KHUTBAH JUMAT I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ، نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُه. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ, فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Sumangga kita tansah ningkataken ketakwaan dhumateng Allah Swt. kanthi takwa ingkang saestu. Nglampahi sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya laranganipun. Amargi, namung kanthi takwa kita saged pikantuk pagesangan ingkang saestu merdika, boten namung ing donya, nanging ugi ing akhirat.
Jamaah Jumat ingkang dipunmulyakaken Allah,
Sawetawis dinten malih bangsa kita badhe mengeti dinten kamardikan. Kita kedah ngaturaken syukur dhumateng Allah amargi Indonesia sampun uwal saking penjajahan. Para leluhur kita sampun berjuang kanthi bandha, tenaga, malah nyawa, demi satunggaling kamardikan.
Kamardikan punika nikmat ageng. Kanthi kamardikan, kita saged ngibadah kanthi tentrem, pados rejeki, ndidik putra-putri, mbangun kulawarga, lan nglampahi pagesangan tanpa wonten ing sangandhaping penindasan bangsa sanes.
Nanging, wonten satunggaling pitaken ingkang kedah kita renungaken:
Menapa satunggaling tiyang saestu sampun merdika namung amargi negarane sampun merdika?
Dereng mesthi. Satunggaling tiyang saged gesang wonten ing negara ingkang merdika, nanging manahipun taksih dados tawanan hawa nafsu. Badanipun bebas mlampah dhateng pundi kemawon, nanging pikiranipun dipunbudhak dening pepinginan donya. Tanganipun bebas nyepeng menapa kemawon, nanging boten saged ngendhaleni dhiri saking njupuk barang ingkang sanes hakipun.
Wonten tiyang ingkang merdika saking penjajahan manungsa, nanging dereng merdika saking penjajahan dosa.
Wonten tiyang ingkang boten dipunjajah manungsa, nanging dipunjajah dening nepsu duka.
Wonten ingkang boten dipunbudhak manungsa, nanging dipunbudhak dening arta.
Wonten ingkang bebas saking penjajahan fisik, nanging boten bebas saking kesombongan, iri manah, dendam, lan tresna dhumateng donya kanthi keladuk.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah Swt. sampun ngandika:
أَلَا إِنَّ أَوْلِيَاءَ اللَّهِ لَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ الَّذِينَ آمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُونَ لَهُمُ الْبُشْرَىٰ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآخِرَةِ ۚ لَا تَبْدِيلَ لِكَلِمَاتِ اللَّهِ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ
Tegesipun: “Elinga, satemene para wali Allah iku ora ana rasa wedi marang dheweke lan dheweke uga ora susah. Yaiku wong-wong sing iman lan tansah padha takwa. Kanggo dheweke ana kabar gembira ing urip donya lan ing akhirat. Ora ana owah-owahan tumrap janji-janji Allah. Mangkono iku kemenangan kang agung.” (QS. Yunus: 62–64)
Ayat punika maringi piwulang dhumateng kita bilih kamardikan sejati boten namung bebas saking penjajahan manungsa. Kamardikan sejati inggih punika nalika manah kita bebas saking rasa wedi ingkang keladuk dhumateng sanesipun Allah, lan pagesangan kita wonten ing salebeting iman saha takwa.
Jamaah Jumat ingkang dipunrahmati Allah,
Sumangga kita ningali kawontenan masyarakat kita ing dinten menika. Kita nyumerepi tiyang ingkang nyambut damel kanthi temen-temen kangge mburu arta. Menika boten perkawis ingkang lepat. Islam malah nganjuraken umatipun supados nyambut damel lan pados rejeki ingkang halal.
Nanging perkawisipun inggih menika nalika arta ingkang sakmesthinipun dados piranti malah malih dados juragan. Nalika demi arta tiyang nilaraken salat. Nalika demi kauntungan tiyang ngapusi. Nalika demi pikantuk jabatan tiyang nyudaaken kaluhuran sedherekipun. Nalika demi gaya gesang tiyang rela utang tanpa petungan.
Nalika demi katingal sukses ing media sosial, tiyang meksa gesang ingkang saktemene boten saged dipunlampahi. Menika minangka salah satunggaling wujud penjajahan anyar.
Rasulullah saw. sampun ngandika:
لَيْسَ الْغِنَى عَنْ كَثْرَةِ الْعَرَضِ، وَلَكِنَّ الْغِنَى غِنَى النَّفْسِ
Tegesipun: “Sugih iku dudu amarga akehe bandha, nanging sugih iku sugih ati.” (HR. Bukhari dan Muslim)
Wong kang sugih ati iku wong kang merdika.
Dheweke nduweni sethithik nanging tetep syukur. Dheweke nduweni akeh nanging ora gumedhe. Dheweke kelangan barang nanging ora putus asa. Dheweke dipuji nanging ora mabur atine. Dheweke dicela nanging ora ambruk.
Amarga atine ora gumantung marang manungsa. Atine mung gumantung marang Allah SWT.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Kamardikan ugi ateges saged mbebasaken dhiri saking dosa. Wonten tiyang ingkang saben-saben nindakaken dosa lajeng ngendika, “Aku ora bisa mandheg.” Dheweke kepengin mandheg, nanging terus mbaleni.
Dheweke ngerti yen ghibah iku dosa, nanging tetep nyritakake alahe wong liya. Dheweke ngerti yen fitnah iku dosa, nanging tetep nyebarake kabar kang durung cetha.
Dheweke ngerti yen ndeleng barang kang haram iku dilarang, nanging tetep mbukak lan nikmati liwat telepon genggam.
Dheweke ngerti yen korupsi, nyolong, ngapusi lan njupuk hak wong liya iku haram, nanging tetep nindakake amarga rumangsa ora ana sing ndeleng. Padahal Allah ndeleng kabeh. Allah Swt. sampun ngandika:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Tegesipun: “Heh wong-wong kang padha iman! Padha taqwa marang Allah lan saben wong kudu nggatekake apa kang wis ditindakake kanggo dina sesuk (akhirat). Padha taqwa marang Allah. Satemene Allah iku Mahateliti marang apa kang padha kok tindakake.” (QS. Al-Hasyr: 18)
Ayat punika ngélingaké kita bilih pagesangan donya namung lelampahan tumuju akhirat.
Mila, sampun ngantos kita sibuk ngupadi kamardikan donya, nanging kesupen nyiapaken kamardikan akhirat.
Jamaah Jumat ingkang dipunmulyakaken Allah,
Lajeng kados pundi kamardikan ing akhirat? Kamardikan ing akhirat inggih punika nalika kita bebas saking siksa Allah lan pikantuk kaslametan saha rahmatipun.
Ing donya kita mbokmenawi bangga gadhah griya. Kita bangga gadhah kendaraan. Kita bangga gadhah jabatan. Kita bangga gadhah tabungan. Nanging sedaya menika badhe kita tinggalaken.
Ingkang badhe ndherek kita boten griya, boten kendaraan, boten jabatan, lan boten bandha. Ingkang ndherek kita inggih punika amal.
Rasulullah saw. sampun ngandika:
يَتْبَعُ الْمَيِّتَ ثَلَاثَةٌ، فَيَرْجِعُ اثْنَانِ وَيَبْقَى مَعَهُ وَاحِدٌ، يَتْبَعُهُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَعَمَلُهُ، فَيَرْجِعُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَيَبْقَى عَمَلُهُ
Tegesipun: “Ana telung perkara kang ngetutake wong mati: kulawargane, bandhane lan amalane. Loro bali, dene siji tetep bareng dheweke. Kulawarga lan bandhane bali, dene amalane tetep bareng dheweke.” (HR. Bukhari dan Muslim)
Mila, jamaah sedaya, sumangga kita pitaken dhumateng dhiri kita piyambak:
Menapa ingkang sampun kita siapaken kangge pagesangan sasampunipun seda?
Menapa kita sampun njagi salat? Menapa kita sampun ndandosi sesambungan kaliyan tiyang sepuh? Menapa kita sampun nyuwun pangapunten dhumateng tiyang ingkang nate kita sakiti? Menapa kita sampun mbalekaken hakipun tiyang sanes? Menapa kita sampun ndidik anak-anak kita supados wanuh dhumateng Allah? Menapa kita sampun nambah amal sakderengipun rawuh dinten nalika kita sampun boten saged nambah amal malih?
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Kamardikan donya kedah kita syukuri. Nanging sampun mandheg namung wonten ing perayaan. Dadosaken momentum kamardikan minangka wekdal kangge mbebasaken dhiri.
Merdekakna manah saking iri lan dengki. Merdekakna lathi saking goroh, fitnah lan ghibah. Merdekakna tangan saking njupuk hakipun tiyang sanes.
Merdekakna mripat saking peningal barang ingkang haram. Merdekakna pikiran saking prasangka ala. Merdekakna dhiri saking keserakahan. Lan ingkang paling wigatos, merdekakna dhiri saking sedaya perkawis ingkang ndadosaken kita tebih saking Allah Swt.
Amargi tiyang ingkang saestu merdika dudu tiyang ingkang saged nindakaken menapa kemawon ingkang dipunkarepaken.
Tiyang ingkang saestu merdika inggih punika tiyang ingkang saged ngucap “ora” marang hawa nafsunipun nalika hawa nafsu ngajak dhumateng maksiat.
Tiyang ingkang merdika dudu tiyang ingkang bebas tumindak dosa. Tiyang ingkang merdika inggih punika tiyang ingkang boten purun dipunbudhak dening dosa.
Jamaah Jumat ingkang dipunrahmati Allah,
Mugi nalika kita mengeti kamardikan bangsa menika, kita ugi saya sadar kangge ngupadi kamardikan dhiri.
Mugi kita dados manungsa ingkang merdika ing donya: gesang kanthi iman, nyambut damel kanthi halal, gadhah manah ingkang jembar, lan boten dipunbudhak dening donya.
Lan mugi kita pikantuk kamardikan ing akhirat: bebas saking siksa, pikantuk pangapunten Allah, saha dipunkempalaken sesarengan kaliyan tiyang-tiyang saleh wonten ing swarganipun.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ
أَمَّا بَعْدُ. فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاۤئِ ذِى الْقُرْبٰى وَيَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Sentuh 👉 GABUNG GRUP Kami menghimbau kepada pembaca untuk tetap mencantumkan penulis dan sumber sebagai bentuk amanah ilmiah dan penghargaan atas karya dakwah.




