Khutbah Jumat Bulan Safar Bukan Bulan Sial: Menyalahkan Waktu, Tanggal, Bulan dan Hari (Bahasa Jawa)

ilustrasi bulan safar
ilustrasi bulan safar

Artosipun: “Allah ’azza wa jalla berfirman, ’Ingsun (Allah) dilarani karo anak adam. Dheweke mencela waktu, padahal Ingsun (Allah) yaiku (pengatur) waktu, Ingsun (Allah) lah kang membolak-balik wengi lan awan” (HR. Muslim No. 6000)

Estu, setunggaling tiyang ingkang taksih mawon nyalahaken wekdal gadhah artos piyambakipun nyakiti Allah. Kados pundi setunggaling tiyang mencela wekdal, menawi kenging musibah ing dinten selasa, piyambakipun nyalahaken wekdal bilih dinten Selasa dinten sial.

Bacaan Lainnya

Saget mawon wonten ingkang kedhawahan kasisahan ing tanggal 13, piyambakipun wicanten tanggal 13 sial. Kados pundi kaliyan kita ingkang taksih ngeyakini menawi dinten Rebo pungkasan ing sasi shafar badhe mandhap sakathah 320.000 balak bencana saben warsanipun. Padahal allah berfirman ing lebeting al Qur’an

 وَقَالُوا مَا هِيَ إِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا نَمُوتُ وَنَحْيَا وَمَا يُهْلِكُنَا إِلَّا الدَّهْرُ وَمَا لَهُمْ بِذَلِكَ مِنْ عِلْمٍ إِنْ هُمْ إِلَّا يَظُنُّونَ

Artosipun: “Lan dheweke kabeh ngomong: “Urip iki ora liya namung kauripan ing donya wae, awake dhewe mati lan awake dhewe urip lan ora ana kang arep membinasakan awake dhewe saliyane masa (wayah)”, lan dheweke kabeh sapisan-pisan ora nduweni kawruh tentang iku labeh, dheweke kabeh ora liya namung nebak-nebak wae” (QS. al Jatsiyah [45]:24).

Jama’ah shalat jum’at ingkang dirahmati allah,

Kita sumerep menawi sedaya bentuk musibah ingkang kedados ingkang duginipun saking langit, saking bumi inggih punika amargi ulah lampahan kita piyambak. Kados dawuhipun Allah SWT

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait