Download Khutbah Jumat NU Online: Jadi Manusia yang Menenangkan, Bukan yang Meresahkan (Jawa)

Ilustrasi Sumber istockphoto
Ilustrasi Sumber: istockphoto

KHUTBAH JUMAT I

  الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي أَنْزَلَ الْأَحْكَامَ لِإِمْضَاءِ عِلْمِهِ الْقَدِيمِ، وَأَجْزَلَ الْإِنْعَامَ لِشَاكِرِ فَضْلِهِ الْعَمِيمِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ الْبَرُّ الرَّحِيمُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الْمَبْعُوثُ بِالدِّيْنِ الْقَوِيمِ. صَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ أَفْضَلَ الصَّلَاةِ وَالتَّسْلِيمِ.

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ الْكَرِيْمِ، فَإِنِّي أُوْصِيكُمْ بِتَقْوَى اللَّهِ الْحَكِيْمِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ: وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلا رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ

Bacaan Lainnya

Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat ingkang dipunrahmati Allah

Sedaya puji syukur al-hamdulillahi rabbil alamin, inggih punika wiwitan ingkang trep kangge kita dadosaken pambuka wonten ing khutbah Jumat menika, minangka wujud syukur awit saking sedaya nikmat saha kanugrahan ingkang sampun dipunparingaken Allah dhateng kita sedaya.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepaken dhateng junjungan kita, Nabi Muhammad saw, saha kulawarga, para sahabat, lan para pengikutipun ingkang setya nglampahi jejakipun ngantos pungkasaning jaman.

Sampun dados kawajiban tumrap kula minangka khatib kangge tansah ngélingaken dhiri pribadi saha jamaah sedaya, supados tansah ngupados ningkataken takwa dhateng Allah swt, kanthi nglampahi sedaya dhawuhipun saha nebihi sedaya laranganipun.

Awit, takwa punika minangka bekal ingkang paling sae kangge nglampahi gesang wonten ing donya saha dados bekal kaslametan tumuju akhirat benjing.

Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat ingkang dipunrahmati Allah

Implementasi takwa boten namung kawujud wonten ing ritual ibadah kemawon, kados ta shalat, pasa, lan sanesipun. Nanging ugi kedah kawujud wonten ing pagesangan padintenan kita, wiwit saking cara kita matur, tumindak, saha anggenipun ngladosi sesami.

Mila, satunggaling Muslim ingkang takwa boten namung tiyang ingkang sregep ngibadah kemawon, nanging ugi tiyang ingkang rawuhipun ndadosaken katentreman saha karaharjan tumrap lingkungan sakiteripun.

Punika satunggaling visi saha misi ageng dipunutusipun Nabi Muhammad saw, inggih punika nggawa katentreman utawi rahmat tumrap sedaya alam semesta, kados ingkang dipuntegaskan wonten ing Al-Qur’an, Allah swt ngandika:

وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلا رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ

Tegese, “Aku ora ngutus kowe (Nabi Muhammad), kejaba dadi rahmat kanggo sakabehing alam.” (QS. Al-Anbiya’, [21]: 107).

Nalika nafsiraken ayat ing nginggil, Ibnu Abbas kados ingkang dipunsebat dening Imam al-Baghawi, ngendikakaken bilih dipunutusipun Rasulullah minangka rahmat tumrap sedaya alam semesta punika sipatipun umum, nyakup sedaya makhluk tanpa kajawi, tumrap tiyang ingkang pitados dhateng ajaran ingkang dipunasta piyambakipun utawi ingkang dereng pitados.

Wonten ing kitab Ma’alimut Tanzil fi Tafsiril Qur’anil Azim, jilid V, halaman 359 dipunandharaken:

قَالَ ابْنُ عَبَّاسٍ: هُوَ عَامٌ فِي حَقِّ مَنْ آمَنَ وَمَنْ لَمْ يُؤْمِنْ

Tegese, “Ibnu Abbas matur: ‘Rahmat kuwi umum, kanggo wong sing iman lan wong sing durung iman.’”

Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat ingkang dipunrahmati Allah

Lajeng, kados pundi caranipun kita dados Muslim ingkang nenangaken saha boten damel resah? Sakedhikipun wonten pinten-pinten cara ingkang saged kita lampahi wonten ing pagesangan padintenan.

Sepisan, kanthi tansah njagi lathi supados tetembungan ingkang medal boten nglarani manahipun tiyang sanes.

Awit lathi punika perangan alit saking badan, nanging gadhah pangaribawa ingkang ageng sanget.

