Khutbah Jumat Bahasa Jawa PDF NU Online: Menjadi Pemimpin Yang Adil

ilustrasi pemimpin yang adil
ilustrasi pemimpin yang adil

Ananging, ingkang kedah kita eling-eling, bilih sejatosipun kita sedaya niki, kalebet tiyang ingkang sampun terpilih dados pemimpin. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:

 أَلَا كُلُّكُمْ رَاعٍ وَكُلُّكُمْ مَسْئُولٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ

Bacaan Lainnya

Artosipun: “Eling-eling, utawi sira kabeh iku pemimpin. Lan sira kabeh bakal dijaluki pertanggungjawaban saka (perkara/umat) kang den pimpin… ” (HR Bukhari)

Hadits ingkang sampun kasebat menika, maringi paneges bilih sejatosipun kita sedaya menika pemimpin. Sae niku menawi kita dados pejabat, pemimpin perusahaan, utawi paling mboten, menawi kita dados pemimpin keluarga, mangka kita bakal dijaluki pertanggungjawaban ing dalem mimpin keluarga kita.

Wonten ing Surah An-Nahl ayat 90, Allah swt ugi sampun paring pepenget maring kita sedaya:

 اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاۤئِ ذِى الْقُرْبٰى وَيَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ 

Artosipun: “Setuhune Gusti Allah iku maringi perintah (sliramu supaya) adil lan gawe becik. Aweh (sedekah) maring kerabat lan nyegah saking perkara kang ala (zina), munkar, lan lacut. Allah ta’ala mituturi sira kabeh, supaya sira kabeh pada eling,” (QS An-Nahl : 90)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait