Khutbah Jumat Menjelang Puasa Ramadhan PDF: Sambut Ramadhan dengan Gembira (B. Jawa)

Ilustrasi Bulan Suci Ramadhan
Ilustrasi Bulan Suci Ramadhan

TEKS KHUTBAH JUMAT 1

الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ، وَبِفَضْلِهِ تَتَنَزَّلُ الْخَيْرَاتُ وَالْبَرَكَاتُ، وَبِتَوْفِيْقِهِ تَتَحَقَّقُ الْمَقَاصِدُ وَالْغَايَاتُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَّ بَعْدَهُ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى

Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Bacaan Lainnya

Sampun semestinipun kita senantiasa bersyukur dhateng Allah SWT ingkang sampun paring kenikmatan arupi nikmat Iman, nikmat Islam lan nikmat kecukupan sehingga kita sami saged nglampahaken kewajiban sholat jum’at kanthi kawontenan sehat wal afiyat.

Pramila, sumangga kita sareng-sareng ningkataken kadar keimanan lan ketaqwaan kita dhateng Allah SWT. Amargi, kaliyan berbekal takwallah ingsya allah kita badhe wilujeng ing donya ngantos ing akhirat mangke.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Ketakwaan piyambak inggih punika tujuwan ngiras buah saking lampahan ibadah siyam ingkang sekedhap malih kita badhe lampahi. Allah subhanahu wa ta’ala berfirman lebet QS al-Baqarah: 183:

 يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ ٱلصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى ٱلَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُم تَتَّقُونَ

Artosipun : “Hai wong-wong kang podo Iman, diwajibake inga tase siro kabeh poso koyo dene kang diwajibake marang wong-wong sadurunge siro kabeh ben siro kabeh podo takwa.”

Maasyiral muslimin rahimakumullah,

Ayat punika saged dados sarana introspeksi dhiri kaliyan kualitas ibadah siyam Ramadhan ingkang sampun kita lampahi. Bilih kita nggadhahi kualitas siyam ingkang sae, mangka buah ketakwaan bakal ngiasi gesang kita minimal salami setahun punika. Inggih punika ajrih kangge nilaraken perintahipun Allah lan senantiasa nebihi larangan Allah lebet gesang punika.

Nanging sa-wangsulipun, bilih salami gesang punika tansah nyepelekake dhateng perintahipun Allah lan kita mboten rumaos gadhah lepat lan dosa nalika nilar perintah Allah, mila kita mboten bakal angsal buah ketakwaan saking siyam.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait