Khutbah Jumat Menyambut Tahun Baru Hijriyah: Menguliti Diri di Akhir Tahun Hijriyah (B. Jawa)

Ilustrasi Muhasabah
Ilustrasi Muhasabah

Lantaran ayat meniko, Allah badhe nedahaken dhateng hamba-ipun menawi Allah buka lawang pangapuro dhateng hamba-hamba-ipun. Amargi, mboten mungkin raosipun bilih Allah ngutus hamba-ipun taubat, sawentawis piyambakipun nutup lawang pangapuro.

Wondene ingkang dipunmaksud kaliyan taubat nasuha inggih meniko taubat ingkang dipunlampahaken kelawan semaksimal mungkin, artosipun mboten setengah-setengah, mboten namung dolanan. Artosipun dinten meniko kito taubat, benjing kito dosa malih, benjing taubat malih, lan salajengipun.

Bacaan Lainnya

Kekait taubat nasuha, para ulama merinci sacacah syarat supados taubat dipuntampi Allah SWT.

Sepindah, inggih meniko niat kito taubat kedah tulus lan ikhlas, sanes amargi kajeng dipuji tiyang, utawi namung amargi kajeng ketingal saleh lan religius. Keranten, taubat meniko kedah dipunbangun inggil niat ingkang lurus, saestu ngarep-arep rida lan ampunan-ipun.

Kaping kalih, nggetuni lampahan dosa ingkang sampun dipunlampahaken. Ing ngrikilah susahipun taubat dhateng Allah, amargi manah kito asring susah dipun-ajak nggetuni lampahan lepat ingkang sampun dipunlampahaken. Kados pundi kito ajeng taubat kelawan temenan bilih manah kito mboten getun, utawi mboten ngakeni kelepatan.

Kaping tiga, syarat taubat nasuha inggih meniko mendhelaken semampu mungkin sedaya dosa, nggih alit utawi ageng. Keranten mboten wonten dosa alit bilih dipunlampahaken kaliyan terusan, lan mboten wonten dosa ageng bilih dipuntumuti kaliyan taubat.

Hadirin jamaah jumah rohimakumullah..

Mila sesarengan kaliyan bibaripun warsa 14…… Hijriyah meniko, sumonggo kito introspeksi lan nata manah, angen-angen. Sumonggo resiki badan, jernihaken manah kelawan taubat.

Kito sambut masa ngajeng lan warsa mangke kaliyan langkung optimis. Insyaallah, lantaran taubat lan usaha wangsul dhateng tuntunan Allah, jiwa, akal, keturunan, lan banda kito badhe dipun jagi lan gesang kito langkung ketata.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait