KHUTBAH JUMAT I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَمَرَنَا بِالتَّقْوَى، وَوَعَدَ الْمُتَّقِينَ بِالْجَنَّةِ وَالرِّضْوَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللَّهِ، أُوصِيكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللَّهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ
Ma’asyiral muslimin jamaah Jumat rahimakumullah,
Sumangga kita tansah ningkataken ketakwaan dhumateng Allah SWT kanthi nglampahi sedaya dhawuh-dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Keranten, boten wonten sangu ingkang langkung sae ingkang badhe kita bekta sowan wonten ngarsanipun Allah kejawi iman lan ketakwaan.
Jamaah Jumat ingkang dipunmulyakaken dening Allah,
Punapa kita nate mbayangaken, menawi Malaikat Jibril rawuh dhumateng Rasulullah SAW sanes kangge ngaturaken wahyu, ananging paring nasihat babagan kados pundi nglampahi gesang wonten ing donya?
Pranyata, wonten satunggaling hadis ingkang saged ndadosaken manah kita kesentuh. Malaikat Jibril nate rawuh dhumateng Rasulullah SAW lan ngaturaken tigang pesen ingkang wigati. Tigang pesen menika sanes namung nasihat, nanging ugi dados pepenget tumrap saben manungsa supados boten ngantos kesupen lan kesengsem dhateng gesang donya.
Rasulullah SAW ngendika:
أَتَانِي جِبْرِيلُ فَقَالَ: يَا مُحَمَّدُ، عِشْ مَا شِئْتَ فَإِنَّكَ مَيِّتٌ، وَأَحْبِبْ مَنْ شِئْتَ فَإِنَّكَ مُفَارِقُهُ، وَاعْمَلْ مَا شِئْتَ فَإِنَّكَ مَجْزِيٌّ بِهِ
Artinya: “Malaikat Jibril teka marang aku, banjur ngendika: He Muhammad, uripana sakarepmu, amarga saktemene kowe mesthi bakal mati. Tresnana sapa wae sing kok karepake, amarga saktemene kowe mesthi bakal pisah karo dheweke. Lan tumindakna sakarepmu, amarga saktemene kowe mesthi bakal nampa piwales saka tumindakmu.” (HR. Al-Baihaqi wonten Syu’abul Iman, ugi dipunriwayataken lumantar sanad sanesipun).
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Sumangga kita sami ngraosaken lan ngrenungaken tigang pesen saking Malaikat Jibril menika.
Sepisan, Uripana Sakarepmu, Nanging Elinga Menawa Pati Mesthi Bakal Teka.
عِشْ مَا شِئْتَ فَإِنَّكَ مَيِّتٌ
“Uripana sakarepmu, amarga saktemene kowe mesthi bakal mati.”
Pesen ingkang kapisan menika ngengetaken dhateng kita bilih gesang wonten ing donya menika namung sawetawis wekdal. Sepinten kemawon kiyatipun badan kita, inggilipun kalenggahan kita, lan kathahipun bandha ingkang sampun kita kumpulaken, sedaya menika boten badhe saged ngalang-alangi rawuhipun pati.
Allah SWT sampun paring dhawuh wonten ing Al-Qur’an:
كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ ۗ ثُمَّ إِلَيْنَا تُرْجَعُونَ
Artinya: “Saben makhluk sing nduweni nyawa mesthi bakal ngrasakake pati. Banjur mung marang Ingsun kabeh bakal dibalekake.” (QS. Al-Ankabut: 57).
Sumangga kita ningali kasunyatan ingkang wonten ing sakiwa tengen kita. Wonten tiyang ingkang enjing taksih nyambut damel, guyon kaliyan kulawarganipun, lan ngrancang masa depan. Nanging, nalika sonten, malah sampun kabaring kaku wonten ing sangajenging kulawarganipun.
Wonten tiyang ingkang repot mbangun griya ingkang mewah, nanging boten sempat nyawisaken sangu kangge gesang wonten ing akhirat. Wonten ugi ingkang sibuk ngoyak kasugihan, nanging ngantos kesupen nindakaken kewajiban dhumateng Allah.
Jamaah ingkang dipunrahmati Allah,
Pati menika boten ngentosi kita dumugi yuswa sepuh. Pati boten ngentosi kita dados tiyang sugih. Pati ugi boten ngentosi dumugi kita rampung mbangun griya, ngrampungaken pedamelan, utawi ngraosaken masa pensiun.
Mila saking menika, sampun ngantos kita nundha-nundha shalat, nundha-nundha taubat, nundha-nundha sedekah, lan nundha-nundha nyuwun pangapunten. Keranten, kita boten nate mangertos kapan wekdal gesang menika badhe pungkasan.
Kaping kalih, Tresnana Sapa Wae, Nanging Elinga Menawa Sawijining Dina Kita Mesthi Bakal Pisah.
وَأَحْبِبْ مَنْ شِئْتَ فَإِنَّكَ مُفَارِقُهُ
“Tresnana sapa wae sing kok karepake, amarga saktemene kowe mesthi bakal pisah karo dheweke.”
Pesen ingkang kaping kalih menika paring piwulang dhateng kita bilih boten wonten satunggal kemawon barang wonten ing donya menika ingkang saestu dados kagungan kita salaminipun.
Kita tresna dhumateng tiyang sepuh, nanging sawijining wekdal kita badhe pisah kaliyan piyambakipun. Kita tresna dhumateng garwa lan putra-putri, nanging pati mesthi badhe misahaken kita. Kita ugi tresna dhumateng kanca, pedamelan, kalenggahan, lan bandha donya, nanging sedaya menika badhe kita tilar.
Allah SWT sampun paring dhawuh wonten ing Al-Qur’an:
الْمَالُ وَالْبَنُونَ زِينَةُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ وَالْبَاقِيَاتُ الصَّالِحَاتُ خَيْرٌ عِنْدَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَخَيْرٌ أَمَلًا
Artinya: “Bandha lan anak-anak iku pancen dadi rerengganing urip ing donya. Nanging amal kabecikan sing langgeng iku luwih becik ganjarane ana ing ngarsane Pangeranmu lan luwih becik kanggo dadi pangarep-arep.” (QS. Al-Kahfi: 46).
Jamaah Jumat rahimakumullah,
Sampun kathah tiyang ingkang samenika padu kaliyan sedherekipun piyambak namung amargi perkawis warisan. Wonten ingkang boten purun srawung kaliyan tangganipun amargi perkawis siti. Wonten ugi ingkang ngantos tahunan nyimpen dendam namung amargi tetembungan ingkang natoni manah.
Kamangka, kita sedaya menika saweg lumampah dhateng papan ingkang sami, inggih menika pati.
Kangge punapa umur kita dipunentekaken namung kangge sengit dhateng tiyang sanes? Kangge punapa kita nglarani manah tiyang ingkang kita tresnani? Bukankah sawijining dina kita mesthi badhe pisah?
Keranten saking menika, selagi taksih wonten wekdal lan kesempatan, sumangga kita tresnani kulawarga, ngurmati tiyang sepuh, ndadosaken bingah manahipun garwa, ndhidhik putra-putri kanthi piwulang agami, lan ndandosi sesambetan kaliyan sesami manungsa.
Sampun ngantos nalika wonten tiyang ingkang sampun tilar donya, nembe kita ngrumaosi sepinten aji lan wigatinipun wontenipun piyambakipun wonten ing gesang kita.
Kaping tiga, Tumindakna Sakarepmu, Nanging Elinga Menawa Kabeh Tumindak Bakal Oleh Piweales.
وَاعْمَلْ مَا شِئْتَ فَإِنَّكَ مَجْزِيٌّ بِهِ
“Tumindakna sakarepmu, amarga saktemene kowe mesthi bakal nampa piwales saka tumindakmu.”
Pesen ingkang kaping tiga menika minangka pepenget ingkang keras supados manungsa boten sembrana anggenipun nglampahi gesang.
Punapa kemawon ingkang kita tindakaken, sedaya wonten ing pangawasanipun Allah SWT. Kabecikan sanajan namung sakedhik boten badhe muspra. Mekaten ugi tumindak awon sanajan namung sakedhik, boten badhe uwal saking petanganipun Allah.
Allah SWT sampun paring dhawuh wonten ing Al-Qur’an:
فَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًا يَرَهُ وَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَرَهُ
Artinya: “Sapa wae sing nindakake kabecikan senajan abote mung sak zarah, mesthi bakal weruh piwalesane. Lan sapa wae sing nindakake tumindak ala senajan abote mung sak zarah, mesthi bakal weruh piwalesane.” (QS. Az-Zalzalah: 7–8).
Jamaah Jumat ingkang dipunmulyakaken dening Allah,
Samenika kita saged nyekseni maneka warni kadadosan wonten ing tengah-tengah masyarakat. Wonten tiyang ingkang tegel mendhet hakipun tiyang sanes namung kangge keuntungan pribadi. Wonten ingkang nyebar fitnah lumantar media sosial. Wonten ingkang nyalahgunakaken kalenggahan, nindakaken korupsi, malah ngantos ngianati amanah ingkang sampun dipunpasrahaken dhateng piyambakipun.
Piyambakipun saged kemawon rumaos aman amargi boten wonten manungsa ingkang mangertos tumindakipun. Nanging, piyambakipun kesupen bilih Allah Maha Ngertos sedaya perkawis.
Malah driji kita ingkang dipunginakaken kangge ngetik komentar wonten ing media sosial, tutuk kita ingkang dipunginakaken kangge ngrasani tiyang sanes, lan tangan kita ingkang mendhet barang sanes hakipun, sedaya menika badhe dipuntimbali tanggel jawabipun.
Keranten saking menika, sumangga kita langkung ngati-ati anggenipun micara, nyambut damel, pados rejeki, lan sesrawungan kaliyan sesami.
Sampun namung ngoyak kasil lan kasuksesan wonten ing ngarsanipun manungsa, nanging ugi ngupados kaslametan wonten ing ngarsanipun Allah SWT.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Saking tigang pesen Malaikat Jibril menika, wonten tigang piwulang ageng ingkang kedah kita tanemaken wonten ing gesang sabendinten.
Sepisan, tansah emut dhateng pati supados kita boten kesengsem lan kesupen amargi gesang donya.
Kaping kalih, tresnana sesami manungsa kanthi tulus, keranten saben patemon mesthi wonten wates wekdalipun kangge pisahan.
Kaping tiga, jaganen saben tumindak kita, keranten sedaya amal badhe dipuntanggel jawabaken wonten ing ngarsanipun Allah SWT.
Sumangga kita sami pitaken dhateng dhiri kita piyambak: Menawi dinten menika dados dinten pungkasan gesang kita, punapa kita sampun siyap sowan wonten ngarsanipun Allah? Punapa kita sampun nyuwun pangapunten dhumateng tiyang ingkang nate kita larani manahipun? Punapa kita sampun ndandosi shalat lan nambahi amal kabecikan?
Sampun ngentosi dumugi ajal rawuh, nembe kita dados manungsa ingkang sae. Sampun ngentosi kelangan, nembe kita sinau ngurmati. Lan sampun ngentosi dumugi wonten penyesalan, nembe kita wiwit nindakaken taubat.
Mugi-mugi Allah SWT ndadosaken kita sedaya minangka kawulanipun ingkang tansah emut dhateng pati, saged tresna kanthi tulus, lan tansah njagi sedaya amal saha tumindak kita. Aamiin ya Rabbal ‘aalamiin.
بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ.
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى.
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاۤئِ ذِى الْقُرْبٰى وَيَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ
Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Sentuh 👉 GABUNG GRUP Kami menghimbau kepada pembaca untuk tetap mencantumkan penulis dan sumber sebagai bentuk amanah ilmiah dan penghargaan atas karya dakwah.





