KHUTBAH I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي أَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعَمٍ لَا تُعَدُّ وَلَا تُحْصَى. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
أَمَّا بَعْدُ, فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ لَا تُحْصُوْهَاۗ اِنَّ اللّٰهَ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ
Jamaah shalat Jumat ingkang dipunmulyakaken dening Allah
Punika prayogi sanget kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun maringi dhateng kita maneka warni kanikmatan ingkang boten saged kaetang cacahipun. Mliginipun nikmat iman lan Islam ingkang dados nikmat ingkang paling ageng tumrap kita minangka umat Islam.
Shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng Nabi kita, Nabi Muhammad SAW, ugi dhumateng kulawarganipun lan para sahabatipun, saha mugi tansah kalimpah dhumateng kita sedaya minangka umatipun. Aamiin ya Rabbal ‘alamin.
Miwiti khutbah Jumat menika, khatib ngajak jamaah sedaya, ugi dhiri khatib piyambak, supados tansah ningkataken takwa dhumateng Allah Ta’ala kanthi nindakaken sedaya printahipun lan nyingkiri sedaya laranganipun.
Jamaah shalat Jumat ingkang dipunmulyakaken dening Allah
Ibadah boten namung babagan sabar nalika ngadhepi ujian saking Allah. Ngelakoni syukur nalika pikantuk kanikmatan ugi kalebet bagean utuh saking ibadah dhumateng Allah SWT.
Asring kita minangka umat Islam kesupen nyadari bilih saben dinten ingkang kita lampahi kebak kaliyan limpahan nikmat. Perkara-perkara ingkang katingal lumrah, kados badan ingkang sehat kangge makarya, utawi namung hawa seger ingkang kita ambegan nalika enjing, satemenipun minangka kanugrahan ingkang luar biasa.
Lumantar Al-Qur’an, Allah Ta’ala ngelingaken bilih kathah sanget nikmat ingkang sampun kaparingaken, ngantos manungsa boten badhe saged ngitung satunggal mbaka satunggal. Kados dene firmanipun:
وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ لَا تُحْصُوْهَاۗ اِنَّ اللّٰهَ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ
Artinya: “Yen kowe ngetung nikmat Allah, mesthi kowe ora bakal iso ngetung. Saktemene Allah iku Maha Ngapura lan Maha Welas Asih.” (Qs. An-Nahl: 18).
Jamaah shalat Jumat ingkang dipunmulyakaken dening Allah
Ing ayat menika, Allah negesaken bilih manungsa boten badhe nate saged ngitung sedaya nikmat ingkang sampun diparingaken. Saking mriki, kita sinau bilih raos syukur kita ugi sejatosipun boten badhe nate sampurna.
Sumangga kita mirsani dhiri kita piyambak. Badan ingkang kita ginakaken saben dinten, kabangun saking kathah organ kanthi sistem ingkang ruwet, nanging sedaya saged makarya selaras tanpa kita sadari.
Jantung berdetak, paru-paru ambegan, mripat ningali. Sedaya lumampah kanthi izin lan kuwasaipun Allah SWT. Sanget ageng lan boten winates nikmat ingkang wonten ing sajroning badan manungsa.
Kanthi badan ingkang sehat, kita saged nindakaken kegiatan kanthi entheng, rumangsa kiyat, lan asring kesupen bilih sedaya menika minangka kanugrahan.
Nanging nalika wonten salah satunggal bagéan badan ingkang kaganggu, mula sanaliko raos tenang dados kuwatir. Ngantos-ngantos kita purun nindakaken menapa kemawon, malah ngurbanaken bandha, supados saged waras kados biasanipun.
Ing mriki kita mulai nyadari bilih nikmat ingkang sakmenika dipunanggep lumrah sejatosipun penting sanget.
