Khutbah Jumat Terbaru PDF: Perintah Berbuat Baik Kepada Tetangga (B. Jawa)

Berbuat Baik Kepada Tetangga
Berbuat Baik Kepada Tetangga

Saking pentingipun njagi hak-hakipun soho tumindak sae kaliyan tetonggo, malaikat Jibril bolak-balik ngemutaken Rasulullah supados sae dateng tetonggo. Ngantos Kanjeng Nabi nyongko bilih tetonggo meniko saget ngewarisi bondone. Setunggale hadits riwayat Ibn Umar:

مَا زَالَ جِبْرِيْلُ يُوْصِيْنِى بِالْجَارِ حَتَّى ظَنَنْتُ اَنَّهُ سَيُوَرِّثُهُ (متفق عليه)

Bacaan Lainnya

Artosipun: Jibril ora leren-leren pesen marang ingsun supoyo mbagusi tetonggo, ngantos ingsun nyongko yen tetonggo iku isok saling ngewaris bondone.

Wonten ing hadist lintu, Rasulullah ugi dawuh:

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَلْيُكْرِمْ جَارَهُ (رواه البخاريُّ)

Artosipun: Sing sopo wonge iman dumateng Gusti Allah lan percoyo anane dino akhir (qiyamat), mongko becik mulyakno tonggone.

Hadits lintu saking Sahih Muslim dipun ngendika’aken:

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَلْيُحْسِنْ إلَى جَارِهِ (أخْرجه مسلمٌ)

Artosipun: Sing sopo wonge iman dumateng  Gusti Allah lan percoyo anane dino akhir (qiyamat), mongko becik mbagusono tonggone.

Tigo dalil saking hadits meniko nuduhaken bilih tumindak sae dumateng tetonggo kedah diperhatosaken, nopo malih tetonggo ingkang tasih nggadah kekerabatan.

Hadirin Rahimakumullah

Kedah kito mangertosi hak-hak tetanggan, ingkang sampun dipun dawuhaken kanjeng nabi Muhammad saking Muawiyah:

عَنْ مُعَاوِيَةَ بْنِ جُنْدَبٍ قُلْتُ: يَارَسُوْلَ اللهِ مَا حَقُّ الْجَارِ عَلَى الْجَارِ, قَالَ: اِنْ مَرِضَ عُدْتَهُ وَاِنْ مَاتَ شَيَّعْتَهُ وَاِنِ اسْتَقْرَضَ أقْرَضْتَهُ  وَاِنْ اَعْوَزَ سَتَرْتَهُ وَاِنْ اَصَابَهُ خَيْرٌ هّنَّاْتَهُ وَاِنْ اَصَابَتْهُ مُصِيْبَةٌ عَزَّيْتَهُ, وَلاتَرْفَعْ بِنَائَكَ فَوْقَ بِنَائِهِ فَسُدَّ عَلَيْهِ الرِّيْحُ, وَلاتُؤْذِهِ بِرِيْحِ قِدْرِكَ اِلِّا اَنْ تَغْرِفَ لَهُ مِنْهَا

Artosipun: Saking Mu’awiyah Ibn Jundab matur dumateng Rasulullah,”Ya Rasulullah, nopo hak-hakipun tetanggan? Kanjeng Nabi jawab: Yen gerah disambangi, yen mati diiringi janazahe, yen nglakoni aib ditutupi aibe, yen merkoleh kebungahan diucapne selamat, yen kinging musibah ditakziyahi (dihibur, dikuatne atine), yen mbangun omah ojo ngungkuli duwure omahe tetonggo hinggo nutupi angine (sirkulasi udara), lan ojo gawe loro atine mergo dewekne mambu masakanmu kejobo yen mbok wenehi.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait