Keutamaan, Cara dan Waktu Puasa Rajab, Khutbah Jumat PDF Lengkap dengan Doanya (B. Jawa)

Ilustrasi Bulan Rajab Terbaru
Ilustrasi Bulan Rajab Terbaru

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

الحَمْدُ للهِ مُكَوِّنِ الْأَكْوَانِ، الْمَوْجُوْدِ أَزَلًا وَّأَبَدًا بِلَا مَكَانٍ، الْمُنَزَّهِ عَنِ الشَّكْلِ وَالْأَعْضَاءِ وَالْأَرْكَانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِصِدْقٍ وَإِحْسَانٍ، أَشْهَدُ أنْ لَا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَزَّهُ عَنِ الْأَيْنِ وَالزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا رَّسُوْلُ اللهِ الَّذِي كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ،

أَمَّا بَعْدُ، فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ الْقَائِلِ فِيْ مُحْكَمِ كِتَابِهِ: إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ (التوبة: ٣٦)

Bacaan Lainnya

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Miwiti khutbah wonten ing siang ingkang kebak barokah meniko. Khotib wasiat dumateng kito sedoyo khususipun dateng kulo pribadi supados senaoso berusaha ningkataken kualitas iman lan takwa dumateng Allah SWT. Kanti ngelampahi sedoyo kewajiban lan nilar utawi nebihi sedoyo perkawis ingkang diharamaken dening Allah SWT.

Jama’ah shalat Jum’at rahimakumullah,

Wulan rajab meniko salah setunggal wulan ingkang katah sanget keutamaanipun. Lan dinten niki kito sedoyo sampun kalebet wulan Rajab. Sejak zaman jahiliyah wulan Rajab meniko dipun muliaaken. Tiang-tiang Arab zaman sak monten mboten perang ten wulan Rajab. Keranten hurmat wonten ing wulan Rajab.

Wonten ing wulan meniko umat Muslim dianjuraken ngatah-ngatahaken ibadah kados ngatahaken maos Istighfar lan poso sunnah. Poso sunnah ing wulan Rajab kalebet amal ingkang sae sanget. Panjenenganipun Rasulallah SAW ugi poso wonten ing wulan Rajab kados dijelasakan ing Hadist

حَدَّثَنَا إِبْرَاهِيمُ بْنُ مُوسَى حَدَّثَنَا عِيسَى حَدَّثَنَا عُثْمَانُ يَعْنِي ابْنَ حَكِيمٍ قَالَ سَأَلْتُ سَعِيدَ بْنَ جُبَيْرٍ عَنْ صِيَامِ رَجَبٍ فَقَالَ أَخْبَرَنِي ابْنُ عَبَّاسٍ أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ كَانَ يَصُومُ حَتَّى نَقُولَ لَا يُفْطِرُ وَيُفْطِرُ حَتَّى نَقُولَ لَا يَصُومُ

Hadis meniko ingkang intinipun: Diceritaaken marang kito Ibrahim bin Musa, diceritaaken marang kito Isa, diceritaaken marang kito Utsman bin Hakim, piambakipun matur: aku takon marang Sa’ad bin Jubair tentang poso Rajab. Piambakipun matur: Ibu Abbas maringi kabar bilih Rasulallah SAW pernah poso ing wulan Rajab.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait