KHUTBAH JUMAT I
الْحَمْدُ للهِ. الْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ سُبْحَانَكَ اللَّهُمَّ لَا أُحْصِيْ ثَنَاءَكَ عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِكَ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، أَمَّا بَعْدُ، فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ
Jamaah shalat Jumat ingkang kinurmatan déning Allah swt,
Sedaya puji kula aturaken dhumateng Allah swt ingkang sampun paring rupa-rupa nikmat dhumateng kita, saéngga kita saged ngladosi dhawuhipun kanthi rawuh netepi perintag jum’atan ing siang menika.
Shalawat saha salam mugi tansah kita aturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad saw, dhumateng kulawarganipun, para sahabatinipun, lan mugi tumurun ugi dhumateng kita sedaya minangka umatipun. Aamiin ya Rabbal ‘alamin.
Jamaah shalat Jumat ingkang kinurmatan déning Allah swt,
Ing jaman media sosial ingkang boten wonten watesipun menika, saben tiyang saged pamer babagan bandha lan kasilipun. Saking punika medal ukuran-ukuran gesang ingkang dipun tiru dening kathah tiyang, ngantos-ngantos supe dhateng pentingipun syukur.
Minangka umat Islam, perlu sanget supados kita tansah bersyukur dhumateng Allah Swt ingkang paring pinten-pinten nikmat. Langkung-langkung, syukur dhumateng nikmat paling ageng ingkang Allah paringaken, inggih menika nikmat iman lan Islam.
Kanthi nginggilaken rasa syukur, manahipun tiiyang mukmin dados tentrem lan boten kauruban rasa was-was. Salajengipun, Allah Swt ugi sampun maringi janji bilih saben tiyang ingkang tansah syukur badhe dipun tambah nikmatipun. Nanging sing kufur dhumateng nikmat-Nya, bakal kaparingi urip ingkang remen angel. Allah Ta’ala dhawuh:
وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ
Artosipun: “Elingo nalika Pangeranmu ngumumaké, yen siro padha syukur, mesthi Aku nambah nikmat marang siro. Nanging yen siro kufur, temenan azab-Ku kuwat banget.” (QS. Ibrahim: 07)
Jamaah shalat Jumat ingkang kinurmatan déning Allah swt,
Saking ayat punika, Allah maringi janji bilih wong sing syukur bakal ditambahi nikmat. Nikmat ingkang dimaksud saged bentuk nikmat donya lan nikmat rohani. Nikmat donya tegesipun rasa tentrem lan pikiran positif ingkang nambah produktivitas.
Dene nikmat rohani wujudipun rasa tentrem lan katresnan ingkang saya inggil dhumateng Allah Swt saéngga saged nambah semangat ibadah. Lumantar kalih nikmat punika, tiyang saged pikantuk kabegjan dunya lan akhirat.
Syekh Nawawi Banten nerangaken ing kitab Marah Labid jilid I kaca 66:
وَمَزِيْدُ النِّعَمِ الْجِسْمَانِيَّةِ أَنَّ كُلَّ مَنْ كَانَ اشْتِغَالُهُ بِشُكْرِ نِعَمِ اللهِ أَكْثَرَ كَانَ وُصُوْلُ نِعَمِ اللهِ إِلَيْهِ أَكْثَرَ، وَمَزِيْدُ النِّعَمِ الرُّوْحَانِيَّةِ أَنَّ النَّفْسَ إِذَا اشْتَغَلَتْ بِمُطَالَعَةِ أَنْوَاعِ فَضْلِ اللهِ وَإِحْسَانِهِ أَوْجَبَ ذَلِكَ الْاِشْتِغَالَ تَأَكُّدَ مَحَبَّةِ الْعَبْدِ لِلهِ تعالى، ثُمَّ قَدْ يَتَرَقَّى الْعَبْدُ مِنْ ذَلِكَ الْحَالَةِ إِلَى أَنْ يَصِيْرَ حُبُّهُ لِلْمُنْعِمِ شَاغِلًا لَهُ عَنِ الْاِلْتِفَاتِ إِلَى النِّعَمِ فَالشُّكْرُ مَقَامٌ شَرِيْفٌ يُوْجِبُ السَّعَادَةَ فِي الدِّيْنِ وَالدُّنْيَا
Artosipun: “Tambahan nikmat donya kanggo wong sing nyibukké awake kanggo syukur, saéngga dheweke oleh nikmat luwih akeh. Dene tambahan nikmat rohani yaiku nyibukké ati kanggo mikirake piwulang lan kabecikan Allah sing marahi tambah tresna marang Allah. Kanthi kalorone, wong bakal munggah drajate nganti tresnane marang Allah nggeser tresna marang nikmat liyane. Syukur iku drajat mulya sing marahi slamet dunya lan agama.”
Jamaah shalat Jumat ingkang kinurmatan déning Allah swt,
Wonten kalih pratanda bilih rasa syukur sampun kapundhut saking atine tiyang mukmin:
Sepisan, gampang nggresula lan angel nampa takdir.
Tiyang ingkang ilang syukur mesthi ningali kurangipun urip lan boten nate wareg. Padahal kangge syukur, boten kedah ngentosi sugih kangge saged sedekah, lan boten kedah ngentosi sepuh kangge dados manfaat.
Rasulullah Saw dhawuh:
مَنْ لَمْ يَشْكُرِ الْقَلِيلَ، لَمْ يَشْكُرِ الْكَثِيرَ، وَمَنْ لَمْ يَشْكُرِ النَّاسَ، لَمْ يَشْكُرِ اللهَ
Artosipun: “Sapa wong sing ora syukur marang sing sithik, mesthi ora bakal syukur nalika akèh. Lan sing ora syukur marang manungsa, tegese ora syukur marang Allah.” (HR. Ahmad)
Kapindho, ora migunakaken nikmat kang ana kanggo taat.
Syukur punika gabungan pengetahuan, sikap, lan tindak ingkang adhedhasar nikmat saking Allah. Yen raos syukur sampun dicabut, donya dadi tujuan lan dudu sarana ibadah.
Imam Al-Ghazali nerangaken ing Ihya Ulumiddin jilid IV kaca 81:
اِعْلَمْ أَنَّ الشُّكْرَ مِنْ جُمْلَةِ مَقَامَاتِ السَّالِكِيْنَ وَهُوَ أَيْضًا يَنْتَظِمُ مِنْ عِلْمٍ وَحَالٍ وَعَمَلٍ فَالْعِلْمُ هُوَ الْأَصْلُ فَيُوْرِثُ الْحَالَ وَالْحَالُ يُوْرِثُ الْعَمَلَ فَأَمَّا الْعِلْمُ فَهُوَ مَعْرِفَةُ النِّعْمَةِ مِنَ الْمُنْعِمِ وَالْحَالُ هُوَ الْفَرَحُ الْحَاصِلُ بِإِنْعَامِهِ وَالْعَمَلُ هُوَ الْقِيَامُ بِمَا هُوَ مَقْصُودُ الْمُنْعِمِ وَمَحْبُوبُهُ
Artosipun: “Syukur iku salah siji maqom para salik. Dumadi saka ilmu, sikap lan amal. Ilmu marakake sikap, sikap marakake amal. Ilmu yaiku ngerti bilih sakabehe nikmat saka Allah. Sikap yaiku rasa bungah. Dene amal yaiku nggunakake nikmat mau kanggo nindakake perintah-Nya.”
Mekaten khutbah ingkang saged khatib aturaken. Syukur punika dhawuh Allah Swt ingkang kedah kita lampahi. Kanthi syukur, tiyang muslim boten namung angsal tentreming manah, nanging ugi saya nambah katresnan dhumateng Allah Swt kanthi tansah mbenerake ibadah lan amalanipun.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
KHUTBAH II
الْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ
أَمَّا بَعْدُ. فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰ لِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فْي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَ تَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ، رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَر يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554




