Khutbah Jumat Tentang Erupsi Gunung Semeru PDF: Sabar dan Ulurkan Bantuan (B. Jawa)

awan panas gunung semeru
Awan Panas Gunung Semeru

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

اَلْحَمْدُ للهِ حَمْداً يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِي لِجَلَالِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِك. سُبْحَانَكَ اللَّهُمَّ لَا أُحْصِي ثَنَاءً عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِك.

وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَه، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُه. خَيْرَ نَبِيٍّ أَرْسَلَه. أَرْسَلَهُ اللهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيرْاً وَنَذِيْراً. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَاماً دَائِمَيْنِ مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن.

Bacaan Lainnya

أَمَّا بَعْدُ فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اصْبِرُوا وَصَابِرُوا وَرَابِطُوا وَاتَّقُوا اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ

Maasyiral muslimin rahimakumullah

Miwiti khutbah jemuwah ing siyang dinten ingkang kebak berkah meniko, khatib ngajak jamaah sami, saha dhiri khatib pribadi, kangge senantiasa ningkataken takwa dhateng Allah, takwa lebet artos nglampahaken sedaya perintah-ipun lan nebihi sedaya larangan-ipun.

Kelawan raos takwa ingkang kita rumat wujudipun lebet dhiri lan lampahan kita, Ingsya Allah kita sedoyo bdhe angsal jalan keluar ing saben masalah gesang meniko, lan Allah dugikaken rezeki ingkang mboten nate kita sangka-sangka.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Akhir-akhir meniko kita kathah mireng, malah ngalami langsung bencana lan fenomena alam. Nembe mawon tanggal 21 november 2022 sadherek kita ing Cianjur Jawa Barat diguncang lindhu ngantos mejahi atusan tiyang lan ngancuraken puluhan ewu bangunan.

Duka cianjur dereng bibar, Allah wangsul ngetingalaken Kuasanipun lewat gunung semeru ing lumajang ingkang bledhos tanggal 4 desember 2022. Pinten-pinten bencana ingkang kedados ing antawising kita tamtu sakedhik kathah ndadosaken kekhawatiran lebet dhiri kita. Mugi-mugi lingkungan kita dipunjagi Allah saking musibah malapetaka.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait