Khutbah Jumat Singkat Menyentuh Hati: Mengapa Kita Pilih yang Mahal? (Jawa)

ilustrasi khutbah jumat
ilustrasi khutbah jumat

KHUTBAH JUMAT I

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعَمٍ لَا تُعَدُّ وَلَا تُحْصَى، وَهَدَانَا لِدِيْنِ الْهُدَى وَالتُّقَى. نَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ حَمْدًا كَثِيْرًا، وَنَشْكُرُهُ شُكْرًا جَزِيْلًا، وَنَسْتَغْفِرُهُ مِنْ جَمِيْعِ الذُّنُوْبِ وَالْخَطَايَا. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين،

أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الإِخْوَان، أوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم}، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ

Bacaan Lainnya

Jamaah Jumat ingkang kinurmatan déning Allah,

Sumonggo kita sami ambudidoyo ningkatakaen ketakwaan dhumateng Allah, ketakwaan ingkang nggerak-aken manah kita, lambe lan sedoyo badan kita. Ketakwaan ingkang dadosaken raos ajrih dhumateng siksa-Nya lan raos kangen dhumateng swarga-nipun Allah SWT.

Jamaah ingkang pikantuk rahmat Allah,

Asring kita mireng dawuhipun para ulama salaf:

“Swarga punika murah, nanging kathah manungsa ingkang milih neraka ingkang larang.”

Punapa tegesipun ukara punika? Swarga punika murah amargi Allah mbikakaken lawang-lawangé kanthi amal-amal prasaja:

  • Shalat gangsal wekdal ing wekdalipun
  • Mesem dhumateng tiyang sanès
  • Nahan nesu
  • Ngucap istighfar
  • Maos satunggal ayat
  • Njagi lisan
  • Paring sedekah sanajan sèwu rupiyah

Sedaya punika boten mbetahaken ragad ageng. Malah Allah dhawuh kanthi lembut:

‏يُرِيدُ اللَّهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيدُ بِكُمُ الْعُسْرَ

Artosipun: “Allah kepéngin maringi gampang marang siro kabèh lan ora kepéngin maringi kangelan.” (QS. Al-Baqarah: 185)

Nanging ingkang dados aneh, manungsa asring milih dalan tumuju neraka ingkang langkung larang, nyita tenaga, wekdal, malah bandha:

  • Ninggal shalat (padahal 5 menit kemawon cekap)
  • Ngunjing jam-jaman
  • Foya-foya ngentèkaké jutaan
  • Maksiat ingkang nyita tenaga
  • Dweké rasa sengit, fitnah, iri lan dendam

Punika ingkang sinebat “larang”: ragadipun ageng, konsekuensiné abot, lan ganjaranipun siksa.

Jamaah Jumat ingkang kinurmatan déning Allah,

Wonten satunggaling riwayat Hadits Nabi, swarga punika dipun-kepung déning perkawis ingkang boten dipun-senengi hawa nafsu:

قَالَ رَسُولُ اللهِ ﷺ: حُفَّتِ الْجَنَّةُ بِالْمَكَارِهِ وَحُفَّتِ النَّارُ بِالشَّهَوَاتِ

Artosipun: “Swarga iku dikubengi barang-barang sing ora disenengi hawa nafsu, lan neraka dikubengi barang-barang sing nyenengake hawa nafsu.” (HR. Bukhari lan Muslim)

Jamaah Jumat ingkang kinurmatan Allah,

Saking hadits punika saged kita tampi bilih kanggé mlebet swarga punika boten mbetahaken bandha, boten mbetahaken kakiyatan. Ingkang dipun betahaken namung sethithik nglawan hawa nafsu. Punika dudu perkawis angel, nanging asring kita sepelekaken:

  • Tangi 10 menit langkung riyin kanggé subuh
  • Nutup panda­ngan 5 detik
  • Nahan lisan supados boten nyakiti
  • Nyingkiri maksiat sanajan wonten kalodhangan

Amal-amal punika entheng, nanging gadhah efek ageng. Dalan neraka sanadyan nyenengake, nanging nyita tenaga, pikiran, lan ngrusak urip.

Jamaah Rahimakumullah, sumangga kita renungi sesarengan:

Kanggo shalat subuh: namung tangi, wudhu lan shalat kalih rakaat. Biayanipun namung 5 menit.

Nanging kanggé maksiat tartamtu: kedah nyusun wekdal, ndhelik saking kulawarga, masrahaken bandha, malah nandhang wedi pirang-pirang dinten. Ragaé larang sanget.

Jamaah Jumat ingkang kinurmatan Allah,

Sedekah 2.000 rupiyah sampun saged mbikak lawang swarga. Nanging rasa dengki, hasud, nesu, dendam—menika nyita tenaga, ngrusak ati, lan ngganggu sare. Neraka punika larang, kanthi “biaya batin” ingkang melelahkan.

Dene dzikir namung mbetahaken sekedhik wekdal. Nanging ngetutaké hawa nafsu, utaminipun maksiat ageng, saged ngrusak kesehatan, kulawarga, bandha lan nama sae.

Wonten ingkang murah, kenging punapa milih ingkang larang?

Jamaah Jumat ingkang kinurmatan Allah,

Allah sampun maringi janji ing Al Qur’an:

‏إِنَّ اللَّهَ اشْتَرَىٰ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ أَنْفُسَهُمْ وَأَمْوَالَهُم بِأَنَّ لَهُمُ الْجَنَّةَ

Artosipun: “Sakjane Allah tuku nyawane wong-wong mukmin lan bandhane, lan gantine yaiku swarga kanggo wong-wong mau.” (QS. At-Taubah: 111)

Hadirin rahimakumullah, sumangga kita tingali ayat punika! Allah boten nyuwun sedaya bandha kita. Boten nyuwun sedaya tenaga kita.
Namung nyuwun ketaatan sethithik, nanging balasanipun swarga langgeng.

Kenging punapa kita langkung remen dalan ingkang larang? Amargi syaitan maringi hiasan kagemipun, kados pitedah Allah:

‏وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطَانُ أَعْمَالَهُمْ

Artosipun: “Syaitan nggawe tumindake wong-wong mau katon apik tumrap dheweke.” (QS. An-Nahl: 63)

Syaitan ndadosaken ingkang murah katon abot… lan ingkang larang katon nikmat…

Mula jamaah ingkang pikantuk rahmat Allah, mongga kita renungi kanthi jero:

  • Swarga boten nyuwun kathah saking kita.
  • Swarga boten ngentèkaké bandha kita.
  • Swarga boten ngrusak kesehatan kita.
  • Swarga namung nyuwun ketaatan alit, nanging ganjaranipun nikmat tanpa wates.

Nanging neraka, sanadyan katon éndah ing mripat, sejatosipun larang: larang tenaga, larang bandha, larang air mata, lan larang penyesalan. Mongga kita pilih dalan ingkang murah nanging regané larang: dalan tumuju swarga.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

KHUTBAH II

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُبِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554

Pos terkait