Khutbah Jumat Setelah Hari Raya Idul Adha: Teladan Nabi Ibrahim Dalam Mendidik Anak (B. Jawa)

ilustrasi teladan nabi ibrahim
ilustrasi teladan nabi ibrahim

Saderengipun Nabi Ibrahim dipun paringi putro inggih meniko Nabi Ismail a.s. Nabi Ibrahim ndongo Rabbi hab li minasshalihin, “ya allah, panjenengan paringi kito putro ingkang sholih”.

Nabi Ibrahim nyuwun putro ingkang sholih. Sanes putro ingkang pinter, sanes putro ingkang sugih. Sanes putro ingkang gadhah jabatan. Sanes ugi putro ingkang gadhah pangkat se-langit. Keranten damel menopo putro sugih, pinter, berpangkat lan gadhah jabatan, nanging piyambakipun sedoyo mboten sholih. Keranten menikolah, kata kuncinipun inggih meniko anak sholih. Nanging, kangge mujudaken lare ingkang sholih, tamtu sanes perkawis ingkang gampil. Ingkang kedah dipunwigatosaken inggih meniko:

Bacaan Lainnya

Nomer sepindah: Keluwarga inggih meniko hal utami lan ing ndalem mujudaken lare sholih. Sampun ngantos ngremehaken peran keluwarga.

Lare ingkang sholih lan sholihah, mesthi mboten luput saking pendidikan keluwarga wiwit alit kados dipunlampahaken Nabi Ibrahim lan Siti Hajar. Kekalihipun usaha mbentuk karakter Ismail kados mekaten.

Piyambakipun mucalaken pendidikan agami ing Ismail wiwit alit. Meniko sami kaliyan dawuhipun kanjeng Nabi SAW ing ndalem mucal lare-lare muslim: didiklah lare-lare sampeyan ing tigang prakawis: nresnani Nabinipun sampeyan, nresnani ahlu baitipun lan maos al-qur’an. (hr. tabrani).

Lan Sahabat Ali nate matur:

ْعَلِّمُوْا اَوْلَادَكُمْ فَاِنَّهُمْ مَخْلُوْقُوْنَ فِي زَمَانِ غَيْرِ زَمَانِكُم

Artosipun: Didiklah putra-putri siro kabeh amargi dheweke kabeh gesang ing jaman ingkang mboten sami kaliyan siro kabeh.

Salah setunggal pondasi pokok kangge lare inggih meniko mucalaken lare kangge mboten nyekutoaken Allah SWT. Kados nasihat Luqman dhateng putranipun,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait