Khutbah Jumat PDF Singkat Padat Tentang Hati Yang Selamat, Sakit dan Mati (B. Jawa)

Ilustrasi Hati Yang Selamat
Ilustrasi Hati Yang Selamat

Ing antawisipun tanda-tanda manah ingkang wilujeng inggih menika manah ingkang resik saking syiriq ageng lan alit. Resik saking riya’ lan sum’ah. Resik saking ujub lan sombong. Resik saking iri lan dengki. Resik saking kekajengan hawa nafsu ingkang mboten diridhoi Allah.

Selain menika, manah ingkang resik inggih menika manah ingkang mboten nate putus asa saking Rahmat Allah. manah ingkang tansah njagi keyaqinan, lesan lan tindak lampah saking perkawis ingkang diharamamaken Allah. Manah ingkang mboten ngelampahi Menapa-Menapa kejawi ingkang diridhoi allah.

Bacaan Lainnya

Salajengipun, ingkang kaping kalih inggih menika manah ingkang sakit, kawontenan manah ingkang kados menika kadhang-kadhang taksih remen ngibadah dhateng Allah. Nanging, manah sakit menika mboten nate marem kaliyan kekajenganipun ingkang dereng keturutan. Gesangipun tansah cemas, gelisah, kuwatir.

Icalipun sakinah wonten ing manah amargi dipunliputi hawa nafsu, ngejar kepuasan ingkang mboten nate marem. Tansah ngerumiyinaken hawa nafsu lan kekajenganipun katimbang Allah lan Rosulipun.

Lan ingkang kaping tiga inggih menika manah ingkang pejah. Manah ingkang pejah gadhah artos manah ingkang sampun atos kados dene watu amargi kakathahen kotoran akibat dosa-dosa ingkang diperbuat. Kados firman Allah:

 وَمَا يُكَذِّبُ بِهِ إِلا كُلُّ مُعْتَدٍ أَثِيمٍ، إِذَا تُتْلَى عَلَيْهِ آيَاتُنَا قَالَ أَسَاطِيرُ الأوَّلِينَ، كَلا بَلْ رَانَ عَلَى قُلُوبِهِمْ مَا كَانُوا يَكْسِبُونَ

Artosipun: “Lan ora ana kang mendustakan dina pembalasan iku ananging saben wong kang ngelewati wates kang duwe dosa, kang menawa diwacakake ayat-ayat kita, dheweke ngomong: “Iku yaiku dongengan wong-wong kang dhisik”, sapisan-pisan ora (mangkono), sabenere apa kang tansah dheweke kabeh ngusahakake iku nutupi ati dheweke kabeh. (QS al-Muthaffifin)

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait