Katah sanget lelampahan ingkang saget dipun pertahanaken lan ditingkataken ing lebete wulan Syawal supados wulan lintune saget istiqomah anggenipun ngelampahi ibadah lan kesaenan. Ampun ngantos wulan Syawal dados wulan penurunan kualitas ibadah, aras-arasen taqarrub ilallah, lan remen ngelampahi maksiat.
Pramilo, kito kedah nggadah niatan sae lan kuat njogo amal ibadah, sebab tiyang ingkang berjuang njogo ibadahe kalebet tiyang ingkang nemen-nemeni utowo jihad ingdalem agomone Gusti Allah. Gusti Allah dawuh ing surat Al-Ankabut ayat 69:
وَالَّذِيْنَ جَاهَدُوْا فِيْنَا لَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَاۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَمَعَ الْمُحْسِنِيْنَ
Artosipun: Lan tiyang-tiyang ingkang berjihad (nemen-nemeni) ingdalem dalan kito, kito bakal nuduhaken marang tiyang-tiyang kolowau ingdalem dalan kito, lan saktemene Gusti Allah sertane tiyang-tiyang ingkang agawe bagus.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..