Download Khutbah Jumat Ramadhan Bahasa Jawa 10 Menit: Siapkan Mental dan Fisik Jelang Ramadhan

Ilustrasi Menyambut Ramadhan
Ilustrasi Menyambut Ramadhan

Semanten agung kanugrahan peparingipun Allah ingkang kaparingaken ing sak lebetipun wulan Ramadlan, tentu eman sanget tumrap tiyang mukmin menawi ngantos mboten nampi lan nanggapi kanugerahan ageng paringipun Allah menika.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Bacaan Lainnya

Gegayutan kalihan persiapan kitho sedoyo kagem menyambut bulan ingkang mulyo meniko, Syaikh Abdul Qodir al-Jaelani wonten kitab al-Ghuniyah ndawuhaken, supados kitho ngatah-ngatahkan istighfar, taubat, nyuwun pangapunteng dateng Allah SWT. Imam al-Ghazali wonten kitab Minhajul Abidin, ndawuhaken, bilih diantara fungsi taubat meniko wonten kalih.

Sepisan; Supoyo diparingi enteng/akas nindakaken ibadah. Langkung-langkung wonten ing wulan ramadhan, kitho sedoyo tansah kepengin saget enteng, akas, soho rikat anggen ibadah kranten agengipun fadhilah wulan ramadhan meniko.

Kapindo, faedahe taubat, nyuwun pangapunten dateng Allah lan ugi nyuwun pangapuro karo sepodo-podo, supoyo ibadahe dewe ora muspro alias kersane ibadah kitho dipun tampi deneng Allah SWT. Imam al-Ghazali paring gambaran mekaten, wong ngibadah nanging ora gelem tauabat, podo karo nyuguh daharan/minuman dateng dayoh/tamu, terus daharan/minuman meniko ketetesan kringet utowo kotoran sanesipun. Menopo tamu meniko purun dahar utawi ngunjuk daharan/minuman ingkang ketetesan kringet utawi kotoran kalowau? Tamtu kemawon, mboten. Semanten ugi, menawi kitho ibadah langkung-langkung wonten saklebetipun wulan ramadhon, menawi mboten dipun rumiyini kalian taubat, tangeh lamun menawi dipun tampi deneng Allah SWT.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait