Download Khutbah Jumat Ramadhan Bahasa Jawa 10 Menit: Siapkan Mental dan Fisik Jelang Ramadhan

Ilustrasi Menyambut Ramadhan
Ilustrasi Menyambut Ramadhan

مَـنْ فـَرِحَ بــِدُخُوْلِ رمضانَ حَرَّمَ اللهُ جَسَدَهُ عَلىَ النِّيْرانِ

Sing sopo wonge bungah sebab tekane wulan Ramadlan, mangka Allah ngaramake jasade wong kui sangka siksa neraka”

Bacaan Lainnya

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Kanjeng Nabi Muhammad SAW, wonten akhir bulan sya’ban, biasanipun ndawuh aken:

يـا أَيـُّهـَا الـنَّـاسُ قَــدْ أَظَـلَّــكُـمْ شَــهْـرٌ عَـظِــيْـمٌ مُـبــارَكٌ ، شَــهْـرٌ فِــيْـهِ لـَـيْـلَـةُ الْــقَــدْرِ خَـيْـرٌ مِـنْ ألــفِ شَــهْـرٍ ، جَـعَـلَ اللـهُ صِـيـَـامَـه فَـرِيـْـضَـةً ، وقـيــامَ لَـيْـلِـهِ تـَطَـوُّعـًا . مَـنْ تَـقَــرَّبَ فـيـه بـِخَـصْـلَـةٍ مِـنْ خِـصـَـالِ الْـخـَيْر كَانَ كَـمَـنْ أَدَّى فـَريــضَـةً فِـيـمـا سِـوَاهُ . ومَـنْ أَدَّى فـَريــضَـةً كَان كَـمَـنْ أَدَّى سَـبْعِـيْـنَ فَـرِيـْـضَـةً فـيـمـا سـواه ، هُـوَ شَــهْـرُ الـصَّــبْـرِ ، و الـصَّــبْـرُ ثـَواَبـُه الـجَـنّة ، وَشَـهْــرٌ الـمُـواسـاةِ وشـهــرٌ يـُــزَادُ فـيـه الـرِّزْقُ

He poro manungso, temenan bakal tumeko sawijining wulan kang agung, kang dibarokahi, kang mayungi marang siro kabeh, yoiku wulan Ramadhan, ing wulan Ramadhan kuwi ana sawijining wengi kan diarani Lailatul Qadar, kang kautamane ngungkuli sewu wulan, Allah wis majibake poso ing sasi kuwi, lan disunatake shalat wengi ing sasi kuwi, sing sopo wonge taqarrub ngibadah amrih caket marang Allah, ana ing sak sejerone wulan mau, kelawan ngamal ngamal ibadah sunnah mangko koyo nindakake ibadah fardlu ing sak jerone sasi liyane, Lan sing sopo wongwe ngibadah fardlu siji ing wulan Ramadhan, mangka koyo koyo ngibadah pitung puluh fardlu ing sasi liyane. Lan sasi Ramadhan iku sasi sabar, dene sabar iku ganjarane swargo, Ramadhan iku sasi kang kanggo asih asihan, Lan sasi Ramadhan iki mangsane ditambahi peparinge rizki” (HR.Ibnu Khuzaimah, lan Baihaqi).

Saget dipun simpulaken, saking welasipun dateng kitho, wonten wulan Ramadhan Gusti Allah paring obral ganjaran. Ibadah Sunah dipun tikel-tikelaken ganjaripun kados ibadah fardhu. Ngelakoni ibadah fardhu ganjare ditikel-tikelaken ngantos ping pitungpuluh (70).

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait