Teks Khutbah Jumat PDF Tentang Kurban: Enam Keutamaan Berkurban (B. Jawa)

Gambar Ilustrasi Berkurban
Gambar Ilustrasi Berkurban

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى سيدنا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا

Bacaan Lainnya

Kaum Muslimin Rahimakumullah

Islam ingkang dibumikan dening Allahﷻ lantaran Nabi Muhammadﷺ mboten namung mbeto ajaran ritual. Islam ugi dados sumber ajaran sosial ingkang nggadhahi pengaruh ageng ing ndalem gesang umat manungso. Kesenjangan jarak antawis si sugih lan si miskin mboten angsal ketingal sanget.

Gambaran kesaenan sosial ing ndalem Islam saged kito tingali saking perintah kangge saling mbantu. Tiyang sugih mbantu tiyang miskin, tiyang mampu mbantu tiyang ringkih, tiyang ingkang kuat mbantu tiyang ingkang lemah.

Sanes sa-wangsulipun, ingkang miskin dados saya miskin, ingkang ringkih lan mboten berdaya ditindas, diinjak-injak utawi dibiarkan terlunta-lunta. Mboten kados mekaten ingkang dipunwucal dening Islam.

Lantaran kurban, kito wangsul dipunemutaken bab pentingipun sikap pengorbanan. Sikap meniko kawujud lebeting bentuk saling perduli dhateng sesami, berempati atas penderitaan tiyang ingkang sakit, ingkang teranioyo, utawi ingkang tengah mikul beban gesang ingkang abot sanget.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait