Ing malem tahun baru, kathah tiyang sasampunipun wekdal isyak nuju dhateng panggenan-panggenan keramaian ngentosi duginipun malem panggantosan tahun.
Saperangan ageng nikmati pinten-pinten hiburan lan nongkrong dumugi jam 02.00 enjing. Saperangan malih terus lajeng ngantos enjing. Saperangan wonten ingkang nglampahaken maksiat awrat kados ngombe khamr lan zina, nanging wonten ingkang namung gineman lan minum-minum ngantos enjing.
Wonten semanten jam ical tanpa angsal bab ingkang gadhah makna kejawi raos remen. Saleresipun meniko rugi sanget, utaminipun ingkang nglampahaken dosa ageng ing dalu panggantosan tahun baru.
Perlu dipunemut-emut, sepertigo dalu pungkasan inggih meniko wekdal ingkang aos sanget. Estu rugi sanget menawi ing wekdal ingkang aos sanget meniko salah setunggaling tiyang malah nyia-nyiaaken, menopo malih dipunangge maksiat.
Terkait berharganipun wekdal sepertiga dalu pungkasan meniko sampun jelentreh dhateng hadits-hadits.
Saking jabir bin ‘abdillah, rasulullah ﷺ bersabda,
إِنَّ فِى اللَّيْلِ لَسَاعَةً لاَ يُوَافِقُهَا رَجُلٌ مُسْلِمٌ يَسْأَلُ اللَّهَ خَيْرًا مِنْ أَمْرِ الدُّنْيَا وَالآخِرَةِ إِلاَّ أَعْطَاهُ إِيَّاهُ وَذَلِكَ كُلَّ لَيْلَةٍ
“Sabenere ing wengi dina bener-bener ana siji wayah kang oraa siji muslim nyuwun marang Allah kabecikan, terkait urusan donya utawa akhirate sesuai karo wayah kasebut, ananging Allah arep menehake apa kang piyambake nyuwun. Bab iki ana ing saben wengi.” [Hadits riwayat Muslim no. 757]
Saking Abu Hurairah, Rasulullah ﷺ bersabda,
يَتَنَزَّلُ رَبُّنَا تَبَارَكَ وَتَعَالَى كُلَّ لَيْلَةٍ إِلَى السَّمَاءِ الدُّنْيَا حِينَ يَبْقَى ثُلُثُ اللَّيْلِ الآخِرُ يَقُولُ مَنْ يَدْعُونِى فَأَسْتَجِيبَ لَهُ ، مَنْ يَسْأَلُنِى فَأُعْطِيَهُ ، وَمَنْ يَسْتَغْفِرُنِى فَأَغْفِرَ لَهُ
“Pengeran kito tabaroka wa ta’ala mudhun saben wengi menyang langit donya nalika siso sapretelon wengi pungkasan, banjur Allah dawuh, “Sopo kang ndonga ning aku, aku arep mengabulne dongane. Sapa kang nyuwun karo aku, mesthi arep aku awehi. Lan sapa kang nyuwun ampun karo aku, mesthi arep aku ampuni.” [hadits riwayat al-bukhari no. 6321 lan muslim no. 758]
Hadirin rahimakumullah
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..