Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa Terbaru PDF: Jaga Kerukunan, Perkuat Persaudaraan

foto jamaah sholat idul fitri
Foto Jamaah Sholat Idul Fitri

Dalil-dalil ingkang kasebat maringi kito pengaweruh bilih Gusti Allah lan Rasulullah merintahaken dumateng kito sedoyo supados njagi kerukunan, kompak serto nebihi perkawis ingkang nyebabaken pisah, persulayan.

Ananging lamun persulayan mboten saget dipun tebihi, mongko dipun saranaken pados titik persamaane, sanes persulayane. Kranten persulayan saget nyebabaken pisah antawisipun umat Islam.

Bacaan Lainnya

Cita-cita kito sedoyo nggayuh rukun, guyub saget dipun wujudaken milai saking kito piyambak, lajeng dipun contohaken dumateng putro wayah, lan masyarakat. Sinaoso mekaten kito ampon rumongso putus asa, kranten ngawali perkawis ingkang sae kedah sabar, nindakaken akhlakul karimah lan telaten.

Wonten kitab Mu’jam Al-Kabir anggitanipun Imam Tabrani nyebutaken:

وروى الطبراني في «الكبير» عن ابن عمر عن النبي – ﷺ – قال: «خَيْرُ النّاسِ أحْسَنُهُم خُلُقًا

Artosipun: Saking Ibn Umar saking Kanjeng Nabi, panjenenganipun ngendiko: sak apik-apike menungso yoiku sing paling apik akhlake

اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَر وَللهِ الْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah

Dinten ingkang katah keberkahan meniko ampon ngantos kito gunaaken pamer babakan dunyo, sehinggo nyebabaken tiyang lintu minder lan iri. Kranten sejatine riyadin niku sanes enggale ageman utawi pakaian, ananging raos takwo dumateng Gusti Allah ingkang soyo tambah.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait