Khutbah Jumat Tentang Erupsi Gunung Semeru PDF: Sabar dan Ulurkan Bantuan (B. Jawa)

awan panas gunung semeru
Awan Panas Gunung Semeru

Atas musibah ingkang ndhawahi sadherek-sadherek kita, sampun sepatutipun kita mengulurkan bantuan dhateng piyambakipun sedaya, saget arupi tenaga utawi banda dunya.

Sanadyan kita mboten nate tepang, nanging ing hakikatipun kita sami inggih meniko sadherek, sadherek lebet agami, sadherek lebeting bernegara, ugi sadherek lebet kemanungsan. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam nate dawuh, “Wong mukmin kalih mukmin sanesipun kados setunggal bangunan, setunggal kalih sanesipun saling nguataken.”

Bacaan Lainnya

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Selain maringi bantuan tenaga lan banda, kita ugi perlu ndonga kangge sadherek-sadherek kita supados dipun paringi kekiyatan lahit batin lan kesabaran ing dalem nampi musibah-musibah meniko.

Sifat sabar gadhah peran penting sanget dhateng tiyang mukmin. Tanpa raos sabar, salah setunggaling tiyang ingkang kedhawahan musibah mboten badhe segan-segan maidu utawi nyalahaken takdir Allah ingkang sampun dipuntetepaken.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Sifat sabar ing dalem ngadepi musibah inggih meniko cerminan saking ketulusan manah setunggaling tiyang mukmin ing ndalem ngawulo dhateng Allah subhanahu wa ta’ala.

Amargi, menawi setunggaling tiyang sampun saestu ikhlas lan Rida kaliyan sedaya ketentuan ingkang sampun dipuntakdiraken dening Allah, mila sae lan awonipun badhe dipuntampi kelawan sabar lan kesadaran bilih sedaya meniko suratan takdir. Hal meniko nate dipundawuhaken dening Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, piyambakipun ngendika:

 عن أبي سعيد الخدري -رضي الله عنه-، عن النبي -صلى الله عليه وسلم-أنّه قال: (ما يُصِيبُ المُؤْمِنَ مِن وصَبٍ، ولا نَصَبٍ، ولا سَقَمٍ، ولا حَزَنٍ حتَّى الهَمِّ يُهَمُّهُ، إلَّا كُفِّرَ به مِن سَيِّئاتِهِ). رواه مسلم

“Oraa siji muslim tertimpa siji kesusahan, utawa penyakit, utawa kekhawatiran, utawa kesedihan, utawa gangguan, malah duri kang melukaine ananging allah arep mbusek kesalahan-kesalahane jalarane.” (hadits riwayat imam muslim)

Jamaah ingkang dirahmati allah, saking hadits ingkang dipunwaosaken kala-wau, kita saget mendhet faedah bilih sabaripun tiyang mukmin dhateng saben menopo-menopo ingkang mboten ngremenaken mongko bahde dipun ijoli ganjaran dening Allah subhanahu wa ta’ala, kaliyan ganjaran rupinipun dipunbusek dosa-dosanipun.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait