Khutbah Jumat Terbaik PDF: Kewajiban Suami Kepada Istri yang Sering Dilupakan (Jawa)

Ilustrasi Keluarga Sakinah
Ilustrasi Keluarga Sakinah. Sumber gambar: bincangmuslimah.com

KHUTBAH JUMAT I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي جَعَلَ الزَّوَاجَ سَبَبًا لِلسَّكِينَةِ وَالْمَوَدَّةِ وَالرَّحْمَةِ، وَأَمَرَ الرِّجَالَ بِالْقِيَامِ عَلَى أَهْلِيهِمْ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، الَّذِي قَالَ: خَيْرُكُمْ خَيْرُكُمْ لِأَهْلِهِ، وَأَنَا خَيْرُكُمْ لِأَهْلِي. صَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا، أُوصِيكُمْ وَنَفْسِيَ الْخَاطِئَةَ بِتَقْوَى اللّٰهِ، فَاتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Bacaan Lainnya

يَا أَيُّهَا الأَزْوَاجُ الْكِرَامُ، إِنَّ اللّٰهَ تَعَالَى قَالَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ: الرِّجَالُ قَوَّامُونَ عَلَى النِّسَاءِ بِمَا فَضَّلَ اللّٰهُ بَعْضَهُمْ عَلَى بَعْضٍ وَبِمَا أَنْفَقُوا مِنْ أَمْوَالِهِمْ (سورة النساء: ٣٤)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Ing wekdal ingkang mulya menika, sumonggo kita tansah nambah lan ngiyataken taqwa dhateng Allah kanthi nglampahi sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya ingkang dados laranganipun. Keranten kanthi taqwa, gesang kita badhe selamet, lan pejah kita mugi kaleksanan kanthi ḥusnul khotimah.

Jamaah Jum’at ingkang kinurmatan déning Allah,

Ing dinten menika kawula badhe matur bab kewajibanipun tiyang jaler dhateng garwanipun ingkang asring dipun laliaken.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Wonten ing rumah tangga, sejatosipun tiyang jaler punika boten namung minangka kepala kulawarga sacara simbolis kemawon, nanging dados pamimpin sejati ingkang tanggung jawab dhateng kabagyan lahir batin kulawarganipun.

Nanging ing jaman modern menika, kathah tiyang jaler (suami) ingkang supe, malah wonten ingkang boten mangertos kewajibanipun. Padahal Islam sampun netepaken bilih tiyang jaler punika qawwam, tegesipun pamimpin lan pangreksa kulawarganipun.

Allah Subḥānahu wa Ta‘ālā ngendika ing Al-Qur’an:

الرِّجَالُ قَوَّامُونَ عَلَى النِّسَاءِ بِمَا فَضَّلَ اللَّهُ بَعْضَهُمْ عَلَى بَعْضٍ وَبِمَا أَنْفَقُوا مِنْ أَمْوَالِهِمْ

“Wong lanang iku dadi pemimpin kanggo wong wadon, amarga Allah wis luwihake sebagian wong lanang saka sebagian wong wadon, lan amarga wong lanang wis aweh nafkah saka bandha-bandhane.” (QS. An-Nisā’ [4]: 34)

Jama’ah Jum’at ingkang kinurmatan déning Allah,

Ayat menika boten namung nerangaken kedudukanipun tiyang jaler, nanging ugi tanggung jawab ageng ingkang kedah dipun lampahi. Dados pamimpin punika tegesipun paring arah, nuntun, ngreksa, lan paring nafkah, boten kanggo mrentah kanthi kasar, utawi nglirwakaken kulawarganipun.

Rasulullah ﷺ punika tuladha ingkang paling sae wonten ing cara ngladosi garwanipun. Panjenenganipun boten nate nginggilaken swara marang garwanipun, boten nate mukul, lan tansah mbiyantu penggawean wonten ing griya. Rasulullah ngendika:

خَيْرُكُمْ خَيْرُكُمْ لِأَهْلِهِ، وَأَنَا خَيْرُكُمْ لِأَهْلِي

“Sing paling apik saka siro kabeh yaiku sing paling apik marang keluargane, lan aku iku sing paling apik marang keluargaku.” (HR. Tirmidzi)

Betapa aluse Nabi ngladosi garwa-garwanipun, kanthi katresnan lan lembut manahipun. Panjenenganipun asring nyebat garwanipun kanthi panggilan alus, ngladosi kanthi tresna, lan mbiyantu nindakaken tugas griya. Punika tuladha kang pantes dipun tiru déning saben tiyang jaler (suami) Muslim.

