pejabat Salah Ucap (Bahasa Jawa)

Gambar Ilustrasi Demo
Gambar Ilustrasi Demo

KHUTBAH JUMAT I

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ. نَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَنَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين،

أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أُوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ  

Bacaan Lainnya

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Kula wasiat dhateng pribadi kula piyambak saha para jamaah sedaya, supados tansah ningkataken iman saha taqwa dhateng Allah, kanthi nglampahi dhawuhipun lan nebihi sedaya laranganipun.

Amargi, kedah kita emut-emut bilih anamung kanthi sangu iman saha taqwalah kita sedaya saged slamet ing donya saha akhirat. Mila, sumonggo ambudidoyo sekuat tenogo, supados kita dipun slametaken saking siksa neraka.

Jamaah Jum’at ingkang dipun mulyaaken Allah,

Pirang-pirang dinten kapungur, bangsa kita geger kaliyan aksi demo wiwit tanggal 28 Agustus 2025. Kathah perkawis ingkang dados pemicu aksi punika, salah setunggalipun yaiku ucapan pejabat dewan ingkang nyinggung perasaan rakyat. Punika dados piwulang ingkang wigati kangge kita sedaya: betapa landhepe ucapan, saged mbangun utawi saged nglarani manahipun umat.

Piwulang punika boten namung kangge pejabat dewan, nanging ugi kangge kita sedaya. Kita minangka pamimpin dhiri piyambak, kedah nebihi ucapan kasar ingkang saged nyakiti kanca utawi tiyang sekeliling kita.

Kita minangka pamimpin kulawarga, kedah nyingkiri ucapan ingkang nyakiti putra, garwa, sedherek lan anggota kulawarga lintunipun. Kita minangka pejabat ing tingkat desa, kecamatan, kabupaten, provinsi utawi malah pejabat tingkat pusat ampun ngantos lisan kito nyakiti rakyat.

Allah kanthi tegas ngemutaken kita wonten ing Al-Qur’an:

وَقُولُوا لِلنَّاسِ حُسْنًا

“Lan ngucapo marang wong-wong nganggo tembung sing becik.” (QS. Al-Baqarah: 83)

Pramila cetha sanget, Allah dhawuh supados saben tembung ingkang medal saking lisan kita punika tembung ingkang sae. Punapa malih kangge pejabat negoro, ucapanipun saget nyebar luar, malah saged nyulut emosi rakyat bilih boten bijaksana.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Ing wekdal Maulid Nabi Muhammad ﷺ punika, kita dipun emutaken malih bab endahipun akhlaq Rasulullah nalika nyampeaken aspirasi, negur kesalahan, ngeritik kabijakan, kabéh punika tansah kanthi adab, santun, saha welas asih.

Rasulullah ﷺ ngendika:

«مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَلْيَقُلْ خَيْرًا أَوْ لِيَصْمُتْ»

“Sapa wae sing iman marang Allah lan dina akhir, kudu ngomong sing apik utawa meneng.” (HR. Bukhari lan Muslim)

Punika dados pedoman kangge kita sedaya, pejabat utawi rakyat. Pejabat kedah ngati-ati nalika matur, lan rakyat kedah ngatur cara kritik kanthi bermartabat.

Jamaah ingkang dipun rahmati Allah,

Ing kahanan punika, kita kedah eling saha waspada dhateng provokasi. Wonten pihak-pihak ingkang sengaja nyulut amarah saha bebencian, supados bangsa punika pecah. Padahal Allah ngemutaken wonten ing Al-Qur’an:

وَلَا تَنَازَعُوا فَتَفْشَلُوا وَتَذْهَبَ رِيحُكُمْ

“Lan aja padha padu, amarga iku bisa nggawe kowé dadi pengecut lan ilang kekuwatanmu.” (QS. Al-Anfal: 46)

Mula, ayo sami-sami tetep tenang, mikir jernih, boten gampil kaprovokasi, lan njaga persatuan umat. Kula percados, kathah peserta demo ingkang niate tulus, arep njaga persatuan. Nanging, amargi wonten provokasi, kahanan lajeng dados kerusuhan.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Kahanan kados punika boten wekdalipun kangge sami nyalahaken. Pejabat kedah introspeksi: menapa kebijakan ingkang dipun pendhet sampun leres, menapa ucapanipun sampun paring ketentreman rakyat. Rakyat ugi wajib introspeksi: menapa cara nyampeaken aspirasi/pendapat sampun sesuai prosedur, menapa sampun njaga etika.

Manawi pejabat purun berbenah, lan rakyat njaga adab, insyaAllah bangsa kita bakal pinanggih jalan keluar ingkang paling sae.

Jamaah Jum’at ingkang dipun mulyaaken Allah,

Ing wulan Maulid Nabi Muhammad ﷺ punika, ayo sami-sami bali dhateng tuladha Rasulullah SAW. Panjenenganipun punika sosok ingkang ucapanipun alus, kebak hikmah, boten nate nyakiti manahipun tiyang sanes, malah mungsuhipun kagum dhateng akhlaqipun Kanjeng Nabi. Allah ngendika bab Rasulullah:

وَإِنَّكَ لَعَلَىٰ خُلُقٍ عَظِيمٍ

“Lan temenan siro (Muhammad) pancen nduwèni akhlak sing agung.” (QS. Al-Qalam: 4)

Mila, sumonggo kita dadosaken momen punika kangge mbagusi ucapan, sikap, saha cara kita bermuamalah.

  1. Pejabat kedah njaga lisanipun, supados boten nyinggung rakyat.
  2. Rakyat kedah njaga cara nyampeaken pendapat, supados tetep beradab lan damai.
  3. Umat Islam kedah tansah waspada saking fitnah, hoaks, saha provokasi.

Jamaah Jum’at ingkang kinurmatan,

Kangge nangani kahanan punika, sumonggo sami ngreksa, sami ngrangkul. Mpun gampil kasurung isu-isu ingkang saged ngancuraken persatuan. Ngerusak, ngobong lan penjarahan ingkang kelampahan kala rumiyin sampun cekap dados bukti dhateng pamaréntah bilih rakyat serius nyampeaken tuntutanipun.

Mila, wonten ing aksi demo lintunipun, mpun ngantos kerusuhan punika dipunwangsuli maleh. Kita nyampeaken pendapat kanthi santun kados ingkang dipun contohaken déning Rasulullah ﷺ.

Jamaah Jum’at ingkang kinurmatan, Sumonggo kita pungkasi khutbah punika kanthi ndedonga dhateng Allah, mugi bangsa kita dipun jagi saking perpecahan, mugi para pamimpin kaparingi kawicaksanan, lan mugi rakyat kaparingi kasabaran saha kakiyatan iman.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ بِاْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأَسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ، إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

KHUTBAH II

       اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى.

فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر   

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْد

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا وَوَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ. وَأَمِّنَّا فِيْ أَوْطَانِنَا، وَأَصْلِحْ أَئِمَّتَنَا وَوُلَاةَ أُمُوْرِنَا، وَاجْعَلْ وِلَايَتَنَا فِيْ مَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ وَاتَّبَعَ رِضَاكَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. وَأَكْفِنَا شَرَّ الْكَافِرِيْنَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَالْمُفْسِدِيْنَ، وَعَجِّلْ بِفَرَجِكَ لِأُمَّةِ مُحَمَّدٍ فِيْ كُلِّ بَلَدٍ، وَاجْعَلْنَا لَكَ شَاكِرِيْنَ وَلِأَنْعُمِكَ ذَاكِرِيْنَ

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ 

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Khutbah Jumat Bahasa Sunda

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554

Pos terkait