Materi Khutbah Jumat Terbaru: Sabar dan Ikhtiar, Ada Hikmah di Setiap Masalah (Jawa)

ilustrasi sabar
ilustrasi sabar

KHUTBAH JUMAT I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن.

أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى : فَاِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۙ. اِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۗ

Bacaan Lainnya

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Sampun dados sawijining kewajiban kang kedah tansah kedah kita lampahi inggih punika ngaturaken raos syukur saha ngestokaken ketakwaan dhateng Allah SWT minangka bekal nglampahi gesang ingkang kebak masalah lan cobaan punika.

Syukur lan takwa badhe nuntun saha nyadaraken kita bilih menawi saben perkawis ing gesang punika sampun dados takdiring Allah, ingkang mesthi mbeto piwulang lan hikmah ingkang jero.

Allah sampun netepake menawi saben cobaan ingkang kaparingake dhateng manungsa punika mesthi selaras kaliyan kesanggupane.

Hal punika sampun dipun tegaskan Allah wonten ing Al-Qur’an surat Al-Baqarah ayat 286:

لَا يُكَلِّفُ اللّٰهُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَاۗ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَعَلَيْهَا مَا اكْتَسَبَتْۗ

Artosipun: “Allah ora mbebani wong, kejaba manut kesanggupane. Kang becik sing diupayakake bakal bali marang awake dewe, lan sing ala sing ditindakake uga bakal bali marang awake dewe.”

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Saben tiyang mesthi badhe kepanggih kaliyan masalah. Mbok menapa pangkate inggil, asal-usule, utawi kedudukanipun, salami taksih gesang wonten inga lam dunyo punika mesthi boten saged lepas saking ujian.

Nanging ingkang dados pembeda antarane tiyang setunggal lan sanesipun inggih punika pripun carane ngadhepi masalah punika.

Masalah punika boten perlu diwedeni, punapa malih dipun hindari. Masalah punika bagian saking proses pendewasaan lan sarana kang nambah kualitas gesang kita.

Nalika manungsa kepengin munggah derajat ingkang langkung inggil, mesthi wonten ujianipun. Kados unen-unen, “Luwih inggil wit-witan, luwih kenceng angin kang teko.”

Mekaten ugi gesang punika. Nalika kita wonten ing tahap pertumbuhan, gesang badhe nguji keteguhan, kesabaran, lan kekiyatan kita.

Kadhang-kadhang kita gumun: punapa sebabipun pas arep dados luwih sae, cobaan malah dugi bertubi-tubi?

Jawabipun: punika dados syarat munggah derajat. Tanpa ujian, kita boten badhe gadhah kesiapan lan kawasisan ngadhepi tingkat gesang ingkang langkung inggil. Saben pengalaman badhe dados piwulang ingkang aji.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Sajroning gesang, pengalaman punika guru paling utami. Saben kesulitan ingkang nate kita raosaken badhe dados piwulang lan bekal kanggo ngadhepi mangsa ngajeng.

Lara dina menika saged dados kekuatan ingkang ageng ing tembe buri. Tiba boten ateges gagal, nanging lagi nyawisake bekal kanggo tangi kanthi cara ingkang langkung sae.

Tiyang ingkang boten naté ketemu masalah malah badhe ringkih nalika wonten badai.

Ing saben tetes eluh mesthi wonten makna ingkang tembe badhe saged disyukuri. Sakit ingkang kita raosaken dinten menika saged dados sebab celakipun raos bungah.

Rasulullah tansah mulangaken optimisme kados ing hadits:

احْرِصْ عَلَى مَا يَنْفَعُكَ، وَاسْتَعِنْ بِاللَّهِ، وَلَا تَعْجَزْ

Artosipun: “Sengsemana marang apa-apa sing manfaat kanggo siro. Njaluk tulungono marang Allah. Lan aja dadi wong sing lemah.”

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Nalika ngadhepi masalah gesang, mlayu dudu solusi. Ngindhari masalah malah ndadekake awake dhewe mlaku menyang masalah sing luwih gedhe.

Kados dene wektu sing ditunda-tunda, masalah punika boten bakal ilang, nanging mung numpuk lan ngenteni wektu kanggo njeblug.
Inggih punika, kedah diadhepi kanthi ati berani lan pikiran bening.

Sasampunipun saged ngliwati, kita badhe nyumurupi menawi kekiyatan kita punika nyata-nyata langkung ageng tinimbang sing tau kita bayangake.

Rasulullah langkung remen dhateng umatipun ingkang kiyat, kados wonten ing hadits:

الْمُؤْمِنُ الْقَوِيُّ، خَيْرٌ وَأَحَبُّ إِلَى اللهِ مِنَ الْمُؤْمِنِ الضَّعِيفِ

Artosipun: “Wong mukmin sing kuwat luwih becik lan luwih disenengi Allah tinimbang wong mukmin sing ringkih.”

Permasalahan gesang punika kados ombak wonten ing sagara. Bayangna yen ana pantai tanpa ombak, mesthi katon sepi, datar, lan mbosenake. Ombak punika ingkang ndadekake pantai ketingal endah.

Ugi mekaten gesang. Masalahlah ingkang ndadekake gesang punika warna-warni lan maringi rasa syukur nalika ketenangan rawuh.

Tanpa ujian kita boten saged ngraosaken nikmate kemudahan.
Gesang punika boten namung udan lan badai, nanging mesthi wonten pelangi sawise udan rampung. Allah boten nate maringi ujian ngluwihi kemampuan hamba-Nya.

Ing tengah saben kesulitan mesthi wonten kemudahan, sanadyan kadhang kita boten langsung mangertosi.

اِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۙ. اِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۗ

Artosipun: “Satemene bebarengan karo kesulitan ana kemudahan. Satemene bebarengan karo kesulitan ana kemudahan.”

Kadang kemudahan punika rawuh wonten ing wujud sanes. Kados kekuatan kanggo tetep tangguh, kanca ingkang nuntun, utawa kesempatan anyar sawisé lawang lawas katutup.

Ingkang paling wigati yaiku tetep percados, tetep usaha, lan tetep syukur. Masalah punika bagian saking gesang. Nanging saben masalah nggawa hikmah lan kesempatan kanggo tuwuh. Mula, ayo kita tetep sabar lan tansah berikhtiar tanpa gampang nyerah.

Dadosaken ujian punika minangka undhak-undhakan kanggo munggah langkung inggil. Masalah punika pratanda menawi kita lagi mlaku tumuju versi paling sae saking diri kita.

Pramilo, Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, ayo kita tetep mlampah. Yen dina menika rumiyin abot, pitadosa menawi kita lagi ditempa dados langkung kiyat. Saben badai mesthi liwat, lan sawisé peteng mesthi wonten padhang. Amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

KHUTBAH II

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَسَارِعُوْا إِلَى مَغْفِرَةِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. وَصَلَّى الله عَلَى سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتْ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ جَهَنَّمَ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ الْقَبْرِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَسِيْحِ الدَّجَّالِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَحْيَا وَالْمَمَاتِ، اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْهَمِّ وَالْحَزَنِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ الْعَجْزِ وَالْكَسَلِ وَ نَعُوذُ بِكَ مِنْ الْجُبْنِ وَالْبُخْلِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ غَلَبَةِ الدَّيْنِ وَقَهْرِ الرِّجَالِ، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554

Pos terkait