Kados dene ingkang dipunandharaken dening Fakhruddin Ar-Razi wonten ing Mafatihul Ghaib, juz 20 halaman 194:
وَمِمَّا يَدُلُّ قَطْعًا عَلَى أَنَّ عُقُولَ الْخَلْقِ قَاصِرَةٌ عَنْ مَعْرِفَةِ أَقْسَامِ نِعَمِ اللَّهِ تَعَالَى أَنَّ كُلَّ جُزْءٍ مِنْ أَجْزَاءِ الْبَدَنِ الْإِنْسَانِيِّ لَوْ ظَهَرَ فِيهِ أَدْنَى خَلَلٍ لَتَنَغَّصَ الْعَيْشُ عَلَى الْإِنْسَانِ، وَلَتَمَنَّى أَنْ يُنْفِقَ كُلَّ الدُّنْيَا حَتَّى يَزُولَ عَنْهُ ذَلِكَ الْخَلَلُ
Artinya: “Ing antarane bukti yen akal manungsa ora mampu ngerti rincian nikmat Allah yaiku yen salah siji anggota awak lara, uripe dadi ora kepenak. Dheweke uga bakal kepengin ngentekake kabeh hartane supaya penyakit kuwi ilang.”
Jamaah shalat Jumat ingkang dipunmulyakaken dening Allah
Saking penjelasan menika, prayogi kita minangka umat Islam migunakaken nikmat ingkang sampun diparingaken dening Allah kangge ngibadah dhumateng Panjenenganipun, lan kangge nindakaken perkawis-perkawis ingkang migunani.
Kanjeng Nabi sampun maringi pepeling dhumateng kita bilih kathah tiyang ingkang ketipu dening kalih nikmat nalika gesang ing donya.
Kalih nikmat menika inggih punika nikmat sehat lan nikmat wekdal longgar. Rasulullah SAW ngendika:
عَنِ ابْنِ عَبَّاسٍ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُمَا، قَالَ: قَالَ النَّبِيُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: ” نِعْمَتَانِ مَغْبُونٌ فِيهِمَا كَثِيرٌ مِنَ النَّاسِ: الصِّحَّةُ وَالفَرَاغُ
Artinya: “Saka Ibnu Abbas RA, dheweke matur: Nabi SAW ngendika: ana loro nikmat sing akeh wong ketipu, yaiku sehat lan wektu luang.” (HR Bukhari).
Hadits menika dados pangeling alus saha teguran lembut saking Rasulullah SAW, supados kita boten kesasar dening kenikmatan donya ingkang satemenipun asalipun saking Allah.
Wonten kalih nikmat ingkang asring kasisihan saking kawigatosan, inggih punika kesehatan lan wekdal longgar. Kalihipun sanget cedhak lan akrab, ngantos asring dipunanggep lumrah, dumugi sawijining dinten kita kelangan kalihipun.
Dene ing mriku papanipun ujian kita. Menapa ingkang kita tindakaken nalika badan taksih kiyat? Dhateng pundi wekdal kita lumampah nalika boten wonten kasibukan ingkang ndhesek?
Sampun samesthinipun, kita minangka umat Islam ngisi nikmat menika kanthi perkara-perkara ingkang migunani, kados sinau, maos, olah raga, utawi kegiatan sanes ingkang maringi paedah kangge dhiri lan tiyang sanes.
Sanesipun malah keserak ing pakulinan ingkang ngentekaken wekdal tanpa kraos, kados tansah nggulung layar utawi scrolling saking satunggal konten dhateng konten sanes wonten ing media sosial, ngantos dinten kalampahan tanpa makna.
Jamaah shalat Jumat ingkang dipunmulyakaken dening Allah
Lumantar mimbar menika, khatib ngajak dhiri khatib piyambak lan jamaah sedaya supados boten ngremehaken nikmat ingkang sampun dipunparingi dening Allah.
Nikmat menika boten namung kangge dipunraosaken, nanging ugi kedah dipuntanggungjawabaken, kados pundi kita migunakaken ing margi ingkang dipunridhoi dening Allah SWT.
Kados dene wonten ing hadits ingkang sampun kasebat, kesehatan lan wekdal longgar menika minangka ladang amal. Nalika kita ngisinipun kanthi kegiatan ingkang migunani, ing mriku kita saweg nandur rasa syukur dhumateng nikmat-nikmat Allah. Temtu kemawon, syukur ingkang gesang boten namung kapacak wonten ing lisan, nanging ugi katingal saking kados pundi kita nglampahi gesang saben dinten.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْنَ
KHUTBAH II
إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْدُ. فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَر.ِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Sentuh 👉 GABUNG GRUP Kami menghimbau kepada pembaca untuk tetap mencantumkan penulis dan sumber sebagai bentuk amanah ilmiah dan penghargaan atas karya dakwah.





