Khutbah Jumat Setelah Hari Raya Idul Adha: Teladan Nabi Ibrahim Dalam Mendidik Anak (B. Jawa)

ilustrasi teladan nabi ibrahim
ilustrasi teladan nabi ibrahim

 وَإِذْ قَالَ لُقْمَانُ لِابْنِهِ وَهُوَ يَعِظُهُ يَا بُنَيَّ لَا تُشْرِكْ بِاللَّهِ ۖ إِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيمٌ

Artosipun: “Lan (elingo) nalika Luqman ngomong marang putrane, nalika dheweke menehi wulangan marang putrane, ‘Wahai anakku! Siro ojo nyekutokne Allah, sabenere nyekutokne (allah) yaiku bener-bener kezhaliman kang gedhe.” QS. Luqman Ayat 13)

Bacaan Lainnya

Jamaah ingkang dipun Rahmati Allah

Kaping kalih, maringi keteladanan (uswah) ing putra-putri kito. Keteladanan inggih meniko dakwah ingkang manjur sanget ing ndalem ngarahaken lare. Kelawan teladan ingkang diketingalaken saben dinten, mila ingkang mekaten meniko saged mengaruhi putra-putri kito.

Keluwarga ingkang maringi contoh jujur lan kedermawanan saged mengahuri dhateng putra-putri kito. Sa-wangsulipun, keluwarga ingkang paring contoh kedustaan lan kebakhilan mila lare meniko bakal nyontoh kados mekaten.

Keranten meniko, Abdullah Nasih Ulwan lebeting kitob Tarbiyatul Aulad, ngutip syair Abul Aswad Adduwali ingkang nglontaraken kecaman kangge guru utawi tiyang sepuh ingkang tindak-tandukipun bertentangan kaliyan ucapanipun:

Wahai wong kang mulang wong liya

geneya sampeyan ora uga rumangsani awakmu dhewe.

Sampeyan terangake macem-macem obat nggo kabeh lelara ben kabeh kang lara mari.

Sedangkan sampeyan dhewe ditimpa lara.

Obatilah awakmu dhisik. banjur cegaho ben ora nular ing wong liya

Karo mangkono, sampeyan yaiku termasuk wong kang bijak.

Apa kang sampeyan nasihatke arep dheweke kabeh trima lan tumuti, elmu kang sampeyan ajarke bakal manfaat kanggo dheweke kabeh.

Jamaah ingkang minulyo

Kaping tiga ngempalaken putra putri kito kaliyan konco-konco ingkang nggih utawi kanca ingkang sholih utawi sholihah. Almarhum KH. Abdul Muchith Muzadi, tansah paring nasihat dhateng tiyang-tiyang bilih: langkung sae sekolah ingkang berakhalkul karimah sanadyan ‘mboten bermutu’ daripada ‘bermutu’ nanging mboten berakalakul karimah.

Jamaah shalat jemuwah rahimakumullah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait