Khutbah Jumat Tentang Erupsi Gunung Semeru PDF: Sabar dan Ulurkan Bantuan (B. Jawa)

awan panas gunung semeru
Awan Panas Gunung Semeru

Kelawan jaminan kasebat, kedah kita sadari menawi saben perkawis ingkang awon lebet kacamripat manungsa, dereng tamtu awon menggahipun Allah. Bakal wonten konsekuensi lan wangsulan dhateng musibah ingkang kita alami, mila perlu sanget kita latihan kangge ngentengaken sedaya permasalahan kita.

Ing dalem hadits lintunipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam matur:

Bacaan Lainnya

 عَنْ أَنَسِ بْنِ مَالِكٍ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ عَنْ رَسُولِ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ: (إِنَّ عِظَمَ الْجَزَاءِ مَعَ عِظَمِ الْبَلَاءِ وَإِنَّ اللَّهَ إِذَا أَحَبَّ قَوْمًا ابْتَلَاهُمْ فَمَنْ رَضِيَ فَلَهُ الرِّضَا وَمَنْ سَخِطَ فَلَهُ السُّخْطُ

Diriwayatkan saking anas bin Malik radhiyallahu ‘anhu, saking Rasulullah Shallallahu ‘alaihi Wasallam bersabda: “Sabenere gedhene ganjaran iku podo karo gedhene cobaan. lan sabenere menawa Allah nresnani siji kaum niscaya Allah arep menehake cobaan marang dheweke kabeh. Mula sapa wae kang Rida, mula Allah arep Rida karo dheweke. lan sapa wae kang ora rida, mula Allah uga ora rida marang dheweke.” (hadits riwayat imam al-tirmidzi)

Maasyiral muslimin rahimakumullah

Sanadyan allah subhanahu wa ta’ala maringi coban dhateng kita, Allah mboten badhe maringi ujian kelawan ujian ingkang ngelewati kemampuan kita. Hal meniko sampun Allah sebat lebeting al-qur’an surah al-baqarah ayat 286:

 لَا يُكَلِّفُ اللَّهُ نَفْسًا إِلَّا وُسْعَهَا ۚ

“Allah ora membebani sijine wong kecuali sesuai karo karo kesanggupane.”  (qs al-baqarah: 286)

Saking ayat kasebat, kita kedah yakin bilih ujian rupinipun musibah ingkang ndhawahi setunggaling tiyang mukmin mboten bakal nglangkungi kesanggupanipun. Pramila, tetep optimis utawi yakin bilih pertolongan bakal dugi dhateng kita ing kala kesisahan lan musibah murugi kita.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait