Khutbah Idul Fitri NU Terbaru PDF Singkat: Hari Raya Orang Yang Syukur dan Sabar (B. Jawa)

Ilustrasi Sholat Ied
Ilustrasi Sholat Ied

Peparing arupi iman, islam, paseduluran, guyub, rukun lan tulung-tinulung meniko setengah saking nikmat agung ingkang sering kito laliaken. Sejatine nikmat kasebat niku kedah disyukuri kanti tindak lampah ingkang sae, ngabekti dumateng perintah Gusti Allah lan dawuh Rasulullah.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

Bacaan Lainnya

Maasyiral Muslimin Rahimakumullah

Poso Ramadhan ngelatih kito supados dados tiyang ingkang syukur lan sabar; Syukur saget ngeraosaken nikmate buko poso nalikane dumugi maghrib; Sabar saget ngeker dahar nginum, serto sedoyo perkawis ingkang saget mbatalake poso. Sabar meniko sampun disebataken wonten surat Al-Baqarah ayat 153:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ

Artosipun: Hei wongkang podo iman, amrih pitulungo siro kabeh (dumateng Gusti Allah) kelawan sifat sabar lan shalat, saktemene Gusti Allah sertane wongkang podo sabar.

Ayat meniko negesaken bilih wongkang podo Iman dipun perintah nyuwun pitulung Gusti Allah supados diparingi sifat sabar ingatase nebihi pendamelan maksiat, duso, lan sedoyo cubo ingkang tumibo. Lan dipun paringi ajeg shalat amergi saget nyegah tindak lampah awon. Ringkese, tiyang ingkang ngelampahi sabar disarengi pitulunganipun Allah.

Lajeng ayat babakan syukur dipun sebataken wonten surat Luqman, ayat 12:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait