Evaluasi Tahun Kemarin Perbaiki Tahun Ini, Khutbah Jumat Terbaru Muhasabah Awal Tahun (B. Jawa)

Ilustrasi Muhasabah
Ilustrasi Muhasabah

Lebeting al-qur’an, perintah supados takwa dhateng Allah Swt kathah sanget. Perintah meniko ugi kathah ingkang dipunsandingaken kaliyan pinten-pinten perintah kangge terus merkiyat dhiri lebeting ngibadah lan nyaketaken dhiri dhateng Allah SWT. Ing antawisipun kados dipunsebataken lebet serat al-Hasyr Ayat 18:

 يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌۢ بِمَا تَعْمَلُونَ

Bacaan Lainnya

Artosipun: “Wahai wong-wong kang beriman! Takwaho marang Allah lan supoyo saben wong merhateake opo kang wis dilakoni kanggo dino sesuk (akhirat), lan takwaho marang Allah. Tenane, Allah moho teliti karo apa kang siro kerjakake.”

Ayat meniko ngemutaken kito kangge senantioso taqwa dhateng Allah ngiras terus nglampahaken evaluasi, muhasabah utawi introspeksi dhiri kaliyan sumerep menopo ingkang sampun kito lampahaken ing mongso kapungkur lan nyiapaken mongso ingkang badhe kalampah supados langkung sae tinimbang dinten meniko.

Lampahan meniko saged dados wujud syukur atas karunia ingkang sampun dipunparingaken Allah dhateng kito. Amargi kito taksih dipunparingi kesempatan kangge gesang ing donyo meniko ngantos awal tahun meniko.

Mugi-mugi kelawan syukur meniko, nikmat Allah ajeng terus dipuntambah dhateng kito rupinipun karunia dipanjangkan umur kito dening Allah sehinggo kito saged terus ngibadah lan lampah sae lebet gesang ing donya.

Ma’asyiral muslimin jamaah shalat jemuwah rahimakumullah,

Lebet ayat meniko ugi dipunsebataken bilih kelebet tiyang-tiyang ingkang takwa inggih meniko tiyang ingkang tansah ngitung lampahanipun piyambak, menopo cocog kaliyan wucalan agami menopo mboten. Sehinggo bilih kito langkung kathah nglanggar larangan Allah, mila kedahipun kito usaha nutupi kaliyan amal-amal saleh.

Ayat meniko ngutus manungso supados tansah mawas dhiri, memperhitungkan sedoyo ingkang sampun lan ajeng dipunlampahi saderengipun Allah ngitung ing akhirat mangke.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait