Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat Padat: Empat Tingkatan Rezeki

Ilustrasi Empat Tingkatan Rezeki
Ilustrasi Empat Tingkatan Rezeki

KHUTBAH JUMAT I

الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن.

أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ

Bacaan Lainnya

Para jamaah Jumuah rahimakumullah,

Sampun dados sawijining keniscayaan tumrap kita sedaya kangge ngaturaken rasa syukur dhumateng Allah awit saking limpahan nikmat iman, nikmat Islam, lan nikmat gesang.

Sumangga kita wujudaken rasa syukur punika kanthi ningkataken ketakwaan kita dhumateng Allah kanthi saestu-leresing takwa. Amargi namung kanthi takwa, gesang kita badhe dados langkung terarah, lan rezeki kita kebak berkah.

وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مَخْرَجًاۙ . وَّيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُۗ

Artinya: “Sapa sing takwa marang Allah, mesthi Allah bakal maringi dalan metu. Lan maringi rezeki saka arah sing ora dikira-kira.” (QS At-Thalaq: 2-3)

Ing wekdal punika, sumangga kita sami merenungi hakikat lan tingkatan rezeki kados pundi ingkang sampun dipun terangaken dening ulama inggih punika Muhammad Mutawalli al-Sha’rawi. Panjenenganipun nerangaken bilih rezeki gadhah tingkatan, boten namung sekadar bandha ingkang kita gadhahi.

Syekh asy-Sya’rawi nerangaken sekawan tingkatan rezeki kanthi ungkapan ingkang endah sanget:

المَالُ هُوَ أَدْنَى دَرَجَاتِ الرِّزْقِ. وَالعَافِيَةُ أَعْلَى دَرَجَاتِ الرِّزْقِ. وَصَلَاحُ الأَبْنَاءِ أَفْضَلُ أَنْوَاعِ الرِّزْقِ. وَرِضَا رَبِّ العَالَمِينَ فَهُوَ تَمَامُ الرِّزْقِ

Artinya: “Bandha iku rezeki paling endhek, sehat iku rezeki paling dhuwur, anak shalih iku rezeki paling utama, lan ridhaning Allah iku rezeki sing paling sampurna.”

Para jamaah Jumuah rahimakumullah,

Tingkatan rezeki ingkang kapisan inggih punika bandha. Bandha punika dados kabutuhan dhasar kita. Kanthi bandha kita saged nedha, ngagem sandhangan, lan nyukupi kabutuhan gesang.

Nanging, para jamaah sekalian, bandha punika tingkatan rezeki ingkang paling andhap. Kenging punapa? Amargi bandha saged dipun gadhahi sinten kemawon, sae tiyang ingkang iman utawi ingkang ingkar. Malah kadhangkala bandha saged dipun pikantuk kanthi cara ingkang boten leres. Mila sampun ngantos kita ndadosaken bandha minangka tujuan gesang, nanging dadosna sarana tumuju kabecikan, awit sedaya badhe dipun tanggel jawabaken.

Rasulullah SAW sampun dawuh:

لَا تَزُوْلُ قَدَمَا عَبْدٍ يَوْمَ الْقِيَامَةِ حَتَّى يُسْأَلَ عَنْ أَرْبَعٍ عَنْ عُمُرِهِ فِيْمَا أَفْنَاهُ وَعَنْ جَسَدِهِ فِيْمَا أَبْلَاهُ وَعَنْ عِلْمِهِ مَاذَا عَمِلَ فِيْهِ وَعَنْ مَالِهِ مِنْ أَيْنَ اكْتَسَبَهُ وَفِيْمَا أَنْفَقَهُ (رَوَاهُ ابْنُ حِبَّانَ وَالتِّرْمِذِيُّ)

Artinya: “Sikil loro wong ora bakal obah saka panggonan hisab ing dina kiamat nganti ditakoni papat perkara: umure kanggo apa dianggo, badane kanggo apa digunakake, ilmune wis diamalke utawa durung, lan bandha saka ngendi entuke lan kanggo apa dienggo.” (HR Ibnu Hibban lan at-Tirmidzi)

Para jamaah Jumuah rahimakumullah,

Tingkatan rezeki ingkang kaping kalih inggih punika kesehatan. Kesehatan punika nikmat ingkang ageng sanget. Kanthi sehat, kita saged nindakaken kathah kagiyatan lan ibadah. Kangge tiyang ingkang gadhah bandha kathah nanging boten sehat, mesthi boten saged nikmati bandhanipun.

