Khutbah Jumat Singkat Padat Bulan Syawal: Syawal, Bulan Taqarrub Ilallah (Bahasa Jawa)

foto khutbah jumat
foto khutbah jumat

 امْتِثَالُ أَوَامِرِ اللهِ وَاجْتِنَابِ نَوَاهِيْهِ سِرًّا وَعَلَانِيَّةً ظَاهِرًا وَبَاطِنًا

Artosipun: Ngelampahi sedoyo perintahe Gusti Allah lan nebihi laranganipun, samar lan katon, dzohir lan batin

Bacaan Lainnya

Hadirin Ingkang Sami Bahagio

Kedah kito pahami bilih tingkatan takwone tiyang muslim niku bedo-bedo. Takwo ingkang paling duwur tingkatane niku bakal dados penyelamat ing dunyo lan akherat. Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:

وَمَنْ يَتَّقِ اللهَ يُنْجِهِ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ

Artosipun: Lan sopo wonge takwo marang Gusti Allah, mongko Gusti Allah bakal nyelametaken ing dunyo lan akherat

Sakmangke kito sampun mlebet ing wulan syawal ingkang mashur kaliyan kautamaane, salah setunggale nggih meniko poso syawal, ingkang saget dados panggenan muhasabah lan taqarrub ilallah.

Wulan syawal asale saking kata Syala ingkang nggadah arti ningkataken utawi irtafa’a. Tegese ing wulan syawal dados wekdal ingkang sae kagem nguri-nguri, ngelestariaken kualitas ibadah ingkang sakderenge sampun dilampahi ingdalem wulan Ramadhan. Misale sregep shalat wengi / qiyamullail, poso, maos al-Quran, lan sak pitunggalane.

Hadirin Ingkang Minulyo

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait