Khutbah Jumat Bahasa Jawa PDF NU Online: Menjadi Pemimpin Yang Adil

ilustrasi pemimpin yang adil
ilustrasi pemimpin yang adil

Wonten ing ayat kasebat, dipun perintah supados kita nindhaake laku adil. Ing ndalem ajaran Agami Islam, adile pemimpin menika dados perkara ingkang supados digatekake.

Sebab adile pemimpin, bisa mbeta maslahat kang gedhe marang umate. Pramila, Gusti Allah ngalem marang pemimpin ingkang adil. Dhawuhipun Kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken saking Imam Tirmidzi:

Bacaan Lainnya

 إِنَّ أَحَبَّ النَّاسِ إِلَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَأَقْرَبَهُمْ مِنْهُ مَجْلِسًا إِمَامٌ عَادِلٌ وَإِنَّ أَبْغَضَ النَّاسِ إِلَى اللهِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَأَشَدَّهُ عَذَابًا إِمَامٌ جَائِرٌ

Artosipun saking hadist menika, bilih Gusti Allah remen sanget dhumateng pemimpin kang adil. Lan sak wangsulipun piyambakipun paling gething marang pemimpin kang dolim.

Wonten ing hadits sanesipun, Kanjeng Nabi ugi maringi keterangan bilih wonten 7 golongan kang angsal iyup-iyup ana ing dina kiamat. Salah sijine yaiku imam utawa pemimpin kang adil.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait