Teks Khutbah Jumat Singkat: Rajab, Momentum Taubat dan Perbikan Diri (Bahasa Jawa)

KHUTBAH JUMAT I

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ جَعَلَ الزَّمَانَ مِيْدَانًا لِلطَّاعَةِ، وَفَضَّلَ بَعْضَ الشُّهُوْرِعَلَى بَعْضٍ بِحِكْمَةٍ بَالِغَةٍ، فَجَعَلَ مِنْهَا شَهْرَ رَجَبَ شَهْرًا حَرَامًا، وَمُوْسِمًا لِزِيَادَةِ التَّقْوَى، وَمَيْدَانًا لِمُرَاجَعَةِ النَّفْسِ وَالْاِسْتِعْدَادِ لِلِقَاءِ اللهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةً تُنْقِذُنَا مِنْ عَذَابِهِ وَتُبَلِّغُنَا رِضْوَانَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ يَحُثُّ أُمَّتَهُ عَلَى الطَّاعَاتِ وَالْقُرُبَاتِ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

Bacaan Lainnya

أَمَّا بَعْدُ, فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌۗ ذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ ەۙ فَلَا تَظْلِمُوْا فِيْهِنَّ اَنْفُسَكُمْ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِيْنَ كَاۤفَّةً كَمَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ كَاۤفَّةًۗ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ

Para jamaah shalat Jumat ingkang kinurmatan dening Allah SWT,

Ngawiti khutbah Jumat ing siang dinten menika, sumangga kita sedaya sesarengan ngaturaken puji saha syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit sedaya nikmat ingkang sampun dipunparingi dhumateng kita, mliginipun nikmat iman lan Islam, ingkang dados nikmat paling ageng wonten ing gesang menika.

Salajengipun, sumangga kita ngaturaken shalawat saha salam dhumateng junjungan kita, Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ugi dhumateng kulawarga dalem, para sahabat, saha sedaya umatipun ngantos pungkasaning jaman. Mugi kita sedaya kaparingan syafa’atipun ing dinten kiamat temben. Aamiin ya Rabbal ‘alamin.

Wonten ing wekdal ingkang mulya menika, khatib ngajak para jamaah sedaya, ugi ngelingaken dhateng dhiri khatib piyambak, supados tansah ningkataken ketakwaan dhumateng Allah SWT kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun lan nyingkiri sedaya laranganipun.

Kados pundi dawuhipun Allah Ta’ala:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

Artosipun:“He wong-wong sing iman, padha wediya marang Allah kanthi wedi sing tenan, lan aja nganti kowe mati kejaba ana ing kahanan Islam.” (QS. Ali-Imran: 102)

Para jamaah shalat Jumat ingkang kinurmatan dening Allah SWT,

Wulan Rajab menika kalebet salah satunggaling wulan ingkang mulya. Wonten ing piwulang Islam, wulan Rajab kalebet salah satunggaling saking sekawan wulan haram ingkang kasebat wonten ing Al-Qur’an, saliyanipun wulan Dzulqa’dah, Dzulhijjah, lan Muharram.

Mila saking menika, minangka umat Islam, kita dipunanjuraken supados ngisi wulan Rajab kanthi nambahi ibadah dhumateng Allah SWT.

Kanthi niyat nyawisaken dhiri kangge nyambut rawuhipun wulan Ramadhan, wulan Rajab dados wekdal ingkang trep kangge ningkataken ibadah, saha nglatih lan ngiyataken ketakwaan dhumateng Allah SWT.

Kados pundi dawuhipun Allah SWT wonten ing Surat At-Taubah ayat 36:

اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌۗ ذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ ەۙ فَلَا تَظْلِمُوْا فِيْهِنَّ اَنْفُسَكُمْ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِيْنَ كَاۤفَّةً كَمَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ كَاۤفَّةًۗ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ

Artosipun:“Saktemene cacahing wulan ing ngarsane Allah ana rolas wulan, kaya sing wis ditemtokake dening Allah nalika Panjenengane nitahake langit lan bumi. Saka rolas wulan kuwi ana papat wulan haram. Kuwi agama sing lurus. Mula aja nganti kowe nganiaya awakmu dhewe ana ing wulan-wulan kuwi, lan perangilah wong-wong musyrik kabeh kaya dheweke uga merangi kowe kabeh. Lan ngertenen yen Allah iku tansah bebarengan karo wong-wong sing taqwa.” (QS. At-Taubah: 36)

Wonten ing ayat menika, Allah SWT nerangaken bilih cacahing wulan wonten ing ngarsanipun Allah SWT punika wonten rolas wulan. Saking wulan-wulan menika, wonten sekawan wulan ingkang dipunmulyakaken. Salah satunggalingipun inggih menika wulan Rajab.

Syekh Nawawi al-Bantani wonten ing kitab Marah Labid, juz I halaman 447, ngendika kados makaten:

مِنْهَا أَيْ مِنْ تِلْكَ الشُّهُوْرِ الْاِثْنَيْ عَشَرَ أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ هِيَ ذُوْ الْقَعْدَةِ، وَذُوْ الْحِجَّةِ وَالْمُحَرَّمُ وَرَجَبُ

Artosipun:“Saka rolas wulan kuwi, ana papat wulan sing mulya, yaiku Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharram, lan Rajab.”

Para jamaah shalat Jumat ingkang kinurmatan dening Allah SWT,

Salajengipun, minangka wulan ingkang mulya, wulan Rajab sanget dipunanjuraken kangge umat Islam supados dipunisi kanthi nambahi ibadah saha ningkataken ketakwaan dhumateng Allah SWT.

Kathah riwayat ingkang nerangaken bab kautamaan ibadah wonten ing wulan Rajab.

Syekh Abdul Hamid bin Muhammad Ali bin Abdul Qadir wonten ing kitab Kanzun an-Najah wa as-Surur, halaman 136, nerangaken bilih wulan Rajab gadhah kathah kautamaan.

Umat Islam ingkang nindakaken ibadah wonten ing wulan Rajab badhe pikantuk pahala ingkang ageng, mliginipun amalan puasa, kathah istighfar, saha tobat saking dosa-dosa ingkang sampun kapengker.

Syekh Abdul Hamid ngendika:

اعْلَمْ أَنَّ رَجَبَ شَهْرٌ فَضِيْلٌ, وَالْعِبَادَةُ فِيْهِ لَهَا أَجْرٌ جَلِيْلٌ, خُصُوْصًا الصَّوْمُ فِيْهِ وَالْإِسْتِغْفَارُ وَالتَّوْبَةُ مِنَ الْأَوْزَارِ وَفِيْ أَوَّلِ لَيْلَةٍ مِنْهُ يُسْتَجَابُ الدُّعَاءُ فَيُسْتَحَبُّ

Artosipun: “Ngertio siro kabeh, yen Rajab iku wulan sing utama. Ibadah ana ing jerone entuk ganjaran gedhe, utamane pasa, njaluk pangapura, lan tobat saka dosa-dosa. Lan ing wiwitan wengi wulan Rajab, panyuwunan bakal dikabulake, mula dianjurake kanggo nindakake.”

Para jamaah shalat Jumat ingkang kinurmatan dening Allah SWT,

Wulan Rajab kawentar minangka wulan istighfar. Wonten ing wulan menika, umat Islam dipunanjuraken supados nambahi istighfar saha nyuwun pangapura dhumateng Allah SWT.

Salajengipun, wulan Rajab ugi dados wulan persiapan kangge nyambut rawuhipun wulan Ramadhan.

Wulan Rajab dipunumpamakaken minangka mangsa dagang lan muamalah kaliyan Allah SWT. Mila saking menika, umat Islam sanget dipunanjuraken supados ngisi wulan Rajab kanthi nambahi ibadah saha ningkataken ketakwaan, minangka sangu kangge nyambut wulan Ramadhan.

Kados pundi kateranganipun Syekh Abdul Hamid:

وَقَالَ الْعُلَمَاءُ: رَجَبُ شَهْرُ الْإِسْتِغْفَارِ وَشَعْبَانُ شَهْرُ الصَّلَاةِ عَلَى النَّبِي صَلَّى اللهُ تَعَالَى عَلَيْهِ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ, وَرَمَضَانُ شَهْرُ الْقُرْأَنِ, فَاجْتَهِدُوْا رَحِمَكُمُ اللهُ تَعَالَى فِيْ رَجَبَ فَإِنَّهُ مُوْسِمُ التِّجَارَةِ وَاعْمَرُوْا أَوْقَاتِكُمْ فِيْهِ فَهُوَ أَوَانُ الْعِمَارَةِ. فَمَنْ كَانَ مِنَ التُّجَّارِ فَهَذِهِ الْمَوَاسِمُ قَدْ دَخَلَتْ, وَمَنْ كَانَ مَرِيْضًا بِالْأَوْزَارِ فَهَذِهِ الْأَدْوِيَةُ قَدْ حُمِلَتْ

Artosipun: “Para ulama padha kandha: Rajab iku wulan istighfar, Sya’ban iku wulan shalawat marang Nabi Muhammad SAW, lan Ramadhan iku wulan Al-Qur’an. Mula padha sregep, muga-muga Allah maringi rahmat marang kowe, ngisi wulan Rajab, amarga iku mangsa dagang. Isinen wektu-wektumu ana ing jerone, amarga iku wektu kanggo nguripake amal. Sapa sing kalebu para pedagang, iki wis tekan mangsane dagang. Lan sapa sing lara amarga akeh dosa, iki obat-obate wis disiapake.”

Para jamaah shalat Jumat ingkang kinurmatan dening Allah SWT,

Sumangga kita manfaataken wulan Rajab ingkang kebak kamulyan menika kanthi nambahi istighfar, ningkataken ibadah, saha ndandosi dhiri lumantar tobat ingkang saestu. Dadosna wulan Rajab minangka momentum persiapan kangge nyambut rawuhipun Ramadhan kanthi manah ingkang resik saha ketakwaan ingkang langkung kiyat, supados sedaya amal ingkang kita lampahi dipuntampi saha dipunberkahi dening Allah SWT, sarta dados sangu kaslametan kita wonten ing donya lan akhirat temben.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ، وَنَفَعَنِيْ وَاِيَاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ جَمِيْعَ أَعْمَالِنَا إِنَّهُ هُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH II

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ عَظَّمَ شَهْرَ رَجَبَ وَجَعَلَهُ مِنَ الْأَشْهُرِ الْحُرُمِ، وَدَعَانَا فِيْهِ إِلَى تَرْكِ الْمَعَاصِيْ وَالْإِكْثَارِ مِنَ الطَّاعَاتِ، لِنَزْدَادَ تَقْوًى وَقُرْبًا إِلَيْهِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ أَمَّا بَعْدُ.

فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فْي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. 

عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَر.ِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Silakan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG Wa.0812-4436-5554

Pos terkait