KHUTBAH JUMAT I
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي بَعَثَ فِي الْأُمِّيِّينَ رَسُولًا مِنْهُمْ، يَتْلُو عَلَيْهِمْ آيَاتِهِ وَيُزَكِّيهِمْ، وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ عَلَى جَلِيلِ نِعَمِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، تَعْظِيمًا لِشَأْنِهِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَىٰ آلِهِ الطَّاهِرِينَ، وَأَصْحَابِهِ الرَّاشِدِينَ، وَمَنْ سَارَ عَلَىٰ دَرْبِهِمْ وَاتَّبَعَ نَهْجَهُمْ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوصِيكُمْ أَيُّهَا الْمُسْلِمُونَ وَنَفْسِيَ الْخَاطِئَةَ الْمُقَصِّرَةَ، بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ، فَإِنَّهَا وَصِيَّةُ اللهِ لِلْأَوَّلِينَ وَالْآخِرِينَ، قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ: وَلَقَدْ وَصَّيْنَا الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَإِيَّاكُمْ أَنِ اتَّقُوا اللهَ ۚ [النساء: 131] صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْمُ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Ing wasiat khutbah punika, kula ngajak pribadi soho dhumateng panjenengan sedaya supados tansah ambudidoyo ningkataken kadar iman saha takwa dhumateng Allah SWT. Punika saged kabuktèkaken kanthi nglampahi sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya larangan-Nipun. Keranten, namung kanthi iman saha takwa kita sedaya saged slamet ing donya lan akhirat.
Ing wekdal siang punika, kula badhé nyampekaken materi khutbah kanthi judul: PESAN MAULID NABI KANGGE KEUTUHAN NKRI.
Jamaah Jum’at ingkang kinurmatan,
Saben kita merengeti Maulid Nabi ﷺ, sejatosipun kita nganyari katresnan dhumateng Kanjeng Rasulullah SAW. Allah SWT ngendika:
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًا
Tegesipun: “Temenan wonten ing awaké Rasulullah iku ana tuladha sing apik kanggo siro kabeh, yaiku kanggo wong sing ngarep-arep rahmaté Allah lan dina akhir, lan sing akèh éling marang Allah.” (QS. Al-Ahzab: 21)
Jamaah Jum’at ingkang kinurmatan,
Tuladha Rasulullah ﷺ punika penting sanget kita beto ing konteks Indonesia dinten menika, utamanipun sasampunipun kita mirsani macem-macem aksi demo, gejolak sosial, malah ugi konflik horizontal ingkang asring ngerusak sedulur sakbangsa.
Bangsa kita nembe mawon ngelewati gelombang demonstrasi ingkang ninggal tatu sosial. Wonten rakyat ingkang kuciwa, wonten aparat ingkang kesel, lan wonten paseduluran ingkang sempat retak.
Wonten mriki kita saged sinau saking Kanjeng Rasulullah ﷺ. Panjenenganipun gesang wonten ing jaman kebak konflik, nanging mboten wangsuli kebencian kanthi kebencian. Nanging malah ngajaraken alus lan welas asih. Rasulullah ﷺ ngendika:
إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ صَالِحَ الْأَخْلَاقِ
“Temenan aku iki diutus mung kanggo nyampurnakaké akhlak sing becik.” (HR. Ahmad)
Jamaah Jum’at rahimakumullah,
Mula, sawisé demo ingkang guncangan nagari menika, mpun ngantos kita nambahi panas nganggo geni, nanging dados penyejuk kanthi akhlak mulya, paseduluran, lan dialog, dudu nganggo kekerasan.
Menawi Rasulullah ﷺ saged mbangun masyarakat Madinah ingkang majemuk, warna-warni suku lan agami, bangsa Indonesia ugi saged bangkit saking keadaan punika.
Jamaah Jum’at rahimakumullah,
Peringatan Maulid Nabi mboten namung perayaan, nanging dados momentum kangge ngencengi komitmen kita: njaga persatuan, ngupadosaken kaadilan, lan ngugemi kemaslahatan sedaya tiyang.