Hadirin rahimakumullah,

Tugas suami boten namung ngupadi nafkah, nanging ugi ngreksa garwanipun saking geni neraka kanthi nggulawenthah lan nuntun tumrap taqwa. Allah Ta‘ālā ngendika:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا

“He wong-wong kang padha iman! Jaganen awakmu lan keluargamu saka geni neraka.” (QS. At-Taḥrīm [66]: 6)

Mulang garwa babagan ibadah, akhlak, lan sabar punika minangka wujud katresnan sejati. Bojo ingkang namung maringi dhuwit nanging nglirwaaken agama garwanipun, sami kemawon kaliyan nglirwaaken keluarganipun mlebu dalan karusakan.

Hadirin rahimakumullah,

Coba bayangna, wonten satunggaling bojo saben dinten wangsul telat, kebak kesibukan dunya, nanging boten nate takon: “Sampun shalat durung? Anak wis maca Qur’an durung?” Nanging deweke bangga keranten saged maringi nafkah kathah. Padahal wonten ngarsanipun Allah, dheweke gagal dados pamimpin.

Benten kaliyan bojo ingkang sederhana, sanajan penghasilane namung pas-pasan, saben dalu bebarengan shalat jamaah kaliyan garwanipun, maca Al-Qur’an, lan ndedonga bareng. Punikalah rumah tangga ingkang kebak rahmat lan berkah.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Tiyang jaler ugi wajib ngladosi garwanipun kanthi ma’ruf — tegesipun kanthi cara sae, lembut, lan sabar. Kados dawuhipun Allah:

وَعَاشِرُوهُنَّ بِالْمَعْرُوفِ

“Lan pergauliaha wong-wong wadon kuwi nganggo cara sing apik.” (QS. An-Nisā’ [4]: 19)

Tegesipun, tiyang jaler kedah njaga tutur basa, boten kasar, boten nyelekit, lan tansah ngajèni panemu garwanipun. Amarga rumah tangga bahagia punika boten dipun bangun kanthi kekuasaan, nanging kanthi katresnan lan pangerten bebarengan.

Jama’ah ingkang kinurmatan déning Allah,

Tanggung jawab tiyang jaler boten namung dipun pitakoni ing dunya, nanging ugi wonten ing ngarsanipun Allah ing akhirat. Rasulullah ﷺ ngendika:

كُلُّكُمْ رَاعٍ وَكُلُّكُمْ مَسْئُولٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ

“Saben siro iku pamimpin, lan saben pamimpin bakal ditakoni tanggung jawabé marang sing dadi tanggungane.” (HR. Bukhari lan Muslim)

Mula, para suami, para tiyang jaler, elinga!

Garwa punika dudu beban, nanging amanah. Dudu pembantu, nanging kanca urip ingkang kedah dijagi, dipun ajèni, lan dipun paringi hak-hakipun.

Mila, sumonggo rumah tangga punika kita dadosaken ladang pahala, dudu panggonan padu. Tuntuna garwa kanthi ilmu, didik anak kanthi katresnan, lan dadoso pamimpin ingkang tanggung jawab wonten ing ngarsanipun Allah. Mugi Allah maringi kita kulawarga ingkang ayem, tentrem, rahayu, lan slamet dunya lan akhirat. Āmīn yā Rabbal ‘ālamīn.

  بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ  

KHUTBAH II

   اَلْحَمْدُ ِللهِ حَمْدًا كَثِيرًا كَمَا أَمَرَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهَ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ وَاشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُولُهُ وَ حَبِيبُهُ وَ خَلِيلُهُ سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلَّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ أَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تسْلِيْمًا كَثِيرًا. أَمَّا بَعْدُ   

فَيَا عِبَادَ اللهِ, اِتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ مَكَارِمَ الْأُمُورِ وَحَافِظُوا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُورِ الْجَمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ. وَ اعْلَمُوا اَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، و قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ. أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ, بسم الله الرحمن الرحيم. اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلَّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّد وَ عَلَى آل سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ وَ سَلَّمْتَ وَ بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وعلى آل سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ. وَارْضَ اَللَّهُمَّ عَنِ الخُلَفَاء الرَّاشِدِيْنَ سَادَاتِنَا اَبِي بَكْرٍ وعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِي وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَحَابَةِ والتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ  

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِينَ وَ الْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَ الْأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُحِيبُ الدَّعْوَاتِ وَ قَاضِي الْحَاجَاتِ. رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبَنَا غِلَّا لِلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنِ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ  

عِبَادَ اللهِ! إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَ إِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدُكُمْ وَ لَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ واللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ  

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554

Pos terkait