KHUTBAH I
الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي أَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعَمٍ لَا تُحْصَى، وَسُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَى بِعَبْدِهِ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى، وَعَرَّجَ بِهِ بِصُحْبَةِ جِبْرِيلَ الْأَمِينِ إِلَى السَّمَاوَاتِ الْعُلَى. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ ذُو الْأَسْمَاءِ الْحُسْنَى، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الْهُدَى
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ نُجُوْمِ الدُّجَى، وَالتَّابِعِينَ وَتَابِعِيهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْجَزَاءِ الْكُبْرَى
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُونَ رَحِمَكُمُ اللّٰهُ، اِتَّقُوا اللّٰهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى: اُتْلُ مَا أُوْحِيَ إِلَيْكَ مِنَ الْكِتَابِ وَأَقِمِ الصَّلٰوةَ ۗ إِنَّ الصَّلٰوةَ تَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ ۗ وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ ۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُونَ
Ma’asyiral muslimin, jamaah Jumat rahimakumullah,
Alhamdulillah, sedaya puji namung kagunganipun Allah SWT, ingkang tansah paring kanugrahan iman, Islam, saha kasarasan dhumateng kita sedaya. Mugi shalawat saha salam tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, dhateng kulawarganipun, para sahabatipun, saha sedaya umatipun ngantos pungkasaning jaman.
Wonten ing kalodhangan menika, khatib ngajak dhumateng sedaya jamaah, langkung-langkung dhumateng pribadi khatib piyambak, supados tansah ningkataken ketakwaan dhumateng Allah SWT kanthi saestu-taestunipun takwa, yaiku kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun lan ninggalaken sedaya laranganipun. Awit takwa punika dados sangu ingkang paling sae tumraping gesang, ingkang badhe nylametaken kita wonten ing donya lan akhirat. Allah SWT ngendika:
وَتَزَوَّدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ
Artosipun: “Padha padhaa nyiapake sangu, amarga saktemene sangu sing paling apik yaiku takwa. Lan padha wediya marang Aku, he wong-wong sing nduweni akal sehat.” (Al-Baqarah Ayat 197)
Ma’asyiral muslimin, jamaah Jumat rahimakumullah,
Alhamdulillah, Allah SWT malih paring kalodhangan dhumateng kita supados saged kapanggih kaliyan wulan Rajab, salah satunggaling wulan haram ingkang dipunmulyakaken. Wulan Rajab ngélingaken kita dhumateng prastawa agung Isra’ Mi’raj, nalika shalat lima wektu dipunwajibaken minangka soko guru agami lan amalan kapisan ingkang badhe dipunhisab ing tembe wingking. Nanging kita kedah mangertos bilih shalat boten cekap namung dipuntindakaken kanthi ritual kemawon, nanging kedah paring pangaruh tumrap tambahing ketakwaan lan kepedulian sosial.
Shalat ingkang leres badhe nyegah tumindak keji lan munkar, nuwuhaken rasa empati, saha nyurung kita supados langkung peduli lan migunani tumraping sesami. Allah SWT ngendika wonten ing Al-Qur’an surat Al-‘Ankabut ayat 45:
اُتْلُ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنَ الْكِتٰبِ وَاَقِمِ الصَّلٰوةَۗ اِنَّ الصَّلٰوةَ تَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِۗ وَلَذِكْرُ اللّٰهِ اَكْبَرُۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ ٤٥
Artosipun:“Wacanen kitab (Al-Qur’an) sing wis diwahyukake marang siro lan tegakkna shalat. Saktemene shalat kuwi nyegah saka tumindak keji lan munkar. Lan ngelingi Allah iku luwih gedhe (utama). Allah ngerti apa sing kok tindakake.”
Saking ayat punika, kita saged mangertos bilih shalat boten namung gadhah dimensi sesambetan kaliyan Allah (ḥablun minallah) kemawon, nanging ugi gadhah dimensi sesambetan kaliyan sesami manungsa (ḥablun minannas).
Shalat ingkang leres lan boten mandheg namung wonten ing gerakan saha waosan kemawon, mesthinipun saged nyegah saking tumindak keji lan munkar. Tegesipun, kualitas shalat tiyang punika saged katitik saking sikap lan prilaku sosialipun.
Shalat ingkang gesang lan kebak makna badhe nglairaken kepekaan ati nurani, rasa empati, lan kepedulian dhumateng sangsaranipun tiyang sanes. Manawi shalat namung dados rutinitas tanpa dampak sosial, mila hakekat ibadah punika pantes kita renungi malih.
Mila saking punika, wulan Rajab maringi piwulang dhateng kita bab keseimbangan antawisipun ibadah pribadi lan tanggung jawab sosial. Semangat nyedhaki Allah kedah lumampah sairing kaliyan semangat nulungi sesami.
Kepedulian sosial saged dipunwujudaken lumantar maneka warna cara, kados ta sedekah dhumateng fakir miskin, mbiyantu tangga teparone ingkang kesrakat, njagi lingkungan, ngantos tumindak santun lan adil wonten ing pergaulan. Sedaya punika minangka cerminan saking shalat ingkang ngasilaken kabecikan.
Malah ing wekdal samenika, kita sami kaadhepi kahanan ingkang kathah sedherek kita ingkang kapekso nandhang musibah bencana alam. Padha sanget mbutuhaken pitulungan kita.
Manawi ati kita boten kegugah kangge nulungi, mila saged dados wonten ingkang klentu wonten ing shalat kita. Saged dados kita kalebet tiyang ingkang lali, lan shalat ingkang kita tindakaken namung winates kangge nggugurake kewajiban kemawon lan boten gadhah pengaruh tumrap pribadine kita.
Allah SWT sampun ngélingaken kita wonten ing Al-Qur’an surat Al-Ma’un ayat 4–7:
فَوَيْلٌ لِّلْمُصَلِّيْنَۙ (٤) الَّذِيْنَ هُمْ عَنْ صَلَاتِهِمْ سَاهُوْنَۙ (٥) الَّذِيْنَ هُمْ يُرَاۤءُوْنَۙ (٦) وَيَمْنَعُوْنَ الْمَاعُوْنَ (٧)
Artosipun:“Celaka wong-wong sing padha shalat, yaiku wong-wong sing lali marang shalaté, sing seneng pamer (riya), lan ora gelem menehi pitulungan.”
Ma’asyiral muslimin, jamaah Jumat rahimakumullah,
Wulan Rajab dados wekdal ingkang trep kangge ngresiki ati saking sipat egois lan individualistis. Wonten ing konteks gesang modern ingkang kathah kompetisi lan kebut menika, kepedulian sosial asring kesingkiraken. Padahal, Islam mulangaken bilih manungsa ingkang paling sae punika ingkang paling migunani tumrap manungsa sanesipun.
Rasulullah SAW ngendika:
خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّاسِ
Artosipun:“Wong sing paling apik yaiku wong sing paling migunani kanggo wong liya.” (HR. Ahmad)
Shalat ingkang kita tegakaken saben dinten satemah dados pangéling supados kita boten nutup mata saking kasunyatan sosial ing sakubengé kita. Kanthi mekaten, Rajab, shalat, lan kepedulian sosial punika minangka satunggaling kesatuan ingkang boten saged dipunpisahaken.
Rajab ngélingaken kita dhumateng sejarah spiritual umat Islam, shalat mbentuk kepribadian lan ketakwaan, dene kepedulian sosial dados bukti nyata saking keimanan punika.
Menyongsong wulan-wulan mulya salajengipun, sumangga kita jadikan Rajab minangka titik wiwitan kangge ndandani kualitas shalat kita, sekaligus ngukuhaken komitmen supados tansah dados pribadi ingkang peduli, migunani, lan paring rahmat tumraping sesami.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أنْ لآ إلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ
فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا، اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Silakan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554