Allah SWT ngendika:
وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللّٰهِ جَمِيْعًا وَلَا تَفَرَّقُوْا
Tegesipun: “Lan podho nyekela tali Allah kabèh, aja padha pecah belah.” (QS. Ali Imran: 103)
Punika piweling ingkang kiyat kanggé bangsa kita: aja nganti bedane pilihan politik ngrusak paseduluran. Aja nganti bedane pilihan mecah tali silaturahim.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Peristiwa aksi demo ingkang sampun kapungkur, prayogi dados pepeling. Kita sami mirsani kadospundi sebagian masyarakat gampang keobong emosi amargi berita simpang siur. Malah kathah ingkang namung nyekel potongan informasi, tanpa nyelidiki sumber kebenaranipun.
Elinga, jamaah, ing jaman medsos menika, driji kita saged dados panyalur kabecikan utawi kosokbalinipun dados panyebar fitnah lan goroh.
Kathah perpecahan, kebencian, malah nganti getih tumpah, ingkang wiwitanipun namung amargi pawartos/berita boten bener. Allah ﷻ sampun ngelingaken kita wonten ing Al-Qur’an:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنْ جَاءَكُمْ فَاسِقٌ بِنَبَإٍ فَتَبَيَّنُوا أَنْ تُصِيبُوا قَوْمًا بِجَهَالَةٍ فَتُصْبِحُوا عَلَىٰ مَا فَعَلْتُمْ نَادِمِينَ
Tegesipun: “Wahai wong-wong sing padha iman, yen ana wong fasik nggawa kabar, kudu dipriksa luwih dhisik, supaya siro ora nganti nimpakaké musibah marang sawijining kaum kanthi ora ngerti, banjur kowe malah dadi menyesal marang apa sing wis kowe tindakaké.” (QS. Al-Hujurat: 6)
Ma’asyiral muslimin,
Bukankah ayat menika cetha ngelingaken kita mpun ngantos kesusu percados kabar/berita, luwih-luwih nyebarakenipun. Amargi akibat saka lalai punika saged nuwuhaken penyesalan tanpa guna.
Rasulullah ﷺ ugi ngendika wonten ing haditsipun:
كَفَى بِالْمَرْءِ كَذِبًا أَنْ يُحَدِّثَ بِكُلِّ مَا سَمِعَ
Tegesipun: “Wis cukup wong iku diarani tukang goroh nek dheweke crita kabeh sing dheweke krungu.” (HR. Muslim)
Jamaah, monggo kita bayangaken
Menawi saben tiyang nyebaraken sedaya kang dipun krungu tanpa tabayyun, mesthi dunia maya kebak goroh, lan dunia nyata kebak kebencian.
Mula, monggo dados umat kang cerdas, kang ora gampang kakehan emosi. Mpun ngantos nesu ngalahaké akal sehat, mpun ngantos kebencian nutupi manah kita saking kebenaran. Kita ginaaken medsos kanggé nyebar kabecikan, dakwah, lan persatuan, boten kangge adu domba lan fitnah.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Negari menika mbutuhaken tentrem, katentreman, lan persatuan. Mula kendhalekna lisan kita, kendhalekna driji kita, kendhalekna ati kita, supados mboten dados bagéan tiyang kang nambah keruwetan. Dadosna umat kang nyebar kesejukan, dudu kang nyebar provokasi.
Mila, kulo emutaken malih, sumonggo padha niru akhlak Kanjeng Rasulullah SAW ingkang boten naté nesu. Panjenenganipun gesang wonten ing jaman kebak konflik, nanging boten wangsuli kebencian kanthi kebencian. Nanging malah ngajaraken alus lan welas asih.
Mugi kanthi berkah Maulid Nabi punika, kita sami dipun tebihaken saking pepecahan, supados saged gesang rukun lan katentreman. Amin.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ بِاْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأَسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ، إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى.
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْد
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554