Kosok wangsulipun, tiyang ingkang sehat sanajan gesang prasaja, badhe ngrasakaken kabagyan ingkang ageng. Mila njagi kesehatan punika kalebet wujud syukur dhumateng rezeki saking Allah. Sehat punika asring dipun sepelekaken kados sabdanipun Rasulullah:

نِعْمَتَانِ مَغْبُونٌ فِيهِمَا كَثِيرٌ مِنَ النَّاسِ، الصِّحَّةُ وَالْفَرَاغُ

Artinya: “Ana loro nikmat sing akeh wong ketipu, yaiku sehat lan wektu luang.” (HR Bukhari, saking Ibnu ‘Abbas)

Salajengipun, tingkatan rezeki ingkang kaping tiga inggih punika anak ingkang shalih lan ilmu ingkang manfaat. Kita kedah mangertosi bilih boten sedaya tiyang dipun paringi anak ingkang shalih. Anak shalih punika karunia ingkang ageng sanget. Dados penyejuk manah wonten ing donya lan penolong wonten ing akhirat.

Mekaten ugi ilmu ingkang manfaat. Ilmu punika cahya ingkang badhe madhangi gesang. Ilmu ingkang dipun amalken badhe dados amal jariyah ingkang pahalane mili terus, sanajan kita sampun tilar donya.

Rasulullah SAW sampun dawuh:

إِذَا مَاتَ ابْنُ آدَمَ انْقَطَعَ عَمَلُهُ إِلا مِنْ ثَلاثٍ : صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ ، أَوْ عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ ، أَوْ وَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ

Artinya: “Yen wong mati, amalé pedhot kajaba telu: shadaqah jariyah, ilmu sing migunani, lan anak shalih sing ndongakke dheweke.” (HR Imam Muslim)

Tingkatan rezeki ingkang kaping sekawan, lan punika ingkang paling inggil, inggih punika ridhanipun Allah. Punika puncaking sedaya rezeki. Nalika Allah ridha dhumateng kita, gesang kita badhe kebak berkah, manah kita tentrem, langkah kita entheng, lan sedaya ujian dados langkung gampil.

Ridhanipun Allah punika jaminan kabagyan ing donya lan akhirat. Nalika Allah sampun ridha, mila ganjaranipun inggih punika swarga.

Para jamaah Jumuah rahimakumullah,

Saking katerangan punika kita saged sinau bilih rezeki boten namung babagan pinten kathahipun ingkang kita gadhahi, nanging ugi babagan kados pundi rezeki punika saged ndadosaken kita langkung cedhak dhumateng Allah.

Kita boten perlu sumelang babagan rezeki kita. Nanging, kita dipun dhawuh kangge nindakaken ikhtiar anggenipun ngupadosi. Allah sampun netepaken wonten ing Al-Qur’an bilih sedaya makhluk sampun dipun jamin rezekinipun:

وَمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ فِى الْاَرْضِ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ رِزْقُهَا

Artinya: “Ora ana siji-sijia makhluk ing bumi kajaba Allah sing njamin rezekine.”

Mugi kita tansah kaparingan anugerah rezeki ingkang saged ndadosaken kita manfaat kangge ngibadah dhumateng Panjenenganipun. Mugi ridhanipun Allah tansah nglindungi gesang kita sedaya. Amin.

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ 

KHUTBAH II

الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ  وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ .اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلَازِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ 

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Khutbah Jumat Bahasa Sunda

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Sentuh 👉 GABUNG GRUP
Kami menghimbau kepada pembaca untuk tetap mencantumkan penulis dan sumber sebagai bentuk amanah ilmiah dan penghargaan atas karya dakwah.

Pos terkait