Evaluasi Tahun Kemarin Perbaiki Tahun Ini, Khutbah Jumat Terbaru Muhasabah Awal Tahun (B. Jawa)

Ilustrasi Muhasabah
Ilustrasi Muhasabah

Ayat meniko nggih ditutup kaliyan setunggaling peringatan kangge bertaqwa wangsul dhateng Allah, keranten Allah sumerep sedoyo ingkang dipun-kerjakaken hamba-hamba-ipun, baik ingkang ketingal utawi ingkang mboten ketingal, ingkang lair utawi ingkang batos, mboten wonten setunggal mawon ingkang luput saking kawruhipun.

Pramila, sebagai insan ingkang taqwa, sumonggo kito senantioso ningali tahun kapungkur lan ngitung, menopo langkung kathah kesaenan ingkang sampun kito lampahaken dipunbanding kaliyan keburukan?

Bacaan Lainnya

Utawi malah sa-wangsulipun, justru kathah perkawis ingkang awon kito lampahaken sehinggo kesaenan kito ketutup dening keawonan? Introspeksi meniko bakal dados modal kangge kito nyiapaken masa depan supados perkawis ingkang awon mboten kedados malih. sehinggo tahun meniko badhe langkung sae daripada tahun ingkang kala-wingi.

Nabi Muhammad Saw ngemutaken dhateng kito sami supados terus nglampahaken perubahan-perubahan tumuju kesaenan sehinggo dados tiyang-tiyang begjo.

Sampun ngantos kito dados tiyang ingkang rugi menopo malih dumugi dados golongan tiyang ciloko keranten mboten nyiapaken masa ngajeng dhateng arah ingkang langkung sae:

 مَنْ كَانَ يَوْمُهُ خَيْرًا مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ رَابِحٌ . وَمَنْ كَانَ يَوْمُهُ مِثْلَ أَمْسِهِ فَهُوَ مَغْبُوْنٌ . وَمَنْ كَانَ يَوْمُهُ شَرًّا مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ مَلْعُوْنٌ

Artosipun: “Barang sopo dino iki luwih apik soko dino wingi, dheweke kagolong wong kang untung, barang sopo kang dino iki podho karo dino wingi dheweke kagolong wong kang rugi lan barang sopo kang dino iki luwih olo soko dino wingi dheweke kagolong wong kang ciloko,” (HR. Al Hakim).

Ma’asyiral muslimin jamaah shalat jemuwah rahimakumullah,

Sampun wancinipun ing awal tahun meniko kito ugi ngamalaken pesen Khalifah Umar bin Khatthab:

 حَاسِبُوا أَنْفُسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُوْا

Artosipun: “Itung-itungo siro sadurunge siro dihitung,”

Dalam hal meniko, kenging menopo Sayyidina Umar nilai menawi evaluasi dhiri langkung awal bakal nguntungaken kito ing gesang mangke?

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait