Khutbah Jumat NU Online: Menggapai Cinta Allah di Tengah Hiruk-Pikuk Dunia (Jawa)

Ilustrasi Sujud Saat Sholat
Ilustrasi Sujud Saat Sholat

KHUTBAH JUMAT I

اَلْـحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي خَلَقَ الْإِنْسَانَ لِعِبَادَتِهِ، وَجَعَلَ السَّعَادَةَ فِي مَحَبَّتِهِ، وَنَصَبَ الْآيَاتِ دَلِيلًا عَلَى عَظَمَتِهِ، وَأَنْزَلَ الْكِتَابَ هُدًى لِمَنْ رَغِبَ فِي قُرْبِهِ وَرَجَاءً لِرَحْمَتِهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.

اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَمَنْ سَارَ عَلَى نُورِهِ وَاتَّبَعَ سُنَّتَهُ فِي حَيَاتِهِ وَبَعْدَ وَفَاتِهِ،

Bacaan Lainnya

اَمَّا بَعْدُ. فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَقَدْ قَالَ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَاٰمِنُوْا بِرَسُوْلِهٖ يُؤْتِكُمْ كِفْلَيْنِ مِنْ رَّحْمَتِهٖ وَيَجْعَلْ لَّكُمْ نُوْرًا تَمْشُوْنَ بِهٖ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌۙ

Jamaah kaum muslimin Rahimakumullah,

Sakabehing puji kita aturaken dhumateng ngarsanipun Allah ta’ala ingkang sampun maringi manéka warna nikmat. Mliginipun, nikmat iman, islam, lan sehat wal afiat. Kanthi rahmat-Nya ugi, kita taksih kaparingan kesempatan kumpul wonten ing masjid menika ing dinten Jum’at ingkang kebak berkah.

Shalawat lan salam mugi tansah kasembadani dhumateng Nabi Muhammad SAW, panutan utama kanggé kita sedaya, ingkang maringi piwulang kados pundi tresna dhumateng Allah lan makhluk-Nya lumantar ibadah, keikhlasan, lan tindak kebecikan.

Mugi-mugi salawat lan salam ugi kaparingaken dhumateng kulawarga, para kerabat, para sahabat, lan sakabehe umatipun dumugi akhir jaman, mugi tansah wonten ing pangayomanipun Allah ingkang Maha Asih.

Saklajengipun, sumonggo kita tansah ningkataken ketakwaan dhumateng Allah ta’ala kanthi nindakake dhawuh-dhawuh-Nya lan nyingkiri sedaya ingkang dilarang-Nya. Awit kanthi takwa punika, kita saged angsal rahmat Allah ingkang tanpa watès.

Kados ing Al-Qur’an Surat Al-Hadid ayat 28 punika kapratelak:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَاٰمِنُوْا بِرَسُوْلِهٖ يُؤْتِكُمْ كِفْلَيْنِ مِنْ رَّحْمَتِهٖ وَيَجْعَلْ لَّكُمْ نُوْرًا تَمْشُوْنَ بِهٖ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌۙ

Artosipun: “Heh wong-wong sing padha iman, padha wedia marang Allah lan padha imanen marang Rasul-Nya, mesthi Allah maringi marang Siro rohmat kaping pindho lan maringi padhang kanggo lumaku, lan ngapura Siro. Allah iku Maha Pangapura maneh Maha Welas.”

Jamaah kaum muslimin Rahimakumullah,

Ing jaman modern menika, kathah tiyang gesang wonten ing rutinitas ingkang padhet lan melelahkan. Saben dinten kebak gawean, tanggel jawab kulawarga, lan tekanan ekonomi tanpa kendhat. Asring pikiran kaperang dhumateng urusan donya dumugi lali marang eling dhateng Allah.

Amargi punika, wigati sanget kanggé kita ngudhari manah, ngupadi Allah lan tresna-Nya wonten ing tengah kesibukan menika. Salah satunggaling cara ingkang kapisan yaiku tawakal, inggih punika nyerahke diri kanthi sakabehe marang Allah sawisé usaha kanthi maksimal.

Allah ta’ala sampun ngendika teges ing QS. Ali Imran ayat 159:

فَاِذَا عَزَمْتَ فَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُتَوَكِّلِيْنَ

Artosipun: “Yèn Siro wis mantep tekadmu, pasrahna marang Allah. Satemené Allah tresna marang wong-wong sing tawakal.”

Jamaah kaum muslimin Rahimakumullah,

Aja nganti kita keliru mangertosi, tawakal punika dudu ninggal usaha lan pasrah tanpa tindak. Nanging tawakal punika sikap ati sing yakin dhumateng Allah sasampunipun usaha kanthi maksimal.

Syekh Wahbah Az-Zuhaili wonten Tafsirul Munir jilid 4 kaca 77 ngendika:

فَلَيْسَ هُوَ تَرْكَ الْأَسْبَابِ، كَمَا زَعَمَ قَوْمٌ، وَإِنَّمَا هُوَ الثِّقَةُ بِاللّٰهِ وَالْإِيقَانُ بِأَنَّ قَضَاءَهُ مَاضٍ، وَاتِّبَاعُ سُنَّةِ نَبِيِّهِ صَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فِي السَّعْيِ فِيمَا لَا بُدَّ مِنْهُ مِنَ الْأَسْبَابِ

Artosipun: “Tawakal kuwi dudu ninggal sebab-sebab kaya anggapan sebagian wong. Nanging percaya tenan marang Allah, yakin yen ketentuan-Nya mesthi kelakon, lan ngetutaké sunnah Nabi ing usaha marang hal-hal sing kudu diupayakaké.”

Jamaah kaum muslimin Rahimakumullah,

Saliyane tawakal, kunci kanggo nggayuh tresna Allah yaiku takwa ing saben kahanan. Sawisé tawakal, kita kudu njaga tapel wates ketakwaan minangka hamba sing iman.

Takwa punika tegesé njaga diri saka dosa lan tansah nindakake dhawuh Allah. Allah ta’ala ngendika ing QS. Ali Imran ayat 76:

فَاِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِيْن

Artosipun: “Temenan Allah tresna marang wong-wong sing padha takwa.”

Ath-Thabari ing Jami’ul Bayan jilid 5 kaca 515 ngendika:

فَإِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الَّذِينَ يَتَّقُونَهُ، فَيَخَافُونَ عِقَابَهُ، وَيَحْذَرُونَ عَذَابَهُ، فَيَجْتَنِبُونَ مَا نَهَاهُمْ عَنْهُ وَحَرَّمَهُ عَلَيْهِمْ، وَيُطِيعُونَهُ فِيمَا أَمَرَهُمْ بِهِ

Artosipun: “Allah tresna marang wong sing padha takwa, yaiku wong sing wedi marang siksa-Nya, nyingkiri apa sing dilarang lan diharamké, lan manut apa sing diperintahké.”

Jamaah kaum muslimin Rahimakumullah,

Salajengipun, saliyané tawakal lan takwa, kita ugi kedah tansah tobat. Kados pundi ing QS. Al-Baqarah ayat 222:

اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ التَّوَّابِيْنَ وَيُحِبُّ الْمُتَطَهِّرِيْنَ

Artosipun: “Allah tresna marang wong-wong sing tobat lan wong-wong sing nyucèkaké awaké.”

Wonten Ihya’ ‘Ulumuddin jilid 4 halaman 4 dipun-wedalaken:

وَقَالَ سَهْلُ بْنُ عَبْدِ اللّٰهِ التُّسْتَرِيُّ: اَلتَّوْبَةُ تَبْدِيلُ الْحَرَكَاتِ الْمَذْمُومَةِ بِالْحَرَكَاتِ الْمَحْمُودَةِ

Artosipun: “Tobat iku ngganti tumindak sing ala dadi tumindak sing becik.”

Jamaah kaum muslimin ingkang pinaring rahmat dening Allah,

Dados hamba ingkang dipun tresnani Allah boten cekap namung kanthi niyat sae, nanging kedah diwujudaké ing telung perkara: tawakal, takwa, lan tobat.

Mila, monggo kita bebersih diri. Tigo perkawis menika kita dadosaken bagian saking gesang saben dinten, supados manah kita tentrem lan gesang tansah wonten ing ridha Allah SWT.

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH II

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ عَلَى إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَامْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إِلَى رِضْوَانِهِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا المُسْلِمُوْنَ اِتَّقُوْا اللّٰهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللّٰهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلَآئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعَالَى إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيَآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلَآئِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيِّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الأَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتِ اَللّٰهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الْفِتَنِ وَالْمِحَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ الْبُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَ اِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَ اللّٰهِ ! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِيْ الْقُرْبٰى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوْا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ وَ اللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554

Pos terkait