Kanthi lathi, kita saged nenangaken saha nyegeraken manahipun tiyang sanes, nanging kanthi lathi ugi kita saged nglarani raosipun, saged mecah paseduluran, malah saged ngrusak bebrayan.

Boten namung njagi lathi, nanging ugi tansah njagi tangan saking tumindak ingkang saged nglarani tiyang sanes, kalebet nalika migunakaken media sosial, awit punapa ingkang kita ketik, kita sebaraken, saha kita komentaraken ugi minangka perangan saking tumindak ingkang kedah kita jagi supados boten nglarani tiyang sanes.

Awit saking punika, Rasulullah saw dhawuh:

الْمُسْلِمُ مَنْ سَلِمَ الْمُسْلِمُونَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ

Tegese, “Wong Islam sejati yaiku wong sing wong Islam liyane slamet saka gangguan ilat lan tangane.” (HR. Al-Bukhari lan Muslim).

Kapindho, tansah ngupados dados Muslim ingkang asih.

Caranipun inggih punika kanthi dados pribadi ingkang gampil paring pangapunten, remen tetulung, saha peduli dhateng kawontenanipun tiyang sanes.

Mila kanthi tansah nindakaken tumindak ingkang mulya punika, kita boten badhe remen ningali tiyang sanes nandhang kasangsaran, langkung-langkung dados panyebab kasangsaran punika.

Sikep asih punika ingkang dados satunggaling inti saking piwulang Rasulullah saw.

Kados ingkang dipuntegaskan wonten ing satunggaling haditsipun, inggih punika:

الرَّاحِمُونَ يَرْحَمُهُمْ الرَّحْمَنُ! ارْحَمُوا مَنْ فِي الْأَرْضِ يَرْحَمْكُمْ مَنْ فِي السَّمَاءِ

Tegese, “Wong-wong sing nduweni rasa welas asih bakal disayangi dening Allah Kang Maha Asih. Sayangen sapa wae sing ana ing bumi, mesthi para penghuni langit bakal nyayang marang kowe.” (HR. At-Tirmidzi).

Katiga, tansah ngupados saged nahan duka saha ngakenaken sabar.

Perkawis menika penting sanget kangge kita gatekaken sesarengan, awit duka saged dados panyebab medalipun tumindak-tumindak ingkang damel resah.

Upaminipun, tiyang nalika duka badhe gampil kecalan kendhali, ngucapaken tembung-tembung ingkang boten sae, ngantos nindakaken tumindak ingkang badhe dipunsesali ing tembe wingking.

Mila dados manungsa ingkang nenangaken ateges kita kedah saged ngendhaleni emosi, nahan duka, saha nyikapi saben perkawis kanthi manah ingkang adem saha kebak kasabaran.

Gayutan kaliyan punika, Rasulullah saw dhawuh:

لَيْسَ الشَّدِيدُ بِالصُّرَعَةِ إِنَّمَا الشَّدِيدُ الَّذِي يَمْلِكُ نَفْسَهُ عِنْدَ الْغَضَبِ

Tegese, “Wong sing kuwat dudu wong sing pinter gelut, nanging wong sing bisa ngendhaleni awake dhewe nalika nesu.” (HR. Bukhari lan Muslim).

Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat ingkang dipunrahmati Allah

Mekaten khutbah Jumat ing dinten menika. Mangga kita sedaya ngupados niru akhlak Rasulullah kanthi dados Muslim ingkang rawuhipun ndadosaken katentreman, boten damel keresahan.

Mugi Allah swt tansah paring pitedah dhateng kita supados saged njagi lathi, tumindak, saha sedaya sikep kita, supados kita sedaya kalebet para kawulanipun ingkang dados rahmat tumrap sedaya alam semesta. Amin ya Rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ

KHUTBAH II

  حَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، اِلَهٌ لَمْ يَزَلْ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ وَكِيْلًا. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ، أَكْرَمُ الْأَوَّلِيْنَ وَالْأَخِرِيْنَ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِيْنَ، صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِيْنَ

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ وَالصَّوْمِ وَجَمِيْعِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنَّى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. إِنَّ اللهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِيْ العَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَةً، اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Download Khutbah Singkat PDF

Khutbah Bahasa Indonesia

Khutbah Jumat Bahasa Sunda

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Sentuh 👉 GABUNG GRUP
Kami menghimbau kepada pembaca untuk tetap mencantumkan penulis dan sumber sebagai bentuk amanah ilmiah dan penghargaan atas karya dakwah.

Pos terkait